Vincent Van Gogh

Vincent Willem van Gogh (pocapan Walanda: (pitulung·info)) (30 Maret 1853 – 29 Juli 1890) punika pelukis pasca-impresionis Walanda.

Lukisan-lukisan lan gambar-gambaripun kalebet karya kagunan ingkang saé piyambak, paling misuwur, lan paling awis ing donya. Van Gogh dipunanggep minangka satunggiling pelukis paling ageng ing sajarah kagunan Éropah.

Vincent van Gogh
Vincent Van Gogh
Potrèt dhiri (1887)
BangsaNèderlan
Kondhang ingPelukis
ObahanPasca-Impresionisme

Nalika taksih anèm Van Gogh nyambut damel ing satunggiling perusahaan panyadé karya kagunan, lan sasampunipun sapérangan wekdal nyambut damel dados guru, panjenenganipun makarya minangka misionaris ingkang nyambut damel ing wewengkon pertambangan ingkang miskin sanget. Panjenenganipun nembé dados seniman ing taun 1880. Wiwitanipun karya-karyanipun migunaaken warni-warni ingkang surem. Nembé nalika ing paris, panjenenganipun pinanggih kaliyan impresionisme lan neo-impresionisme ingkang warni-warninipun langkung cerah lan gaya lukisanipun dipunkembangaken dados satunggiling gaya ingkang unik lan gampil dipunkenali. Gaya lukisanipun punika dumugi ing tingkat pangembangan ingkang penuh nalika piyambakipun manggèn ing Arles, Prancis.

Ing mulabukanipun, panjanenganipun tumut marang tipikal pelukis ing zamanipun kanthi gaya impresionisme. Nanging kabotenpuasan marang pangekangan èksprèsi kagunan déning pakem impresionisme ndamel piyambakpipun pindhah ing gaya ekspresionisme.

Vincent Van Gogh dipundiagnosa nandhang lelara epilepsi inglang cekap parah. Diagnosa punika dipundamel déning kalih dhokter ingkang bènten ingkang nrawat panjenenganipun. Van Gogh ugi naté ngiris talinganipun piyambak.

Ing pungkasaning gesangipun, panjenenganipun rumaos bilih piyambakipun dados édan lan pungkasanipun nelasaken sisa gesangipun ing Griya Sakit Jiwa Saint Paul-de-Mausole ing Saint-Rémy-de-Provence, Prancis. Ing griya sakit punika panjenenganipun tetep nglukis.

Lukisan-lukisan karyanipun Van Gogh

  • (1885) Tiyang-tiyang nedha kenthang
  • (1888) Kamar tilem ing Arles
  • (1888) Tèras kafé ing wanci ndalu
  • (1888) Kebon anggur abrit
  • (1888) Kafe ndalu
  • (1889) Ndalu kanthi lintang
  • (1889) Sekar-sekar Iris
  • (1889) Jambangan kanthi 12 sekar srengéngé
  • (1889) Portrait de l'artiste sans barbe
  • (1890) Potret Dr. Gachet
  • (1890) Ladang gandum kanthi peksi gagak
  • (1890) Wanita wong tani kanthi latar wuri gandum

† Arupi lukisan ingkang nggayuh rékor pangaos panyadéan paling inggil.

Pirsanana ugi

Pranala njawi


Tags:

1853189029 Juli30 MaretBarkas:Nl-Vincent van Gogh.oggBasa WalandaNl-Vincent van Gogh.oggPitulung:PitulungWalandaÉropah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Rukun IslamSevilla FCPevita PearceAmérika SarékatCiri wanci lelai ginawa mati27 MaretFlorentino Pérez2 DhésèmberWali BandLogikaCreative CommonsTembung panggandhèngBonangGeguritanErling HaalandEmha Ainun NadjibTim nasional bal-balan IndonésiaLudrukChairul TanjungCenilLelara koronavirus 2019IndosiarDéwa RuciPada madyaDadar gulungZlatan IbrahimovićBebasanKutha matiJoko WidodoSurat Al JinPuthuKresnaGugon tuhonꦮꦶꦏꦶGajah gajahIan KaselaMetro-Goldwyn-MayerNathan AkéMakutha RamaSubaliSurat At TaubahAksara CarakanJun Ji HyunOpickBambang WidjojantoYahoo!BeskapKartiniDurmaJawawutꦏꦼꦤꦺꦴꦁSi Manis Jembatan AncolKaraton Ngayogyakarta AdiningratOnai MalikTim nasional bal-balan KamerunHidroponikBalabakEmma WatsonGlenn Fredly28 MaretKabupatèn Deli SerdangLembaga Pemerintah Non DepartemenPedhotanKerata basaAremaGamelanGunung LawuTembang dolananꦈꦮꦼꦢ꧀ꦒꦺꦴꦔꦤ꧀AngkakPâtisserieParikan🡆 More