Gugon Tuhon

Gugon tuhon utawi wonten ing madyaning masarakat Jawa dipunwastani pepali utawi larangan.

Gugon tuhon punika kalebet kapitadosan ingkang sampun wonten saking jaman rumiyin.

Gugon tuhon inggih punika kapitayan utawi kapitadosan marang sawenehing bab utawi prakawis ingkang boten tinemu wonten ing nalar. Tumprapipun tiyang pitados tansah gadhah raos sumelang manawi boten saged nyembadani prekawis ingkang ingkang dipunanggep mbebayani punika.

Asaling tembung gugon tuhon

Gugon asalé saking tembung gugu. Manawi tuhon saking tembung tuhu

Jinising Gugon Tuhon

  1. Gugon Tuhon ingkang salugu Inggih punika lare utawi tiyang ingakng dados mangsanipun Bathara kala miturut dongèng inggi punika bocah sukreta. Miturut kapitadosan lare punika saged waluya lan lestari bilih dipunruwat kanthi dipuntanggapaken wayang kanthi lakon Amurwa Kala.

Ingkang kalebet bocah sukreta inggih punika:

  • Bocah Ontang-anting : putranipun namung satunggal, priya.
  • Bocah unting-unting : putranipun namung satunggal, putri.
  • Bocah kedhana-kedhini : putra kalih, ingkang sepuh priya lajeng ingkang enem putri.
  • Bocah kembang sepasang : putra kalih putri sadaya.
  • Bocah Uger-uger lawang : putra kalih ppriya sadaya.
  • Bocah pancuran kapit sendhang : putra tiga, putri priya putri.
  • Bocah Sendhang kapit pancuran : putra tiga, priya putri priya.
  1. Gugon tuhon wasita sinandhi inggih punika ingkang kalebet pitutur ingkag boten kalairaken kanthi melok. Langkung kathah ngginakaken tembung "boten ilok" ingkang sejatinipun ngemu teges boten becik .

ingkang kalebet gugon tuhon wasita sinandhi inggih punika:

  • Ampun ngidoni sumur mundhak suwing tutukipun.
  • Manawi wewehan dipunjaluk malih gulunipun gondhoken.
  • Boten pareng lenggah wonten bantal mundhak wudunen .
  • Boten pareng dhahar wonten peturon mundhak gudhigen .
  1. Gugon tuhon ingkang kalebet wewaler inggih punika wewaler saking leluhur utawi tiyang ingkang dados cikal bankal wonten panggènan punika. Amargi leluhur wau sampun naté nemu cilaka amargi nindhakaken sawijining bab, lajeng migunakaken wewaler dhumateng anak putunipun supados boten tumut nindhakaken.

Tuladha :

  • Tiyang wonten ing Banyumas boten angsal kesah wonten ing dina Setu Paing. Miturut cariyosipun : Sang Adipati ing banyumas manggih cilaka tindakan wonten ing dinten Setu paing. Sang Adipati banjur paring pangandikan maran putra wayah saha para kawulanipun.

Cathetan suku

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Adolf HitlerIShowSpeedSusi AirDelimaTimahKäsespätzleAsteroidGisella AnastasiaNeptunusMarina ShiraishiYusril Ihza MahendraSoekarnoFilologiBauwarnaPétrukTéaterLee Min JungWayang golèkGriki KunaAsem lemakKuwé kembang goyangKendel ngringkel, dhadhag ora godhagWader cakulPrastawaMaricaAndi Alfian MallarangengElipsSrengéngé mlethèkKerisKarnaFardhu 'ainGibran RakabumingArimbiPencak silatCawetCeresLuhut Binsar PanjaitanMicrosoftMitoniGudhegGanjar Pranowoꦧꦺꦴꦛꦺꦏꦤ꧀Surat Al JinYuen BiaoBismaCut Nyak MeutiaRahwanaNagasariKaséhatanLitiyumRocket RockersTèknologiOpor ayamPenitiRujak CingurAbimanyuYupiterKumarinPurwapadaEnceng gondhokBani UmayahGunung IjenWhatsAppC++Omah JogloGoogleManukAfrika KidulPaul WalkerKebo ilang, tombok kandhangUleg-ulegSukarniSurat Ali Imran🡆 More