Mochi

Mochi (Jepang: 餅; Hanzi: (麻糬)) punika nama jinis kuwé ingkang kadamel saking beras ketan lajeng dipuntumbuk dumugi lembut lan lèngkèt ingkang dipunbentuk bunder-bunder.

Panganan mochi piyambak asalipun saking Jepang, nanging kawéntar ugi ing Cina, Taiwan, Kamboja, Hawaii, Koréa Kidul, lan Thailand sasampunipun wonten prosès kulturisasi, éwah-éwahan resep, lan sanèsipun saéngga ing nagara mau gadhah mochi piyambak kanthi ciri khasipun piyambak .

Mochi
Mochi ès krim
Mochi
Mochi sakura

Ing Jepang, mochi dados dedhaharan tradisonal ingkang padatanipun dipundhahar nalika warsa énggal, ugi kadang kala dipundhahar minangka camilan. Wonten ing Jepang gadhah karaméan mirunggan kanggé mochi ingkang dipunwastani mochitsuki . Mochitsuki ugi dipunwastani cara tradisonal tiyang Jepang anggènipun damel mochi ngginakaken palu saking kayu kanggé numbuk beras mochi lajeng dipun-dang wonten ing wadhah watu utawi kayu ugi saged .

Sajarah

Kuwé ingkang dipundamel saking beras ketan ingkang dipuntumbuk punika kaginakaken kanggé karaméan warsa énggal déning para bangsawan Jepang ing periode Heian (taun 794-1185). Wonten ing wiwitan abad kaping 10, manéka jinis mochi kaginakaken kanggé persembahan kamaharajan wonten ing upacara agami. Cathetan saking éra taun 1070 nyebataken bilih kuwé beras punika dados mochii. Nembé sakiwa-tengené abad kaping 18 tiyang-tiyang wiwit nyebut kuwé punika mochi .

Kathah téyori ingkang ngandharaken babagan asaling nama mochi mau. Salah satunggalipun bilih mochi punika asalipun saking tembung kriya motsu ingkang ateges kanggé nahan utawi gadhah nandhakaken bilih mochi punika panganan ingkang dipunparingaken déning para déwa. Wonten ugi tembung mochizuki ingkang ateges wulan purnama. Ugi wonten ingkang nyebut muchimi ingkang ateges lèngkèt utawi kraket. Para wong tani Jepang kala rumiyin dhahar mochi ing mangsa adhem kanggé nginggilaken stamina. Déné para samurai remen kaliyan mochi amargi gampil anggènipun nyiapaken lan dipunbeta dhateng pundi kemawon.

Mochi ing Indonésia

Sapunika mochi ugi kawéntar ing Indonésia saéngga dados panganan khas saking laladan Semarang lan Sukabumi. Mlebetipun mochi dhateng Indonésia punika kinten-kinten sesarengan kaliyan mlebetipun bangsa Cina lan Jepang ing Indonésia ingkang mbeta budaya kan pakulinan kalebet panganan tradhisional . Ing pangembanganipun mochi lajeng dipunisi kaliyan bahan panganan ingkang legi kados ta kacang abang, kacang ijo, woh-wohan, dumugi es krim .

Cathetan suku

Tags:

Basa JepangBasa TionghoaBeras ketanCinaHawaiiJepangKambojaKoréa KidulTaiwanThailand

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

2001Mi ongklokWhatsApp1578Tatune arang kranjangZayed KhanKucingJatinangor, SumedangPatih SuwandaWayang golèkTata SuryaDhakonAdolf HitlerWayang kulitKodhokDian SastrowardoyoGravitasiMa Dong-seokOrdo (biologi)BinahongWhitney HoustonJenang sungsumMetanolGemblongOrong-orongAri WibowoTaman Nasional RedwoodWunguSurat Ar RuumGerakan Pramuka IndonesiaKabupatèn MorowaliGlepung berasKebo bulé mati sétraAksara CarakanMahfud MDMedia CirebonPenyuAndra JunaidiOlah-olahan InggrisGita WirjawanKandangan TVYouTubeLuna MayaKhulafaur RasyidinMesut ÖzilIan KaselaHidrogenGendariRuwatanSaturnusFacebookISBNGunung PenanggunganTedhak sitènBudayaMicrosoft WindowsNagita SlavinaSrabiSoedirmanSurat Al MuzzammilArjunaSurat Al IkhlashSahDhaptar istilah militèr Tentara Nasional IndonésiaPrasasti YupaBasa SangsekertaKendhangDelimaWangsalanMamutRerengganGambyong pareanomEris (planit)🡆 More