Semèn

Semèn ya iku zat kang kanggo ngraketaké watu, bata, batako, utawa bahan yasan liyané.

Tembung semèn asalé saka tembung caementum (basa Latin),kang tegesé ngethok-ngethok dadi luwih cilik lan ora aturan dhapuré. Sanajan tau misuwur ing jamané, semèn made in Napoli iki wis ora diprodhuksi manèh. Semèn iki ora diprodhuksi sawisé ambruké karajan Romawi, kurang luwih abad pertengahan nalika taun 1100-1500 M. Semèn resèp ramuan pozzuolana iki wis ora diprodhuksi manèh.

Semèn
Semèn

Sajarah

Sajeroning owah gingsiring pradhaban manungsa ing babagan wewangunan, kerep ana carita yèn para leluhur ing jaman biyèn bisa ngraketakè watu-watu kang gedhé mung nganggo putih endhog, ketan lan liya-liyané. Nanging uga bisa yasa wewangunan kaya ta yasan-yasan kang fénomènal. Contoné Candhi Barabudhur utawa Candhi Prambanan ing Indonésia, kreteg ing Cina kang miturut legendha mung nggunakaké ketan kanggo ngraketaké. Saliyané iku ana uga kang nggunakaké aspal alam kaya ta ing pradhaban ing Mahenjo Daro lan Harappa ing India utawa wewangunan kuna kang tinemu ing Pulo Buton Bener lan orané, carita, legendha iku nuduhaké yèn semèn wis dikenal wiwit jaman biyèn. Sadurungé nganti dadi wujud kang kaya saiki, kanggo nèmpèlaké lan ngraketaké wewangunan mung nggunakaké campuran watu kapur lan awu vulkanis. Kang sepisanan tinemu ing jaman Karajan Romawi, panceré ing Pozzuoli, cerak teluk Napoli, Italia. Bubuk iku banjur dijenengi pozzuolana. Ing abad kang kaping 18 (ana uga sumber kang nyebutaké kurang luwih taun 1700-an M), John Smeaton ya iku insinyur kang asalé saka Inggris nemu ramuan kuna kanggo ngraketaké material yasan iki. Dhèwèké nggawé adhonan saka campuran watu kapur lan lemah lempung nalika nggawé lan yasa menara suar Eddystone ing pinggir pasisir Cornwall, Inggris.

Kandhutan dat kimia

  • Trikalsium silikat
  • Dikalsium silikat
  • Trikalsium aluminat
  • Tetrakalsium aluminofe
  • Gipsum

Jinis semèn

Jinis semèn
No.SNI Jeneng
SNI 15-0129-2004 Semèn portland putih
SNI 15-0302-2004 Semèn portland pozolan / Portland Pozzolan Cement (PPC)
SNI 15-2049-2004 Semèn portland / Ordinary Portland Cement (OPC)
SNI 15-3500-2004 Semèn portland campur
SNI 15-3758-2004 Semèn masonry
SNI 15-7064-2004 Semèn portland komposit

Konsumsi lan Ekspor Semèn Indonésia

Konsumsi lan Ekspor Semèn Indonésia
Taun Konsumsi Nasional (sajeroning ton) Ekspor(sajeroning ton)
1990 13.762.000 2.516.000
1991 15.513.000 1.041.000
1992 15.801.000 2.570.000
1993 17.804.000 1.409.000
1994 21.527.000 536.000
1995 23.979.000 154.000
1996 25.374.000 330.000
1997 27.940.000 801.000
1998 19.243.000 4.420.000
1999 18.769.000 5.108.000
2000 22.290.000 4.903.000
2001 25.530.000 5.750.000
2002 27.180.000 4.183.000
2003 27.528.000 3.073.000
2004 30.069.000 2.946.000
2005 31.433.000 3.289.000
2009 38.400.000
2010 41.500.000* 3.000.000
2011 45.000.000 2.000.000*
2012 48.150.000*
  • Sumber: Kanggo taun 1991 nganti 2005 saka Departemen Perindustrian, Direkterat Agro dan Kimia taun 2006
  • Katrangan = (*): Predhiksi

Pabrik Semèn ing Indonésia

  • Holcim Indonésia
  • PT Indocement Tunggal Prakarsa (Semèn Tigaroda)
  • PT Semèn Baturaja (Semèn Baturaja)
  • PT Semèn Padang (Semèn Padang)
  • PT Semèn Gresik (Semèn Gresik)
  • PT Semèn Bosowa (Semèn Bosowa)
  • PT Semèn Andalas (Semèn Andalas)
  • PT Semèn Tonasa (Semèn Tonasa)
  • PT Semèn Kupang (Semèn Kupang)

Cathetan suku


Tags:

Semèn SajarahSemèn Jinis semènSemèn Konsumsi lan Ekspor IndonésiaSemèn Pabrik ing IndonésiaSemèn Cathetan sukuSemèn11001500Bahan yasanBasa LatinBataNapoliWatu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Alfred RiedlGoogleÉjakulasiLos AngelesApple Inc.JambiYuni SharaMijilMawarTembang dolananKabupatèn KlungkungWawancaraBarongsaiBlogKiperWarakFerry RotinsuluMenara EiffelC++Anang HermansyahGibran RakabumingAkulturasiDaérah IstiméwaSinomDhandhanggulaPulo BunakenLuca ToniGunung LawuMingguSandy WalshAsty AnantaSelat LombokGendhingRépublik Rakyat CinaAlang-alangꦧꦫꦺꦴꦁꦱꦻHibiki ŌtsukiDinda KanyadewiWikipédiaCut Nyak DhienDelimaPattimuraGathotkacaꦄꦩ꧀ꦮꦂꦱBaworꦠꦶꦩ꧀ꦧꦔꦤ꧀Jinising paragrafTakbirBima (paraga Mahabharata)SléndroWektuYudhisthiraIndra LesmanaAmateur Night (filem)Gatot NurmantyoKerata basaTukul ArwanaIPhoneJoaquin PhoenixZeusKuwé lapisWalikuthaDrijiSalam Lintas AgamiSpongeBob SquarePantsPangéran DipanegaraSon Heung-minSepur LodayaJavaScriptJohorLombokRebabKunir asemKethukCarita Aji SakaZona wektu🡆 More