Péterséli

Péterséli ya iku tetuwuhan saka kulawarga Apiaceae ⁄ Umbelliferae (kulawarga wortel).

Péterséli
Péterséli
Péterséli
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Apiales
Famili: Apiaceae
Génus: Petroselinum
Spesies
  • Petroselinum crispum
  • Petroselinum crispum var. neapolitanum

Tethukulan kang sinebut Parsley ing basa Inggris iki minangka jejanganan, lan bisa uga kanggo bumbu. Péterséli duwé mupangat kanggo kasarasan. Iki uga duwé praupan kaya déné slédri.

Wedharan

Jenengé saka basa Yunani 'Petroselinum' kang ngacu marang pakulinan uripé ing papan kang akèh watu. Tembung Petros tegese watu. Iki dipitayani asalé saka tlatah Mediterania banjur nyebar ing bawana Eropa. Tethukulan iki bisa tuwuh ing dharatan cendhèk. Wit péterséli tagak lan ana cawang. Iki bisa tuwuh nganti 60 sèntimèter. Oyodé tipis lan vertikal, Wohé wujudé bundher lan wernané klawu kaijonan. Kembangé werna kuning-kaijonan lan bisa malih putih nalika mekrok wutuh. Dheweke duwé 8-20 kelopak. Bibit tuwuhan iki bisa disemai ing lemah langsung nalika pungkasan mangsa adhem  nganti wiwitan mangsa panas. Nalika dideleng, rupané mempèr slédri, ananging ukur godhong péterséli luwih cilik, luwih brintik ananging bonggolé gedhé. Gandané péterséli ora nyengak banget.

Piguna

Wong Yunani lan Romawi kuna migunakaké godhongé minangka panyedhep lan hiasan ing panganan. Péterséli minangka bahan utama kanggo nggawe saos péterséli, campuran salad bahan kanggo sop lan olah-olahan iwak. Godhongé bisa dienggo hiasan lan dipangan langsung.

Godhong péterséli duwé mupangat kanggo antiseptik saluran kemih, anti inflamasi, ngobati saluran pencernaan, hipertensi, lelara jantung. Karotenoid iki kang ngurangi faktor sing ningkatake risiko lelera jantung kayara peradhangan kronis, tekanan getih, lan kolesterol LDL sing dhuwur.

Mupangat liya kaya ta:

  • Ngontrol gula getih. Kandhutan myricetin  ing péterséli bisa mudhunake gula getih lan resistensi insulin. myricetin  uga duwé piguna kanggo andiradhang lan mudhunaké lemak getih.
  • Nyegah watu ginjel
  • Ngatur siklus menstruasi
  • Nyegah kanker
  • Nyegah dhiabetes
  • Ningkatake kesehatan jantung
  • Nyegah peradhangan
  • Nguwatake sistem kekebalan awak
  • Anti inflamasi ing awak
  • Ningkatake kasarasan balung.
  • Mudhunaké risiko ambéyen.

Kandhutan kimia

Péterséli ngandhut energi 50 kilo kalori, protein 3,7 gram, karbohidrat 9 gram, lemak 1 gram, kalsium 193 miligram, fosfor 84 miligram, dan zat besi 4 miligram. Sakliyané iku péterséli uga ngandhut vitamin A 8230 IU, vitamin B1 0,11 miligram lan vitamin C 193 miligram. Péterséli ngandhut  asam askorbat, karotenoid, flavonoid, apiole, senyawa terpenoic, kumarin, fenilpropanoid, ftalida, tokoferol, lan furanocoumarins. Godhongé akèh ngandhut vitamin (A, C, dan K), β-karoten, sarta lutein, zeaxanthin, folat, kolin, niasin, lan asam pantotenat. Sakliyané godhong, perangan oyod iki minangka sumber akèh mineral kaya ta mineral (Ca, K, Mg, B, P, Fe, Na, Zn, F, Mn, lan Se).

Gladri

Kapustakan

Tags:

Péterséli WedharanPéterséli PigunaPéterséli Kandhutan kimiaPéterséli GladriPéterséli KapustakanPéterséliSlèdriTetanduran jamu lan bumbuWortel

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Dhaptar balung rangka manungsaStéphane SessègnonXXX (filem 2002)Tetanduran ngembangBenikTvOneSurat Al 'AlaqAsia-PasifikSurat Al FathAsia Kidul-wétanUdohThe DoorsNorth DakotaBissauAksara PégonSahurGandhokSepi ing Pamrih Ramé ing GawéIwak pitik4 AgustusIndonesiaEncyclopædia BritannicaTawangmangu, KaranganyarKencing ManisKoréa LorLiga Super IndonésiaKapuloan Galapagos994IstanbulTembung katranganJawa TengahIwak EpéShalahuddin al AyyubiKakaisaran OttomanNgilé, Tulakan, PacitanSinomCangkrimanHappy AsmaraSosialismeHatta RajasaPolenAmin al-HusayniEmasAIDS990Blegudreg1550Thelo AasgaardAdipati KoesmadjiMasjid NabawiSurat Al An’amToyotaKartiniAloo mutterDinda KiranaPersik KediriAksara JawaÉjakulasiGarèngPasarékatan Bangsa-BangsaWilliam AndersUdanPitulungKarnaSulawesiYin lan YangPerang StalingradTim nasional bal-balan BrasilMarxismeBudayaLagosJermanAfrodhisiakDewi SandraGlepung🡆 More