Mars: Planit kapapat saka Srengéngé ing Tata Surya

Mars utawa Anggara yaiku planit kaping papat saka srengéngé.

Jenengé dijupuk saka jeneng déwa prang Romawi, Mars. Planit iki asring diarani "planit abang" amarga yèn dideleng saka kadohan katon semu abang. Iki amarga anané wesi (III) oksida ing lumah planit Anggara. Anggara iku planit kang isiné watu kanthi atmosfér kang tipis. Ing lumah Anggara ana kawah, gunung geni, lembah, ara-ara, lan tudung ès. Pèriodhe rotasi lan siklus mangsa Anggara mirib karo Bumi. Ing Planit Anggara ana Gunung Olimpus, gunung kang paling dhuwur ing Tata Surya, lan Valles Marineris, lembah paling amba ing Tata Surya. Saliyané iku, ing sisih lor ana cekungan Borealis ambané nganti tekan 40% lumah Anggara.

Mars  ♂
Planit Mars
Mars dilihat olèh teleskop luar angkasa Hubble
Penamaan
Adjektif Martian
Epos J2000
Aphelion249.209.300 km
1,665 861 SA
Perihelion 206.669.000 km
1,381 497 SA
Sumbu semi-mayor 227.939.100 km
1,523 679 SA
Eksentrisitas 0,093 315
Periode orbit 686,971 dina
1,8808 taun Julian
668,5991 sol
Periode sinodis 779,96 dina
2,135 taun Julian
Kecepatan orbit rata-rata 24,077 km/s
Inklinasi 1,850° menyang Ekliptika
5,65° marang ekuator srengéngé
1,67° marang babagan Invariabel
Bujur node menaik 49,562°
Argumen perihelion 286,537°
Satelit 2
Ciri-ciri fisik
Jari-jari khatulistiwa 3.396,2 ± 0,1 km[a]
0,533 Bumi
Jari-jari kutub 3.376,2 ± 0,1 km[a]
0,531 Bumi
Kepepatan 0,005 89 ± 0,000 15
Luas permukaan 144.798.500 km²
0,284 Bumi
Volume 1,6318×1011 km³
0,151 Bumi
Massa 6,4185×1023 kg
0,107 Bumi
Kepadatan rata-rata 3,934 g/cm³
Gravitasi permukaan di khatulistiwa3,69 m/s²
0,376 g
Kecepatan lepas5,027 km/s
Hari sideris 1,025 957 hari
24,622 96 h
Kecepatan rotasi 868,22 km/jam
Kemiringan sumbu 25,19°
Asensio rekta bagi kutub utara 21 j 10 m 44 d
317,681 43°
Deklinasi 52,886 50°
Albedo0,15
Suhu permukaan
   Kelvin
   Celsius
minrata-ratamaks
186 K227 K268 K
−87 °C−46 °C−5 °C
Magnitudo tampak +1,8 hingga −2,91
Ukuran sudut 3,5—25,1"
Atmosfer
Tekanan permukaan 0,6–1,0 kPa
Komposisi 95,72% Karbon dioksida
2.7% Nitrogen
1.6% Argon
0.2% Oksigen
0.07% Karbon monoksida
0.03% Uap air
0.01% Nitrogen monoksida
2.5 ppm Neon
300 ppb Krypton
130 ppb Formaldehida
80 ppb Xenon
30 ppb Ozon
10 ppb Metana

Lingkungan Anggara luwih bisa kanggo manggon urip tinimbang kahanane Planét Kejora. Sanajan mangkono, kaanan kayaiku ora cukup idhéal kanggo uripé manungsa. Suhu udara kang rada adhem lan tekanan udara kang sithik, ditambah manèh karo komposisi udara ing Anggara isiné karbondioksida, ndadékaké manungsa kudu nganggo piranti ambegan yèn kepéngin manggon ing kana. Misi-misi menyang planit abang iki, nganti tekan pungkasané abad kaping 20, durung bisa kasil nemu tipak panguripan ing kana, sanajan kang paling prasaja.

Planit duwé 2 satelit, yaiku Phobos lan Deimos. Planit iki mbutuhaké 686 dina kanggo ngubengi srengéngé. Planit iki uga nindakaké rotasi. Suwe rotasiné yaiku 25,62 jam.

Ing planit Mars, ana fitur unik ing laladan Cydonia Mensae. Fitur iki wujudé kaya bukit yèn dideleng saka dhuwur katon kaya rai manungsa. Akèh kang nganggep yèn bukit iku bukti saka peradaban kang wis suwé musnah ing Mars, sanajan saiki wis kabukti yèn fitur iku mung kenampakan alam biyasa.

Ing mitologi Yunani, planit iki idhéntik karo déwa perang, yaiku Aries, putra Zeus lan Hera.

Ciri fisik

Mars: Ciri fisik, Cathetan sikil, Pranala njaba 
Perbandhingan ukuran Bumi lan Mars.

Mars duwé jari-jari kira-kira setengahé jari-jari Bumi kurang luwih 6000 m. Planit iki kurang madhet yèn dibandhingaké karo Bumi. Volume Planit Mars mung watara 15% lan massané mung 11% saka massa Bumi. Ambané luwih ciyut saka ambané laladan panggonan garing ing Bumi. Mars luwih gedhé tinimbang Merkurius, nanging Merkurius luwih padhet. Mula rong planit iki nduwé tarikan gravitasi kang meh mirib ing permukaané. Gravitasi Mars luwih kuwat kira-kira kurang saka 1%. Ukuran, massa, lan gravitasi lumah Mars ana ing watarané Bumi lan Bulan (diaméter Bulan mung separoné diaméter Mars, yèn Bumi kaping pindhané; Bumi kaping sangané Mars, lan Bulan siji para sangané). Kenampakan lumah Mars wernané abang semu kuning téla amarga ana wesi(III) oksida, kang luwih misuwur kanthi aran hematite.

Géologi

Miturut pengamatan orbit lan priksanan kumpulan meteorit Mars, lumah Mars kaisi basalt. Sapérangan bukti nuduhaké yèn sapérangan lumah Mars ngandhut silika kang luwih akèh tinimbang basalt biyasa, mirib watu andesit ing Bumi. lumah Mars akèh kang ditutupi awu besi(III) oksida kang marakake katon abang.

Saiki Mars ora duwé medan magnet global, nanging asil pengamatan nuduhaké yèn sapérangan kerak planit termagnetisasi, medan magnet global tau ana ing jaman biyèn. Salah siji téyori kang dibiwara taun 1999 lan diperiksa ulang ing Oktober 2005 (kanthi direwangi Mars Global Surveyor) nuduhaké yèn 4 miliyar taun kepungkir, dinamo Mars mandheg fungsine lan ndadèkaké medan magnete ilang. Uga ana téyori yèn ana asteroid kang gedhé banget tau nabrak Mars lan matèni medan magnete.

Inti Anggara, yang jari-jarinya diperkirakan sebesar 1.480 km, terdiri dari besi dan 14-17% sulfur. Inti besi sulfida ini cair. Lapisan di atas inti Anggara yaiku mantel silikat yang membentuk banyak objek tektonik dan vulkanik di Anggara, tetapi saat ini mantel tersebut wis tidak aktif. Di atas lapisan mantel yaiku kerak, yang ketebalan rata-ratanya sakiwa-tengené 50 km, dan ketebalan maksimumnya 125 km.

Aktivitas géologi isih kadadéan Mars. Athabasca Valles iku panggonan miline lava wiwit 200 yuta taun kapungkur. Aliran banyu ing graben Cerberus Fossae ana watara 20 yuta taun kapungkur, kang dadi pratandha anané intrusi vulkanik. Nalika 19 Fèbruari 2008, gambar kang diabadhikake déning Mars Reconnaissance Orbiter nuduhukae bukti anané longsor ing tebing kang dhuwuré 700 m.

Lemah

Adhedhasar dhata saka wahana Phoenix, lemah Mars kapérang saka unsur magnesium, sodium, potasium, lan klorida. Nutrien iku bisa tinemu ing kebun Bumi lan wigati kanggo thukulé tuwuhan. Percobaan kang dilakoni wahana Phoenix yèn lemah ing Mars ngandhut pH 8,3, lan uyah perklorat.

Cerat bisa tinemu ing Anggara. Cerat anyar asring ana ing pèrèng curam kawah, palung, lan lembah. Cerat wiwitane wernané peteng saya suwé warna cerat dadi tansaya padhang. Kadhang-kadhang cerat methungul kanthi ukuran kang cilik banjur tambah amba nganti tekan atusan mèter. Cerat uga nututi pinggiran watu. Miturut téyori kang ana, cerat iku lapisan lemah awarna peteng ing ngisor kang ana amarga longsor utawa anané badhé awu. Ana penjelasan liyané kang ana gegayutane karo banyu lan thukulé organisme.

Cathetan sikil

Pranala njaba

Tags:

Mars Ciri fisikMars Cathetan sikilMars Pranala njabaMarsAra-araBumiDéwaGunung geniPlanitRomawiSrengéngéTata SuryaWatuÈs

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Nagita SlavinaSunan KalijagaTotohanAntarktikaGanjar Pranowo5 Dhésèmberꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃDentawyanjanaIftarEllyas PicalWayang golèkSurat Al Jumu’ahSurat Al MuzzammilNoe LettoMahabharataPurwakanthiSurat Adh DhuhaAdulIndhonésiaSurat Al 'Alaqꦈꦛꦶꦏ꧀KagunanSerat WédhatamaRowan AtkinsonKanadhaDhagelan MataramTatune arang kranjangBima (paraga Mahabharata)Gibran RakabumingEutanasiaIrfan HakimMacaC++Indra BruggmanMonumèn NasionalIsuzu PantherWangsalanGeni.comTembang GedheGambangOrong-orongRaffi AhmadWoh nagaWektu Standar JepangMarco van BastenGajah MadaDidier DeschampsBika ambonUla marani gebugSusuDinosaurusWayang bèbèrPada madyaTaling tarungAriana GrandeLindhu lan tsunami Sendai 2011WikisastraBasa JawaThomas AquinasDyah Pitaloka CitraresmiGuritaSurjanWadonKabupatèn GresikSurat Al FathPasamuan ing ÉropahWikipédiaCumbanaOmah GadangSidratul muntaha5 OktoberSitrusHidrogenWikiKurt Gödel🡆 More