Kantor Komisionèr Dhuwur PBB tumrap Pangungsi (Inggris: The Office of the UN High Commissioner for Refugees (UNHCR)) iku sawijining Badan PBB kanggo ngurusi para pangungsi ing donya.
Badan kang duwé markas ing Jenewa, Switserlan, iki diadegaké ing 14 Dhésèmber, 1950) tugas wigatiné nglindhungi lan mbiyantu para pangungsi saka usulan pamaréntah utawa Perserikatan Bangsa-Bangsa lan mbantu para pangungsi mau mulih menyang papan panggonan asalé utawa menyang papan panampungan.
Akèh pangungsi Palestina-ing Gisik Kulon (West Bank), Lurung Gaza (Gaza Strip), Libanon, Suriah, lan Yordania-ora kalebu tugasé UNHCR, nanging diayahi déning organisasi PBB kang luwih dhisik anané ya iku UNWRA utawa (United Nations Relief and Works Agency for Palestine Refugees in the Near East). Nanging, pangungsi Palestina ing jabané wewengkon operasi UNRWA kalebu tanggung jawabé UNHCR.
UNHCR diadegaké tanggal 14 Dhésèmber, 1950 lan nggantèkaké organisasi sadurungé ya iku United Nations Relief and Rehabilitation Administration. Badan utawa agènsi iki ditugasi mimpin lan koordinasi aksi international kanggo nglindhungi pangungsi lan masalah pangungsi ing donya Tujuan mligi ngamanaké hak lan kasajahtran para pengungsi. Badan iki berjuang kanggo mesthèkaké yèn saben wong bisa nggunakaké hak-é kanggo ngungsi lan golèk panggonan kang aman ing nagara liya (asylum), kanthi pilihan mulih kanthi sukarila, wewanuhan (integrasi) karo sing ndunungi lokal utawa ditampung ing nagara liya.
Mandhat UNHCR sithik mbaka sithik tansaya amba, kalebu ngamanaké lan mènèhi bantuan kamanungsan tumrap apa kang sinebut "dadi masalah wong liya (as other persons of concern), kalebu wong-wong kang kepeksa kudu oncat saka omahé nanging isih tetep sajeroning sawenèh nagara (internally displaced person) (IDP) kang cocog karo dhéfinisi pangungsi miturut konvènsi PBB taun 1951 bab status pangungsi. lan Protokol 1967 Konvensi Organisasi Afrika Bersatu taun1969, utawa perjanjèn liya yèn wong-wong mau ninggal nagarané, nanging wektu iku isih ana ing tlatah nagara asalé. UNHCR wektu iki duwé misi utama ing Libanon, Sudan Kidul, Chad/Darfur, Irak, Afganistan lan uga ing Kenya kanggo mbiyantu IDP lan pangungsi.
Sawetara program anyar anyar iki lagi dicoba kanggo mbantu lan ngundhakaké kasadharan tumrap masalah kang diadhepi para pangungsi saindhenging donya. Program-program anyar iki minagka produk tolok ukur kang ditata sajeroning "Sasaran Pambangunan Milènium PBB" utawa (United Nations Millennium Development Goals) (MDG).
UNHCR nampa Bebungah Nobel Bedhamèn ing taun 1954 lan 1981.
Tanggal 1 Januari 2007, UNHCR nglapuraké total 21 018 589 cacahé, wong kang dadi urusané, ya iku:
UNHCR duwé staf utawa punggawa punjul 6689 ing 116 nagara kang mbantu yutanpangungsi lan IDP ing saindhenging donya.(UNHCR, Appel Global, 2007)
UNHCR uga diwakili déning para duta kamanungsan (UNHCR Goodwill Ambassador), salah sijiné aktris misuwur Angelina Jolie. Duta kamanungsan UNHCR kang luwih anyar ya iku penyanyi Yunani George Dalaras.
Posisi Komisionèr Dhuwur kawengku déning:
Fridtjof Nansen minangka Komisionèr Dhuwur jaman Liga Bangsa-Bangsa (League of Nations)]] wiwit taun 1922.
Cithakan:Pamenang bebungah Nobel Bedhamèn 1951-1975 Cithakan:Pamenang bebungah Nobel Bedhamèn 1976-2000
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Kumisi Luhur tumrap Pangungsi Pasarékatan Bangsa-Bangsa, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.