Gemak Biasa

Gemak biyasa, utawa gemak éropah (Coturnix coturnix) ya iku manuk cilik kang nyusuh ana ing lemah, anggota kulawarga Phasianidae.

Gemak biyasa
Gemak Biasa
Swara panyeluking gemak biyasa sing lanang
Gemak Biasa
Ora Nyamari  (IUCN 3.1)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Galliformes
Famili: Phasianidae
Subfamili: Perdicinae
Génus: Coturnix
Spésies: C. coturnix
Jeneng binomial
Coturnix coturnix
(Linnaeus, 1758)

Jeneng èlmiyah Coturnix saka tembung basa Latin spésies iki.

Kanthi ukuran cilik lan wulu mèmper sesuketan, manuk iki luwih kerep keprungu suwarané tinimbang katon wujudé. Disebut gemak éropah amarga sumebar ing Éropah lan Afrika Lor. Spésies iki duwé wujud saèmper karo gemak jepang , Coturnix japonica, asli saka Asia, kang, sanajan padha rupa, nanging suwarané béda. Kayadéné gemak jepang, gemak éropah uga diingu dadi unggas.

Wedharan

Manuk iki duwé ukuran cilik, kanthi awak bunteg, wulu blorok soklat-putih, lan cucuk warna putih ing gemak lanang. Ukuran awaké kira-kira 180–219 mm (7.1–8.62 in) lan boboté 91–131 g (3.2–4.62 oz)

Pakulinan

Manuk iki kalebu spésiès téréstrial, mangan wewijèn lan gegremet ing lemah. Lumrahé angèl tinemu amarga ndhelik ing sesuketan, gagé lumayu utawa mabur manawa dicaketi manungsa banjur ndhelik manèh. Lumrahé mung bisa dititèni saka suwarané manuk lanang nalika ésuk, surup utawa wengi. Gemak biyasa kalebu kuwat mabur dibandhingaké spésiès Galliformes liyané.  

Tumangkar

Manuk gemak biyasa ngancik umur diwasa nalika umur 6-8 minggu, lan gawé susuh ing lemah, ing tengah tegalan utawa sesuketan ing laladan Eropah lan Asia, kanthi endhog cacah 6-12. Endhog diangkremi 16-18 dina.

Rujukan

Pranala njaba

Tags:

Gemak Biasa WedharanGemak Biasa PakulinanGemak Biasa TumangkarGemak Biasa GalleryGemak Biasa RujukanGemak Biasa Pranala njabaGemak BiasaBasa LatinPhasianidae

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

PaculJames Cook1980BraunschweigPasa (Islam)GiyarswaraYuri GagarinAlfabèt KirilInternètUtahKethoprakBal-balan gagrag Amérika SarékatJintenAfrodhitGendèrMatématikaKolang-kalingWong JawaCumbanaKali SavaEugenio MontaleMississippiKunthiKartiniRansomwareWangsalanAksara CarakanSinga98Yovie And The NunoFilem1977Surat Al Anbiyaa’BanaadirTudhung klitoris1905Switserlan19891922Ranah internet tingkat paling dhuwurSuwengWaferDisney ChannelUbuntu1962Isabel I saka Kastilia1688Wirangrong1Mark ZuckerbergNikosia LorViètnam6 AgustusKabiskopan Galway, Kilmacduagh, lan KilfenoraCari Aku di CantiEmping mlinjoWikipédia basa JawaManukTegesé Aksara Jawa1918BrasilInteraksi ÉkosistemAdamCheng Ho1903ThaiBasa JepangDhandhanggulaSogok telikGajah Mada411920🡆 More