Wedhi

Wedhi' (basa Indonésia: Pasir) yaiku bahan material kang wujudé butiran utawa bunder-bunder nanging ukurané cilik.

Bunder-bunder wedhi ukurané 0,0625 nganti 2 milimeter. Matéri utawa bahan kang minangka pasir yaiku silikom dioksida, nanging ing pasisir tropis lan subtropis lumrahé wedhi diwangun saka kapur. Jinis wedhi yaiku wedhi silika, wedhi chromit, wedhi zircon. Wedhi siika yaiku wedhi sintèsis utawa wwedhi gawéan wedhi iki duwé kadhar SiO2 95%. Wedhi silika kalebu wedhi kang duwé kualitas apik lan sithik impuritis. Wedhi silika kalebu wedhi kang akèh digunakaké awit regané kang murah lan cacahé kang akèh.

Wedhi
Wedhi
Wedhi
Wedhi
Wedhi
Wedhi
Wedhi
Wedhi

Wedhi Zirkon yaiku wedhi kang kasusun déning ZrO2.SiO2. Wedhi zirkon wernané soklat utawa abang rada kuning. Wedhi iki asalé saka zirkonium murni kang duwé neutron sithik, wedhi iki kuwat sanajan manggon ing témperatur kang dhuwur. Wedhi zirkon tahan karo korosi kimia, saliyané kanggo cithakan wedhi, wedhi jinis iki uga kena kanggo reaktor nuklir lan radiometric dating.

Wedhi kali utawa wedhi yasan yaiku wedhi kang tinemu ing pinggir-pinggir kali. Wedhi iki asalé saka pecahan watu kang ngendhap éwonan taun utawa ana material kang gunung kang kéntér nganti tekan kali. Pasir iki lumrahé kanggo campuran material yasan kaya ta semèn, gamping. Pasir jinis iki regané murah. Lumrahé didol kanthi cara rit utawa sak trek.

Nambang wedhi kudu tetep njaga lan gatèkaké lingkungan. Akèh wong-wong kang nambang wedhi nganggo piranti-piranti berat saéngga ngrusak lingkungan. Ana uga wong kang nambang wedhi kang nganggo piranti kang isih manual. Kang nglakoni iki lumrahé para warga saubengé kali kang ngandhut wedhi.

Cathetan suku


Tags:

BahanBasa IndonésiaKapurMilimeterSubtropisTropis

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Mark ZuckerbergKunirKucingPlutoBègStadion SiliwangiMuara Wis, Kutai KartanegaraPierre-Simon LaplaceBenikDentawyanjanaMarokoPanambang2020-anLion AirRukun ImanNASAKuwé pancongSumbadraSurat Al IkhlashRebabNagara Islam Irak lan SyamWahid HasyimKembenKerata basaPrastawa BudayaDhandhanggulaMihrabWidi WidajatSutomoWessexSufismeMickey Mouse ClubhouseRéyogZhang ZiyiAngkor WatCepu, BloraStadion Gelora Bung KarnoCrash Landing on YouTabang, Kutai KartanegaraMenitGiri Lusi Janma Tan Kena KiniraCukShigeo TokudaWedhus gèmbèlLorKutha NgayogyakartaMiki TikusElipsRawonBrokohanPramoedya Ananta Toerꦭꦸꦩ꧀ꦥꦁNyadranIndrajitInggrisAllahTahu SumedangPallywoodKendhiArjunaPattimuraManuel RoxasParto PatrioHanyu PinyinKarbitBarakudaSetiawan DjodiUleg-ulegTasJay IdzesAndroidWektu Universal KakoordhinasiJalur SutraSepur Gaya Baru Malam Selatan🡆 More