Opick

Aunur Rofiq Lil Firdaus utawa luwih kondhang karo jeneng Opick (lair ing Jember, Jawa Wétan, 16 Maret 1974; umur 50 taun), kang ngréka lagu lan penyanyi artis religius saka ètnis Jawa, Indonésia, panyipta tetembangan lan penyanyi pop religius.

Aunur Rofiq Lil Firdaus
Opick
LairAunur Rofiq Lil Firdaus
Jeneng liyaOpick
Pakaryanaktor, penyanyi
Taun aktif2005-sekarang

Opick, saliyané dadi penyanyi religi, dhèwèké uga nyipta tetembangan. Dhèwèké uga ngakuni menewa tau duwé grup musik kang nampilaké tetembangan rock.

Dhèwèké ngakiri mangsa jakané lan nikahi kenya ayu kang duwé jeneng Dian Rositaningrum ning tanggal 15 Juli 2002. Pasangan iki wus dikaruniai anak 4, Ghaniya D'Salma Firdaus, Aina Rahcmah Ramadhana Firdaus, Fatimah Azka L Firdaus, lan kang terakir lair ning taun 2010 dijenengi Latifah Maryam Al Firdaus.

Karir

Albumé kang pisanan diwènèhi sesirah ISTIGFAR dirilis ning taun 2005. Tetembangan kang dadi andalan ning album mau ya iku tetembangan kang duwé sesirah Tombo Ati, Takdir, Alhamdulillah lan Astaqfirullah. Album sawisé iku ning taun 2006 dhèwèké ngrilis album kang diwènèhi sesirah SEMESTA BERTASBIH, ning album iku ana 10 tetembangan ya iku :

  • Taqwa,
  • Irhamna,
  • Takdir,
  • Teranglah Hati,
  • 25 Nabi,
  • Semesta Bertasbih,
  • Bismillah,
  • Satu Rindu,
  • Buka Mata Buka Hati lan
  • Ya Rasul.

Sing dadi tetembangan andalané ning album iku ya iku tetembangan kang judhulé Takdir kang ditembangaké karo Melly Goeslaw.

Ning taun 2007, Opick ngerilis album kang judhulé YA RAHMAN, ana 11 tetembangan ning album kuwo, kaya ta Assalamu'alaikum, Rapuh, Pewaris Surga, Mendambamu, Haji lan liya-liyané. Tetembangan kang tenar judhulé Taubat.

2008, Opick ngrilis album kang judhulé CAHAYA HATI karo tetembangan pilihané, Cahaya Hati. Album iki isiné 10 tetembangan, kaya ta :

  • Hanya Allah,
  • Ya Nabi Salam,
  • Alangkah Indahnya,
  • Cinta Setulus Jiwa,
  • Hamba-Hamba Allah,
  • Ketika Cinta,
  • Allah Ya Nur,
  • Tuhan Lindungilah, lan
  • Ramadhan Tiba.

Ning sasi Ramelan, Juni 2009 Opick ngrekam albumé kang paling anyar kang diwènèhi sesirah MAHA MELIHAT. Ana tetembangan kang ditembangaké duet karo Rachel Amanda. Single iki kang akiré dadi theme song sinétron MANOHARA.

Ning awal taun 2010, Opick karo sutradara Hanung Bramantyo kerjasama kanggo nggawé filem ASMAUL HUSNA. Nanging kasendat amarga kasus panggelapan dhuwit kang diterima Opick akehé Rp1,4 miliar. Amarga kasus iku, Opick uga diperiksa déning Polda Kalimantan Selatan.

27 Januari 2010, Opick ngrilis buku DI BAWAH LANGIT lan akan disusul filemé ning tanggal 18 Maret 2010.

Filmografi

Filmografi déning :

  • Kun Fayakuun (2008)
  • Di Bawah Langit (2010)

Diskografi

Diskografi déning Opick :

  • Tak Ada Habisnya (2003)
  • Istighfar (2005)
  • Semesta Bertasbih (2006)
  • Ya Rahman (2007)
  • Cahaya Hati (2008)
  • Di Bawah Langit Mu (2009)
  • Shollu Ala Muhammad (2010)
  • The Best of Opick (2011)

Iklan

Iklan kang tau dibintangi Opink :

  • Indomie (2005-2008)
  • Hemaviton (2005)
  • Segar Dingin (2008-2010)
  • Bank BII Syariah (2010)

Buku

Buku déning Opick :

  • Opick, Oase Spiritual Dalam Senandung (2006)

Cathetan suku

Tags:

Opick KarirOpick FilmografiOpick DiskografiOpick IklanOpick BukuOpick Cathetan sukuOpick16 Maret1974IndonésiaJawa WétanKabupatèn JemberPenyanyiWong Jawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

KempyangTedhak sitènSajarah Amérika SarékatWali BandWikimaniaAburizal Bakrie27 MaretPangrasaKumbakarnaIjmaSurat Al Fath1384ParikanCumbanaChris Evans (aktor)Amérika LatinꦧꦸꦥꦠꦶJustin BieberSurat An Nisaa’KajiJawaLionel MessiLee Jong-sukTaling tarung20 SèptèmberDhakonSamuel Rizalꦪꦲꦸ!Kaisar Tang XuanzongRebabSurat Al JinYuni SharaGisella AnastasiaLuhut Binsar PanjaitanJason StathamJefri NicholBaladéwaLogikaChelsea OliviaJathilanElektronikaKabiskopan RomaWayang golèkGajahAdolf HitlerMarco MaterazziKaskusꦈꦮꦼꦢ꧀ꦒꦼꦫꦺꦴꦁCut Nyak DhienUla marani gebugSurat As SajdahDewi SandraBratislavaGeodesiIndhonésiaBaronganSunniÉjaan Basa JawaAdiparwaPréinan YahudiPada lingsaSesantiKarnaDramaAngkor Watꦢꦼꦩꦸꦁꦱꦶꦠꦺꦂꦏꦼꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀꧈ꦒꦩꦼꦔꦤ꧀Sirkumfleks🡆 More