Rasul

Cithakan:Aqidah Rasul inggih punika manungsa utusaning Gusti ingkang pikantuk wahyu kanthi syari'at ingkang kedah dipunlampahi.

Wahyu punika kedah dipunwulangaken dhumateg kulawarga saha pendhèrèkipun.

Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rasul
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Rasul yaiku manungsa kang pinaringan wahyu saka Allah ngenani agama lan misiné.

Rasul sajeroning ajaran Islam

Rasul (Arab:رسول Rasūl; Plural رسل Rusul) iku wong kang pinaringan wahyu saka Allah kanthi syari'at lan kapatah supaya ngandaraké lan ngamalaké. Saben rasul mesthi nabi, nanging ora kabèh nabi iku rasul. Dadi cacahing para nabi iku luwih akèh tinimbang para rasul.

Miturut saréngat Islam gunggung rasul ana 312, sarujuk karo kadis kang wis disebutaké déning Muhammad, kang diriwayataké déning At-Turmudzi.

Miturut Kuran Allah wis ngirimaké akèh nabi marang umat manungsa. Rasul duwé tataran luwih dhuwur amarga dadi pimpinan ummat, sauntara iku nabi ora kudu dadi pimpinan. Ing antarané rasul kang duwé jejuluk Ulul Azmi yaiku Nuh, Ibrahim, Musa, Isa lan Muhammad. Para rasul mau diarani duwé tataran paling dhuwur ing anatara para rasul. Rasul paling akèh di utus déning Allah yaiku marang Bani Israèl, wiwit saka Musa nganti Isa lan ing antarané ana sèwu nabi.

Rasul sajeroning Kuran lan Kadis

Saka Kuran lan kadis disebutaké sawatara jeneng nabi sisan rasul, antarané yaiku:

  • Idris diutus marang Bani Qabil di Babul, Iraq lan Memphis.
  • Nuh diutus marang Bani Rasib di wewengkon Selatan Iraq.
  • Hud diutus marang ʿĀd kang manggon ing Al-Ahqaf, Yaman.
  • Shaleh diutus marang kaum Tsamūd ing Ujung Arab.
  • Ibrahim diutus marang Bangsa Kaldeā ing Kallan iyyun Ur, Iraq.
  • Luth diutus marang nagari Sadūm lan Amūrah ing Syam, Palestina.
  • Isma'il diutus marang marang Qabilah Yaman, Mekah.
  • Ishaq diutus marang Kanʻān ing wewengkon Al-Khalil, Palestina.
  • Yaqub diutus marang Kanʻān ing Syam.
  • Yusuf diutus marang Hyksos lan Kanʻān ing Mesir.
  • Ayyub diutus marang Bani Israèl lan Bangsa Amoria (Aramin) ing Horan, Syria.
  • Syu'aib diutus marang Kaum Rass, nagari Madyan lan Aykah.
  • Musa lan Harun diutus marang Bangsa Mesir Kuno lan Bani Israèl ing Mesir.
  • Zulkifli diutus marang Bangsa Amoria ing Damaskus.
  • Yunus diutus marang bangsa Assyria ing Ninawa, Iraq.
  • Ilyas diutus marang Funisia lan Bani Israèl, ing Ba'labak Syam.
  • Ilyasa diutus marang Bani Israèl lan kaum Amoria ing Panyas, Syam.
  • Daud diutus marang Bani Israèlingi Palestina.
  • Sulaiman diutus marang Bani Israèl ing Palestina.
  • Zakaria diutus marang Bani Israil ing Palestina.
  • Yahya diutus marang Bani Israil ing Palestina.
  • Isa diutus marang Bani Israil ing Palestina.
  • Muhammad sawijining nabi & rasul pungkasan kang diutus ing Jazirah Arab marang kabèh umat manungsa lan jin.

Déné Adam lan Syits kang diutus sadurungé mung tataran nabi waé, dudu rasul amarga ora duwé umat utawa kaum lan ora duwé kuwajiban marang menyebarkan risalah kang mereka yakini. Déné Khaḍr sewong nabi kang dianggap misterius, ia ora diketahui luwih lanjut marang kaum apa dia diutus.

Bédané Nabi lan Rasul

Ing ngisor iki prabédan Nabi lan Rasul:

  • Jenjang kerasulan luwih dhuwur tinimbang jenjang kenabian.
  • Rasul diutus marang kaum kang kafir, déné nabi diutus marang kaum kang wis iman.
  • Syari’at para rasul béda antara siji lan liyané , utawa kanthi tembung liya yèn para rasul diutus kanthi ngasta syari’at baru.
  • Rasul pisanan yaiku Nuh, déné nabi kang pisanan yaiku Adam.
  • Kabèh rasul kang diutus, Allah selamatkan saka pacoban diprejaya déning kaumé. Éwadéné nabi, ana kang kasil diprejaya déning kaumé.

Kriteria nabi lan rasul

Diandaraké yèn nabi lan rasul duwé sawatara kriteria kang kudu dikebaki, antarané yaiku:

  • Dipilih lan diangkat déning Allah.
  • Pinaringan mandat (wahyu) saka Allah.
  • Bersifat cerdas.
  • Saka umat Bani Adam (Manungsa).
  • Nabi lan Rasul yaiku wong priya.

Cathetan

Réferènsi

Deleng uga


Tags:

Rasul sajeroning ajaran IslamRasul CathetanRasul RéferènsiRasul Deleng ugaRasulHyangManungsa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

UrkTom HanksInternational Standard Serial NumberTom CruiseHotèlWetengSeni lukisA Cinderella StoryJerman NaziBloggerKalkulusSwasanaRembulanKali BrantasFrans KaisiepoGenosidaCenilAksara CarakanNathan Tjoe-A-OnPétrukKapadhetanHaumeaSlankMedia CirebonJaringsanaKanadhaHappy AsmaraIrakGedhang gorèngWingko babatGFDLPawadonanAfrika KidulAllahPlanètAntivirus komputerMuhammad bin Idris asy-Syafi`iAncient Symbols (blok Unicode)Sistem operasi komputerAndi Alfian MallarangengMarie AntoinetteTèknologi informasiAri SigitRévolusi indhustriOpocznoKevin AprilioBaktèriVictoria saking Britania Raya25 MaretBale Sigala-galaRéaksi kimiaArané pérangan awakPerang ing KurukshetraAbad ping 7AbimanyuVidi AldianoSato kéwanLechonaLee Jong-sukWajikRengginangLayang èlèktronikArkéologiMijilKabupatèn SlémanKembangNyadranSkandiyumTsukasa AoiIqbaal Dhiafakhri RamadhanSukulenSurat As SajdahRaditya Dika🡆 More