Padunung: Cacahing manungsa sing dumunung nunggal laladan

Pandunung siji nagara utawa laladan bisa dipérang dadi rong pangertèn:

  • Wong kang manggon ing laladan mau
  • Wong kang kanthi ukum duwé hak manggon ing laladan mau, utawa duwé layang parijawat (Ind: surat resmi) kanggo manggon ing kana, nanging milih manggon ing laladan liya.
Padunung: Kapadhetan kang ndunungi, Padunung donya, Réferènsi
Dalan kang kebak kang ndunungi Jepang, nagara kanthi kapadhetan kang ndunungi kang dhuwur banget
Padunung: Kapadhetan kang ndunungi, Padunung donya, Réferènsi
Proyeksi tuwuhing kang ndunungi donya abad iki

Sajeroning parisabawidya, kang ndunungi ya iku klumpukaning manungsa kang ngenggoni wewengkon pratalawimba lan ruwang tartamtu.

Prakara-prakara ngenani wong kang ndunungi disinaoni ing kawruh Dhémografi. Manéka warna aspèk tindak tanduk manungsa disinaoni ing parisabawidya, artatatawidya, lan parisabawidya. Dhémografi akèh dianggo ing babagan pemasaran, kang gegandhèngan raket karo unit-unit artatata (Ind: ekonomi), kaya déné pengècèr nganti juru lêngganan potensiyal.

Kapadhetan kang ndunungi

Padunung: Kapadhetan kang ndunungi, Padunung donya, Réferènsi 
Tuwuhing kang ndunungi luwih dhuwur ing nagara tumuwuh (abang) katimbang ing nagara maju (biru)

Kapadhetan kang ndunungi diitung kanthi mara cacahing kang ndunungi karo jembar wewengkon kang dipanggoni (Dunung dipara jembar wewengkon).

Sawetara juru awat (Ind: pengamat) babrayan pracaya yèn citakara (Ind: konsep) kapasitas amot uga lumaku sajeroning nyinaoni bab wong kang ndunungi bumi, ya iku wong kang ndunungi kang ora kakontrol bisa njalari bencana Malthus. Sawetara juwu awat liyane ra pracaya marang panemu iki. Grapik ing ngisor nuduhaké mundhaké logistik kang ndunungi.

Nagara-nagara cilik lumrahé duwé kapadhetan wong kang ndunungi kanthi paling dhuwur, ing antarané: Monako, Singapura, Vatikan, lan Malta. Nagara gedhé kang duwé kapadhetan kang dhuwur antarané Jepang lan Bangladesh.

Padunung donya

Padunung: Kapadhetan kang ndunungi, Padunung donya, Réferènsi 
Populasi donya 1950-2011
Padunung: Kapadhetan kang ndunungi, Padunung donya, Réferènsi 
Cepeting tuwuh 1950-2010

Adhedhasar prakira kang ditrebitkan déning Biro Cacahjiwa Amérika Sarékat, kang ndunungi donya ngancik angka 6,5 milyar jiwa ing tanggal 26 Pebruari 2006 jam 07.16 WIB. Saka watara 6,5 milyar kang ndunungi donya, 4 milyar ing antarané manggon ing Asia. Pitu saka sepuluh nagara kang ndunungi paling akèh ing donya dumunung ana ing Asia (sanadyan Rusiyah dumunung ing Éropa). Ing ngisor iki urut titining (Ind: peringkat) nagara-nagara ing donya dhedhasar cacahing kang ndunungi (2005):

  1. Républik Rakyat Tiongkok (1.306.313.812 jiwa)
  2. India (1.103.600.000 jiwa)
  3. Amérika Sarékat (298.186.698 jiwa)
  4. Indonésia (241.973.879 jiwa)
  5. Brasil (186.112.794 jiwa)
  6. Pakistan (162.419.946 jiwa)
  7. Bangladesh (144.319.628 jiwa)
  8. Ruslan (143.420.309 jiwa)
  9. Nigeria (128.771.988 jiwa)
  10. Jepang (127.417.244 jiwa)

-->

Réferènsi

Pranala njaba

Tags:

Padunung Kapadhetan kang ndunungiPadunung donyaPadunung RéferènsiPadunung Pranala njabaPadunungNagara

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

SarajevoInggrisSwèdhen1994SingaSarjanaAlex FergusonKomputasi1917Lapis legitMicrosoftOmah adat JawaRisolesAbad ping 20Temu kunciEmma WatsonStadion SiliwangiWunguAsmaradanaCamomilePortugalKalkulusCrash Landing on YouSyahriniSwitserlanGalaksi AndromedaNyadranEmas2021Lurung GazaJamur kuping abangHemisferSlankKapadhetanMarcus RashfordMaulana Jumadil KubroHostess CupCakeBasa InggrisSandiaga UnoSusterKéwan klangenanCumbanaCumbana payudaraCeresF-14 TomcatOlimpiadhe Mangsa Panas 2024CenilKabupatèn TegalBranchiopodaBisnis11 MaretMatèriBimasektiHaumeaKanadhaAksara LontaraLesmanaTata SuryaPrajuritWayang kulitSutan SyahrirGongSujarah Maritim NuswantaraWektu Universal KakoordhinasiTang XianhuMaskumambangLeléwaning basaKabupatèn BanyuwangiPartai Demokrasi Indonesia PerjuanganDian SastrowardoyoJawaCarita Aji SakaAnimasi🡆 More