Bal-Balan Gagrag Amérika Sarékat

Bal-balan gagrag Amérikah Sarékat iku sawijining jinis ulah raga bal-balan sing dimainaké ing nagara Amérikah Sarékat lan uga Kanada.

Ing nagara loro iki, olahraga bal-balan iki diarani football utawa gridiron. Olahraga iki ditandhingaké déning tim loro sing sijiné kawujudaké saka juru main sing cacahé ana sawelas. Ulah raga iki dimainaké ing sawijining lapangan pasagi mujur lan ing pungkasané lapangan ing sisih kiwa lan tengen ana cagak sing fungsiné dadi gawang golé. Olèhé main iku, manawa nyerang, tim sing lagi nyerang kudu nyoba maju ing lapangan lumayu utawa ngepasaké bal, kamangka tim sing lagi ngreksa paruh lapangané kudu nahan tim panyerang aja nganti balé tekan buri lan yèn bisa ngrebut balé. Olèhé nyerang kudu bisa maju 10 yard sajeroning patang down (tiba), yèn ora bal kudu diwènèhaké tim tandhingan. Tim bisa olèh wiji mawa nggawa bal tekan zona pungkasan, prakara iki diarani touchdown (demok ngisor) utawa mawa ngegolaké bal ngliwati gawang. Gawangé rupané mèmper porok tala.

Bal-Balan Gagrag Amérika Sarékat
Larry Fitzgerald (klambi biru) nangkep sawijining pas sing direksa déning Cortland Finnegan (klambi abang) nalika Pro Bowl taun 2009

Tim sing olèh wiji akèh dhéwé, ya iku sing menangaké tetandhingan.

Tags:

Amérikah SarékatBal-balanKanadaPorok talaTouchdown

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

St. PetersburgBudayaEugenio MontaleParté DhémokratGoogleInternètPasa (Islam)Doha1980BumiPsikopatISO 3166-11961BJenang sungsumWewengkon dependensiTémbok SesambatMartin Luther King, Jr.Peru1991Sake30 JuniMasjidMalaysiaLaut KaspiaFacebookPadunungZinédine ZidaneMarsGeorge WashingtonOsloFilem ilangAlasIndhi1911Julius CaesarDasanamaSwitserlanKerja Sama Ekonomi Asia PasifikJepangAntarktikaSurat Al BaqarahSogok telikOblast SakhalinUtahTalmudPaculMicrosoft WindowsDhandhanggulaGongRépublik Rakyat Cina47Perang Sadulur AmérikaCathetan padinanLintang kidulEOmeshSetuAbang1920Prau dlajah Jepang Suzuya (1934)Surat Al QiyaamahBalèt Ramayana PrambananJanuari1945Surat Al Kaafiruun45MaliAdobe Flash PlayerDuka yayah sanipi, jaja bang mawinga-wingaKutha SurabayaWadon🡆 More