Lawa

Megachiroptera Microchiroptera

Lawa
Kalamangsa: Paleosen Akhir-Saiki
Lawa
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Infraklas: Eutheria
Superordho: Laurasiatheria
Ordho: Chiroptera
Blumenbach, 1779
Subordo

Lawa iku mamalia sing bisa mabur, kalebu ordo Chiroptera kanthi loro sikil ngarep tuwuh dadi sewiwi. Lawa lumrahé urip lan némplék ing panggonan-panggonan kang sepi kaya ta gowa, omah kosong. Saliyané iku, lawa uga urip nggantung ing wit-witan. Contoné wit klapa, klapa uga bisa dadi omahé lawa. Lawa lumrahé nyerang wit klapa. Lawa uga bisa nggawé wit klapa mati. Ora mung klapa, lawa uga bisa némplék ing tuwuhan liyané kang duwé woh. Tuwuhan kang kerep ditémpléki lawa ya iku pelem, jambu, rambutan, nangka. Lawa duwé daya penciuman kang apik, saéngga lawa bisa ngerti woh-wohan kang wis mateng wit. Lawa lumrahé mangan woh-wohan kang mateng wit ing wayah bengi.

Dasanama

Lawa duwé akèh jeneng. Wong-wong ing Indonésia pérangan Timur ngarani papunika, punika utawa lawa. Wong Sunda ngarani lalay, kalong, kamprèt. Wong Jawa Tengah ngarani lowo, codhot, kamprét. Suku Dayak ngarani lawa kanthi jeneng hawa, prok, cecadu, kusing utawa tayo. Nanging ana uga kang mbedakaké lawa, codot lan kalong.

Lawa kalebu kéwan kang senengané nggrogoti woh-wohan kang wis mateng. Lawa lumrahé metu yèn wayah bengi.

Daging

Lawa uga kena diolah dadi menu masakan. Codhot utawa lawa goréng uga duwé khasiat kang nambani lelara. Daging lawa bisa dadi tamba lelara asma, gatel-gatel utawa alérgi ing kulit, saliyané iku daging lawa uga bisa kanggo tamba lelara asma. Saiki wis akèh warung-warung dodolan daging lawa. Sadurungé dimasak, daging codhot utawa lawa kudu dipisahké antarané awak lan elar. Kanggo ngilangna wulu-wulu kang alus ing awaké lawa daging iku kudu dibakar. Daging lawa dibakar nganggo areng. Sawisé iku daging lawa banjur dikumbah lan digodhog kurang luwih 30 menit nagnggo areng, banjur daging digoréng. Nanging sadurungé digoréng, daging lawa dibumboni nganggo tumbar, mrica, bawang lan uyah. Sawisé iku daging codhot banjur digoréng saéngga bumbune bisa mresep ing daging lan balungé.

Daging lawa duwé senyawa kitotefin kang bisa nyetabilaké membran sèl mastosit. Lelara asma kang disebabaké alergi uga bisa ditambani nganggo senyawa kitotefin. Daging lawa ngrangsang anané antibodi ing awak. Nalika ntibodi iku némplék ing sél matosit bisa njalari membran dadi pecah. Membran kang pecah bisa mbentuk otot-otot polos saluran nafas saéngga bisa kontraksi.

Kang kudu digatékaké ya iku carané ngolah daging sadurungé dipangan. Yèn ngolahé salah bisa ngrusak kotitefin kang ana ing daging. Carané ngolah ya iku aja kepanasen yèn masak daging lawa. Suhu kang kanggo masak aja nganti punjul 150 drajat Celcius.

Pupuk

Tai lawa bisa dadi pupuk organik kanggo tuwuhan. Pupuk organik iki diprodhuksi indhustri Kalurahan Jurumudi Baru, Kacamatan Benda, Kota Tangerang. Pupuk organik saka kotoran lawa iki akèh diminati masarakat Éropah awit pupuk iki pupuk organik murni kang ora ana bahan kimiané. Pupuk saka kotoran lawa iki cocog kanggo pupuk tuwuhan sayur-sayuran, umbi, rempah-rempah, kebun lan tuwuhan hias. Ing Éropah pupuk iki kangggo nyuburaké tuwuhan ing kebon. Pupuk saka kotoran lawa uga bisa ngrangsang metuné kembang ing tuwuhan.

Klasifikasi

  • Pteropodidae (codhot)
  • Emballonuridae (Lawa buntut-trubus)
  • Megadermatidae (Vampir palsu)
  • Nycteridae (Lawa rai-cekung)
  • Rhinolophidae (Lawa-ladam)
  • Hipposideridae (Barong)
  • Vespertilionidae (Lawa biyasa)
  • Molossidae (Lawa lambé-kriput)

Uga delengen

Cathetan suku

Pranala njaba

Lawa 
Wiki
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Tags:

Lawa DasanamaLawa DagingLawa PupukLawa KlasifikasiLawa Uga delengenLawa Cathetan sukuLawa Pranala njabaLawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Kebayoran Lama, Jakarta KidulGong YooSunan Gunung JatiBillie EilishJalaluddin RumiKiperBasa JawaPusakaUyon-uyonBendiBokongManchester United F.C.Iwak pitikKarnaZona wektuꦠꦠꦃTom CruiseC++Éstlan ing OlimpiadeAngklungLaskar PelangiAfghanistanKalimantanGedhangUkrainaBambang NurdiansyahKutha PekalonganAnang HermansyahAbdul SomadAlfred RiedlSalvatore QuasimodoWikipédiaThe HeirsIndra BruggmanGunung RajabasaIwan FalsRaden Kian SantangMasturbasiDrivePanakawanPutihAndi Alfian MallarangengPada pangkatBathara GuruTembang dolananNike ArdillaPark Ji-SungAlbert EinsteinJay IdzesStadion Gelora Bung KarnoWangsa QingNadiem MakarimWajikKunir asemZsa Zsa YusharyahyaAsty AnantaCoto MakassarPayudaraAK-47Dinda KanyadewiRasukan adat Jawaꦄꦁꦏ꧀ꦭꦺꦴSurat Al QadrBudayaPangéran DipanegaraSelat LombokGunungIqbaal Dhiafakhri RamadhanAstinapuraVirgil van DijkDhomain publik🡆 More