Wafer

Wafer ya iku bahan dhasar saka komponèn microsystem.

Wafer lumrahé nduwéni wujud saka lempengan tipis kang dhapuré bunder lan ana garis ing salah siji pérangané. Lumrahé wafer digawé saka kristal silikon.

Wafer
Wafer silikon

Saka bahan dhasar pasir kang ngandhut silikon oksida, banjur dibakar nganggo karbon. Iki gunané kanggo ngetokaké oksigèn saka silikon. Silikon kang ora murni iki banjur digawé murni kanthi prosès Siemens utawa prosès DuPont. Sawisé dadi murni amarga reaksi kimia iki, wafer banjur digawé kristal kanthi salh sawijiné prosès kang diarani prosès Czochralski. Carané kanthi diléléhaké lan dianyepaké kanthi cara muter alon-alon mendhuwur. Kanthi metode iki, maragaké pengotor alon-alon banjur pindah mengisor lan bakal dadi batang silikon murni kang dhapuré silinder. Sawisé prosès iki mandheg, panggonan kanggo nglelehaké silikon uga dadi rusoh amarga regedan kang menep mengisor.

Prosès Czochralski bisa optimal kanthi cara digawé ing ruwangan kang isiné gas lan panggonan kang angél nggawé reaksi karo zat liyané kaya ta gas mulia argon lan quartz.

Batang silikon kang dikethok-kethok dadi lempengan tipis kang dhapuré bunder kanthi piranti kanggo ngéthok kang teliti banget. Wafer kang wis dikethok banjur dipoles saéngga rata kaya kaca nganti orde micrometer. Sawisé iku, wafer banjur siyap kanggo diproses dadi Integrated Circuit utawa piranti microsystem liyané.

Cathetan suku


Tags:

GarisKristalSilikon

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

PariwaraJustin BieberDenny CaknanSesantiMaricaIwan FalsGunung geniPencak silatTim nasional bal-balan KamerunPitikPucungWikisumberSevillaWordPressLuhut Binsar PanjaitanPringPiranti gamelan JawaKuala LumpurSirkumfleksSunan DrajatLogikaPutihSurinameKarbon dioksidaꦏꦼꦕꦥꦶDéwa Ruciꦥꦼꦱꦶꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦪꦲꦸ!ImprovisasiBagimu Negeriꦧꦺꦱ꧀ꦏꦥ꧀Glenn FredlyNgilé, Tulakan, PacitanSahurGajah gajahIjmaJalur SutraGuatémalaTembung YogyaswaraNanotèknologiCiri wanci lelai ginawa matiWikipédia basa JawaADO Den HaagBathara GuruIvar JennerWajikMarco MaterazziIndonesia Suburꦱ꧀ꦊꦤ꧀ꦛꦺꦴAmbal warsaMitoniManuk tuhuIbnu RusydPada madyaLunpiaIndosiarGajahElektronikaSesorahRukun IslamParto PatrioOkan CorneliusLelara koronavirus 2019Kacerdhasan gawéyanWiji jagungSlenthemBoris JohnsonPeking (gamelan)ꦗꦤꦸꦂBipasha BasuPedhotanBalabakDuryodana🡆 More