Déwa

Déwa (maskulin) lan Dewi (feminin) yaiku kaanan supra natural kang nguwasani unsur-unsur alam ing kauripan manungsa.

Déwa disembah lan dianggep suci lan keramat. Kajaba iku déwa uga dihormati déné manungsa.

Déwa
relief déwa Venus

Déwa nduwéni warna-warna wujud. Lumrahé déwa awujud manungsa utawa kéwan. Déwa dipercaya urip abadi. Déwa uga duwé kapribaden dhéwé-dhéwé. Déwa duwé émosi, kacerdasan kaya ta manungsa. Fenomena-fenomena alam kaya ta petir, udan, banjir,lan liya-liyané kalebu kadadéan kang aneh kalebu ciriné déwa kang dadi pengatur alam. Déwa uga bisa mènèhi ukuman karo makluk kang luwih asor saka dhèwèké. Déwa-déwa kang dianggep nduwéni kuwasa kang mung sithik disembah kanthi cara lan ubarampé kang prasaja. Para makluk suranatural kang nguwasani unsur-unsur alam utawa aspek-aspek kang ana ing alam lan uripé manungsa kang duwé sipat lanang diarani Déwa déné Dewi yaiku jeneng déwa kang nduwéni jinis kelamin wédok.

Ètimologi

Tembung déwa asalé saka agama Hindhu yaiku saka tembung Deva utawa Daiwa. Tembung iki saka basa Sansekerta kang asalé saka tembung div kang tegesé sinar utawa cahya. Tembung déwa ing basa Inggris padha karo tembung Deity kang asalé saka basa latin deus. Basa latin dies lan divum, mirib kaya basa Sansekerta div lan diu kang tegesé langit, cahya.

Istilah déwa digambaraké karo makluk suci kang nduwéni kuwasa karo alam ing jagad raya. Sanajan ing ilèn politeisme ngarani anané akèh Tuhan nanging ing Indonésia istilah kang dianggo yaiku Déwa tuladhané Déwa Zeus, dudu Zeus). Istilah Déwa dianggo dadi tembung sandang kanggo ngarani panguwasa alam kang akèh cacahé, bisa dibayangaké lan dilukisaké kanthi nyata, nanging istilah Tuan kanggo ngarani panguwasa alam kang maha tunggal lan abstrak ora bisa dibayangaké lan ora bisa digambaraké.

Cathetan suku


Tags:

Manungsa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Sistem koordhinat géyografisGunung CeremaiPenitiPaguyuban Nagara-Nagara Asia Kidul WétanDhomain publikKenongPanganan tradisionalGisella AnastasiaAgnes MonicaZhang ZuolinEricsson GF 388PendhapaMarsha TimothyAdi Bing SlametAgus Mustofaꦥꦸꦱꦸꦠ꧀Andi Sultan Daeng RadjaJatayuMerkuriusMikroblogꦏ꧀ꦊꦤ꧀ꦛꦶꦁSurat YunusWit èkYogyakartaKangsadéwaSaronWajikEgy Maulana VikriAsem asetatRuwatan Rambut GimbalNagasariRoger DanuartaStronsiyumKonferensi Meja BundarKutha Ngayogyakarta633SemikonduktorDian SastrowardoyoPrancisCoboy JuniorPusisi cumbanaꦩꦼꦱꦶꦤ꧀ꦗꦲꦶꦠ꧀Surat Al 'AlaqSanja Sangu TrebelaShayne PattynamaSurtanahDéklarasi Djuanda1805Surat An Nisaa’DasanamaBasa kramaPrastawaManganBasa JawaSoetomoGibran RakabumingGlenn FredlyJam GadangTembung sesulihKarbon dioksidaLemperBig Bang (grup musik)KomputerJaétunWignyanSultan AgungJawaRinggo Agus RahmanJakartah🡆 More