Elektronika inggih punika ngèlmu ingkang nyinau piranti listrik arus lemah ingkang dipun-ginakaken kanthi cara ngontrol aliran elektron utawi partikel ingkang wonten momotan listrik salebeting satunggal piranti kados komputer, piranti elektronik, termokopel, semikonduktor, lan sapanunggalanipun.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Ilmu ingkang nyinau piranti-piranti kados punika minangka cawang saking ngèlmu fisika, sawatawis wujud desain lan pandamelan sirkuit elektronikipun inggih punika péranganing teknik elektro, teknik komputer, lan ngèlmu/teknik elektronika lan instrumentasi.
Piranti-piranti ingkang ngginakaken dhasar kerja elektronika punika dipunsebat minangka piranti elektronik (electronic devices). Tuladha piranti elektronik punika: Tabung Sinar Katode (Cathode Ray Tube, CRT), radio, TV, perekam kaset, perekam kaset video (VCR), perekam VCD, perekam DVD, kodhak video, kodhak digital, komputer pribadi desk-top, komputer Laptop, PDA (komputer saku), robot, smart card, lan sanès-sanèsipun.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Elektronika, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.