Wong Jawa

Wong Jawa (Jawa ngoko: wong Jawa/ꦮꦺꦴꦁꦗꦮ, krama: tiyang Jawi‌/ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶ) iku bebrayan utawa golongan ètnis kang asalé saka Pulo Jawa pérangan tengah lan wétan.

Nanging ing abad kaping 21 wong Jawa wis sumebar ing saindhenging Nuswantara lan sajabané. Cacahé manawa watara 90 yuta. Asalé saka Pulo Jawa lan mligi ing Provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Nanging ing provinsi Jawa Kulon uga akèh tinemu Wong Jawa, mligi ing Kabupatèn Indramayu lan Cirebon kang mayoritas masarakaté minangka wong-wong Jawa kang migunakaké basa lan budaya Jawa, lan ing Banten lan uga ing Jakarta akèh sumebar wong Jawa. Saliyané wong Jawa baku, ana uga subsuku Using lan Tengger.

Suku Jawa
Wong Jawa (Ngoko) ꦮꦺꦴꦁꦗꦮ
Tiyang Jawi (Krama) ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶ
Wong Jawa
Perkawinan Tradisional Jawa
Gunggung cacah jiwa
(2004: kurang luwih 90 yuta.)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Indonésia:

Malaysia: 1-2 yuta
Mesir: 87.000
Suriname: 75.000.
Kaledonia Baru: 5.000.
Républik Rakyat Cina: 400.

Koréa Kidul: 20.
Basa
basa Jawa, basa Indonésia, basa Malayu, basa Madura, basa Nèderlan, basa Prancis, Basa Cina, basa Mandarin, basa Koréa lan liya-liya.
Agama
Islam, Kristen, Hindhu, Buda lan Kajawèn,
Golongan ètnik magepokan
Wong Sundha, Wong Madura, Wong Bali.

Basa

Wong Jawa sapérangan gedhé migunakaké basa Jawa kanggo wicara sadina-dina. Sajeroning sawijining polling kang dianakaké kalawarta Tempo ing wiwitan dasawarsa 1990-an, kurang luwih mung 12% wong Jawa kang migunakaké basa Indonésia kanggo sadina-dina, watara 18% migunakaké basa Jawa lan Indonésia kanthi campur lan saluwihé nganggo basa Jawa.

Basa Jawa duwé aturan kang mbédakaké cara migunakaké tetembungan miturut tataran dhedhasar gegayutan antara pawicara lan sapa kang diajak wicara. Aturan iki kaloka minangka undha-usuk basa. Aspèk bebasan iki duwé prabawa sosial kang kuwat sajeroning budaya Jawa, lan anané kasadaran bab status sosial ing masarakat.

Kagunan

Wong Jawa misuwur duwé budaya kagunan mligi diprabawai déning agama Hindhu-Buda, ya iku pamentasan wayang. Repertoar carita wayang utawa lakon sapérangan gedhé dhedhasar wiracarita Ramayana lan Mahabharata. Nanging ana uga prabawa saka agama Islam lan Donya Kulon.

Stereotipe wong Jawa

Wong Jawa duwé stereotipe minangka sukubangsa kang sopan lan alus. Nanging uga misuwur minangka sukubangsa kang katutup lan ora gelem blaka suta.

Tokoh-tokoh Jawa

Pratélan tokoh Jawa:

Cathetan sikil

Uga delengen

  • Pratélan suku ing Indonésia


Tags:

Wong Jawa BasaWong Jawa KagunanWong Jawa Stereotipe wong JawaWong Jawa Tokoh-tokoh JawaWong Jawa Cathetan sikilWong Jawa Uga delengenWong JawaBantenCirebonDKIJawa KulonJawa WétanProvinsi Jawa TengahPulo JawaTenggerÈtnis

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Gobag sodorKabupatèn MorowaliLiga PremierGading MartenGoogleDaai TVSurat MuhammadLebak Bulus, Cilandhak, Jakarta KidulEgy Maulana VikriJerman NaziKnut (bruwang ès)Sekolah Tinggi Akuntansi NegaraPatiHabib Muhammad Luthfi bin YahyaBu PuffPulo NiasGessopalenaVicky ShuDua Garis BiruDhini AminartiMarxismeDjiboutiZeusMove to HeavenGanjar PranowoImamWikiquoteGunung LawuPowiat PłońskDeswita MaharaniDamau, Kapuloan TalaudSinarmas GroupIker CasillasYérusalemGeorg Wilhelm Friedrich HegelSikasKalium permanganatAlfred RiedlJenang KudusBéngésHappy Asmaraꦭꦥꦶꦱ꧀ꦫꦺꦴꦠꦶGongProtozoaBahrain ing OlimpiadeSoedjatmokoItachi UchihaF-35 Lightning IIResèpPrau panumpes Jerman Z21 Wilhelm HeidkampPasisir ParangtritisCrash Landing on YouISO 3166-1Kabupatèn SukabumiBathara SuryaFésénjānBasa ViètnamWangsalanRahwanaWajraCoto MakassarMikrofilamènKuthilangWalang sangitPelemJeruk purutSandi morseBasa InggrisBrokohanParto PatrioIslamMick JaggerAda BandKatie Holmes🡆 More