Ruwatan Rambut Gimbal

Upacara Ruwatan Rambut Gembel inggih menika upacara cukur rambut ing bocah-bocah rambut gembel ingkang dilakoake karo masyarakat ing daerah Dataran Tinggi Dieng (Dieng Plateau, Jawa Tengah.

Rituwal ruwatan rambut gembel menika dianaake tanggal siji Suro ingkang nggadahi tujuan kanggo ngresiake utawa mbebasake bocah-bocah rambut gembel saka sesuker( Sial, Sedih, Utawa malapetaka).

Ruwatan Rambut Gimbal

Sejarah

Miturut kapitayan bocah-bocah rambut gembel menika keturunan kyai kolodete. Kyai Kolodete menika salah sawijining punggawa ing jaman Mataram Islam. Kaliyan Kyai Karim Kyai Walid, Kyai kolo dete ditugaske karo kerajaan mataram kanggo nyiapake pemerintahan ing daerah Wonosobo lan sekitare, kyai walid ing daerah Wonosobo lan Kyai kolo dete ing Dataran Tinggi Dieng.

Kyai Kolo Dete lan garwane (Nini Roro Ronce) angsal wahyu saking Ratu Pantai Selatan. Pasangan Menika ditugasake nggawa masyarakat Dieng tumuju kesejahteraan, tolak ukur kesejahteraan masyarakat dieng bakal ditandai kaliyan bocah bocah rambut gembel, Semakin banyak bocah rambut gembel tambah sejahtera Sebab kuwi, kanthi turun temurun, bocah rambut gembel luweh dimanjaake kaliyan wong tuane amarga diyakini ora mung bocah biasa nanging bocah titipan saka penguasa alam liya Dataran Tinggi Dieng.

Muncule rambut gembel bakal ing bocah cilik bakal ditandai panas awak ingkang duwur kanti beberapa hari. Panas awak bocah kuwi bakal normal malih dewe , bareng karo metune rambut gembel.

Biasane, rambut gembel menika tukul nalika umur bocah durung ngasi 3 tahun. Rambut gembel iki bakal tumbuh lan sansaya akeh. Rambut gembel menika mung oleh dicukur ing prosesi khusus (ruwatan). Ruwatan menika kudu ngikuti aturan khusus lan atas dasar kemauan saking bocah ingkang rambut gembel. Biasane, sakdurunge dilakoake prosesi ruwatan, si bicah rambut gembel menika njaluk permintaan ingkang kedah dituruti wong tuane. Kapitayan masyarakat sekitar, menawi proses cukur dilakoake tanpa melalui upacara tertentu, utawa sanès kemauan bocah dhewe, utawa panjalukane ora dituruti, rambut gembel ingkang sampun dicukur bakal tukul maneh.

Saben dina, bocah rambut gembel ora beda kaliyan bocah-bocah liyane. Mung wae, bocah rambut gembel biasane cenderung luweh aktif dibanding bocah bocah liyane. Ing saat saat tertentu, emosi bocah rambut gembel mboten terkendali kanti sebab mboten jelas. Perilaku iki bakal kurang malah ilang nalika gembel bocah menila sampun diruwat.

Persiapan

Sesajen

Upacara ruwatan rambut gembel ana tahapane, kaya ta nyiapke sesaji sing tujuane kanggo perantara donga, masyarakat percaya yen sesaji menika dianggep ngewenehi rezeki. Sesaji ana ing upacara ngruwat Gimbel menika kaya buju abang, buju putih, buju ireng,buju kuning,buju kelung, rekan jajan pasar,rakan buah, degan ijo, gedang raja emas, kinang, alat rias, lancsakliyane kaliyan 14 macam ombenan Telaga Warna Dieng utawa ing kali.

Pelaksanaan

1.Kirab

Kirab utawa prosesi ara-arakan rambut gembel nggunaake keeta jaran saka omah pemangku adat tumuju panggon cukur lan larungan, kaliyan lumaku bareng wong sing gawa panjalukan si Bocah Gembel ( luwih dikenal kanti istilah Sesaji Umbo Rampe)

2.Jamasan

Inggih menika ngedusi bocah gembel ingkang dilaksanaake ana ing sendang macrokoco tepate lor komplek Candi Arjuna.

3.Ruwatan

tokoh spiritual ngasepi sirah bocah gembel nganggo kemenyan barkuwi rambut gembel dicukur sing sahurunge nglebokke cincin ingkang diangep magis ing saben helai rambut banjur dicukur siji siji. Rambut sing wes dicukur banjur dibungkus nganggo kain putih .

4.Ngalap berkah

Ngalap berkah dipercaya karo masyarakat bisa nekaake berkah kanggo sing melu prosesi ruwatan, sing awujud selametan dipimpin karo pemangku adat lan tokoh tokoh masyarakat

5.Nglarung

Sakwise ruwatan rampung banjur ditutup kaliyan prosesi nglarung rambut gembel ana ing Telaga Warna utawa kali. deweke kabèh menika titipan Nyai Dewi Roro Ronce ingknag abdi ratu laut selatan, Nyai Roro Kisul ingkang ana kawasan Dataran Tinggi Dieng, marga kuwi Rambut Gembel menika dilarung lan dibaleake wonten sing duwe.

Rujukan

Tags:

Ruwatan Rambut Gimbal SejarahRuwatan Rambut Gimbal PersiapanRuwatan Rambut Gimbal PelaksanaanRuwatan Rambut Gimbal RujukanRuwatan Rambut GimbalDataran dhuwur DiengJawa Tengah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Via VallenOtto IskandardinataRéyogGongOséanografiRamayanaCitilinkTumpengWikipédiaKriptonAntariksawanImam BonjolSajarah IndonésiaPecelꦱꦸꦛꦶꦭ꧀AndalimanJerapahSrikayaNusantara TVPutri Kuswisnu WardaniAtomDenny CaknanMikèl ArtétaTim nasional bal-balan InggrisCarita Aji SakaMangsa pancarobaLindhu1664Langit1984Wiki CommonsGethukPurwapadaUlah ragaJurnalistikUpacara tingkebanWahid HasyimArsitektur JawiArjunaJaring KalamanggaÈnsiklopédhiNyadranPèmpèkMia KhalifaLumpangCenilKucingKleponBeetSoerjadi SoerjadarmaRamaWikiParikanPangarep-arepWalisangaUdohSrikandhiSoekarnoAndroidSrabiMegawati PrabowoKangen Band (Grup Musik)Titan (satelit)Agus Harimurti YudhoyonoKuwé kepithingHajar AswadSandy WalshSailor MoonDramaCakung, Jakarta WétanMaskumambangIndhustri otomotif🡆 More