Asia Tengah

Asia Tengah iku kawasan kang kakurung dharatan ing bawana Asia.

Akèh makna kang béda-béda ngenani komposisi wewengkon kang sakbeneneré.

Peta lokasi Asia Tengah
Peta lokasi Asia Tengah

Makna

Asia Tengah 
Peta Asia Tengah

Miturut sawijining dhéefinisi, Asia Tengah nyakup watara 9.029.000 km², utawa 21% saka jembaré bawana. Nagara-nagara kang kalebu wewengkon Asia Tengah miturut makna iki yaiku Républik Rakyat Tiongkok (Provinsi Qinghai, wewengkon otonomi Xinjiang lan Tibet), Kazakhstan (wewengkon sisih wétan Kali Ural), Kirgizia, Tajikistan, Turkmenistan, lan Uzbekistan.

Dhéfinisi kapindho uga nyakup wewengkon-wewengkon dhéfinisi kapisan ditambah Azerbaijan-Iran, nagara-nagara Transkaukasus (Azerbaijan, Armenia, lan Georgia), wewengkon Turkic/Muslim kidul Ruslan (Siberia kidul), Mongolia, Tiongkok pérangan kulon (Xinjiang lan Tibet), Afganistan, lan sapérangan wewengkon lor Pakistan.

Dhéfinisi katelu njelasaké wewengkon Asia Tengah minangka tilas nagara Républik-republik Asia Tengah Uni Soviet kang dumadi saka Kazakhstan, Kirgizia, Uzbekistan, Tajikistan, lan Turkmenistan.

Sajarah

Asia Tengah 
Sawiji lukisan abad kaping-9

Ing jaman biyèn, Asia Tengah dipanggoni déning wong normadik kaya:

  • Xiongnu (Hun) lan wong Turkic
  • Yuezhi (Tocharian utawa Kushan), warga Iran, lan kaum Indo-Éropah
  • Mongol

Asia Tengah wis wiwit biyèn dadi wewengkon dagang antara Tiongkok lan masarakat Kulon, kanthi Jalur Sutra ngliwati wewengkon iki lan akèhé karajan ing tlatah iki.

Ing limang abad pungkasan, racaké wewengkon iki dijajah déning Kamaharajan Ruslan lan Karajan Tiongkok, déné Karajan Manunggal ndhudhuki India ing pérangan kidul Asia Tengah. Nalika abad kaping-20, racaké wewengkon ing Asia Tengah minangka péranganing tilas nagara ilèn kuminis Uni Soviet, kang pecah taun 1991. Wewengkon kang ora kalebu yaiku Mongolia lan laladan duwèké Tiongkok kaya Xinjiang. Nagara-nagara mau wis méngo saka sistem kuminis, lan saiki nganut warna-warna sistem pulitik antarané wiwit saka demokratis lemah nganti otoriter banget. Nanging Tiongkok lan Ruslan isih duwé prabawa kuwat sajeroning ngontrol wewengkon iku. Racaké nagara ing Asia Tengah gabung sajeroning Organisasi Kerjasama Shanghai.

Pranala njaba


Tags:

AsiaBawana

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

KalangwanPound sterlingAllahSurinameGunung RaungGunung KlabatSoekarno DjojonegoroWong JawaMikul dhuwur, mendhem jeroRépublik Rakyat CinaRoti asemSukarjo WiryopranotoYovie WidiantoPai flapperPS Barito PuteraWali BandPuputanBromTaylor SwiftRonal SurapradjaHartomoPlutoDrijiWirantoIsraèlRama TambakNorodom SihanoukMa Dong-seokXabi AlonsoPamisahan kakuwasanIranIskak Darmo SuwiryoMilitèrRiauJodoh Wasiat Bapak1346Monumèn NasionalGeorge III saking Britania RayaTèh klawuAgustus 2011Peju1802Blackburn Rovers F.C.Konflik Gaza−Israel 2023Cok SimbaraTim nasional bal-balan IndonésiaLubuk Sikaping, PasamanKanjiPusisi cumbanaPananggalan JawaWayback MachineVicky NitinegoroJeremy ThomasWikiquoteNafa UrbachKilling Me InsideSurat Adh DhuhaKabupatèn KapuasSunan AmpèlGathotkacaIra Maya SophaKartini (filem)Salat awwabinMasjid Agung Jawa TengahBabad SokarajafilsafatLaksaSepasaranNaysila MirdadMasjid Raya MedanDiego CostaTelik sandhiJing Tian🡆 More