thumb|right|Bakmi Masakan Cinten inggih punika kulinèr ingkang dipunkasilakén déning sing ndunungi Républik Rakyat Cinten.
Istilah masakan Cinten ing daratan Cinten ugi ngacu kaliyan variasi saking sédaya bebrayan, agami lan tradisi ingkang ngérèmbag ing nagari kasébut. nanging, masakan Cinten ingkang dipuntepang kaliyan kathah bangsa ing donya inggih punika masakan ètnis Han (Tionghoa). Prabawa masakan ètnis Han wonten ing sabén kulinèr nagari-nagari wétan lan nyèbar ing jawi komunitas-komunitaipun ing sédaya donya.
nyiapake masakan Cinten kanggé sadinten-dinten punika cekak lan gampil, nanging kanggé acara formal saged dados hidangan ingkang aneka warni lan meriah. Filosofi masakan Cinten inggih punika panganan punika kedah muasaken selera lan jangkepi raos, imgkang prasaja bahan-bahanipun.
Sami kaliyan bangsa sanès, sejak jaman primitif, tiyang Tionghoa gumantung ing kasil buruan lan tangkepan saking seganten utawi kalen. sakwekdal punika, produk daging kéwan lan tetanèn dados sajian ing konsumsi sadinten-dinten. ing wekdal katamtu wonten kecenderungan kiat ing konsumsi panganan berbasis sayur-sayuran, nyusul tepang agami Buda ingkang ngelarang matèni kéwan. Kebiasaan punika mundhak ing jaman Dinasti Tang lan Song ingpundhi populasi tambah kathah lan agami Buda kathah dipunanut.
ing jaman moderen ing pundhi ékonomi gumantung ing tetanèn, sanèsipun kaliyan jumlah penduduk ingkang ageng, pola konsumsi ugi gumantung inh kasil-kasil tetanèn kaliyan kedhik daging.
Masakan Cinten ngginakaken warna-warna bahan, wiwit saking rebung, akar bunga teratai, kastanipun toya (Eleocharis dulcis) sirip ikan hiu, sarang burung walet, daging kura-kura, lidah bèbèk, cakar beruang, lidah lan angsang iwak, kembang lili, lan sanèsipun. sapunika damel tiyang asing nganggep masakan Cinten dados kuliner ingkang eksotis.
hidangan ya iku campuran saking pinten-pinten macem bahan. Daging lan sayur dipunsajiaken sami. Bumbu lan perisa dipuntambahaken ing wekdal masak.
Sayur utawi daging dipunkethok alit-alit supados kanggé gampilaken anggènipun madhang kaliyan sumpit supados bumbu meresap langkung rikat, saged nyaosaken wekdal lan ngemat bahan bakar.
Makanan pokok inggih punika beras, mliginipun ing wewengkon pérangan kidul ilèn Sungai Yangtze. ing lor langkung kathah konsumsi gandum, jewawut, jagung, jelai, lan kaoliang (sejenis sorghum). Makanan laut kawates ing konsumsi déning masarakat ing pasisir pasisir kemawon. Warga ingkang katinggal ing pedalaman ngginakaken bahan makanan laut garing utawa diasinake.
lengan kanggé masak ingkang dipunginaake antawisipun mentega, lemak kéwani, lenga sayur, lenga biji kapas, lenga kedelai lan lenga kacang-kacangan. lenga saged nambah raos, maringi aroma wangi sayur kaliyan daging dan sakwaliki maringi sayuran raos daging. kanggé nambah raos, kecap lan uyah dipunalitake kanthi sami-sami.Kacang kedelai dipunolah dados tahu, susu kedelai lan kecap.
wonten métodhe masak ingkang sampun kino dipunstandarken ing sadaya laladan antawisipun merebus kaliyan kuah, rebus kering, rebus kaliyan genii sedeng, goreng, panggang, bakar, masak kaliyan panci ganda lan ngukus. Panggang ing oven arang dipunlampahi ing griya, sapunika ngrebus ing toya womten ukuran ageng boten kalampahan. Mencelur dipunlampahi dados persiapan bahan-bahan sadèrèngipun masak.
Pemotongan lan penyajian bahan panganan ingkang leres, dipunmasak rikat ing inggil suhu panas inggil lan ketepatan wekdal inggih punika unsur-unsur utami ing kaahlian masak masakan Cinten. kaliyan 3 hal mau, tiyang Tionghoa ing mliginipun, nyiptaaken métodhe chao, masak rikat kaliyan kedhik lenga ing inggil benter inggil, lajeng ngoseng sertambakaripun kaliyan geni kanggé nguwataken raos, kesegaran, lan kelembutan masakan. Sayur ingkang dipunmasak chao raosipun lan warininipun dados langkung narik.
monosodium glutamat, gula, garam, bumbu kari, lenga sayur, gula, madu, arak, moster, kecap, pasta wijen dan sebagainya
pinten-pinten masakan Cinten ingkang misuhr ing hawi nagari antawisipun chop suey, chow mien, mantou, jiaozi, nasi goreng, pangsit, lumpia
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Masakan Cinten, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.