Futsal ya iku ulah raga kang migunakaké bal kang dimainaké tim kang cacahé loro.
Saben tim futsal cacahé lima juru main. Futsal ancasé nglebokaké bal ing gawang lawan main kanthi manipulasi lan mainaké bal nganggo sikil. Saliyané juru main utama, saben regu uga nduwé juru main cadhangan. Lapangan futsal diwatesi garis, dudu nét utawa papan.
Istilah futsal iku kalebu istilah internasional. Futsal asalé saka basa Spanyol utawa Portugis ya iku futbol lan sala. Futsal kalebu ulah raga indoor tegesé ing njero ruangan.
Futsal dadi idola tumrap wong kang seneng ulah raga mligi bocah enom. Saliyané iku futsal uga wis dadi gaya urip (lifestyle) kanggoné wong-wong saka pejabat, pekerja kantoran, karyawan, guru, mahasiswa, bocah SMA, nganti tukang ojek. Akèh juru main bal kang misuwur ing dunya kang mauné uga seneng futsal, kaya ta Pele, Maradona, Romario, Zico. Saiki lapangan futsal uga kena kanggo bisnis. Carané nyéwakaké lapangan futsal karo wong-wong kang arep main futsal.
Futsal diciptakaké ing Montevideo, Uruguay taun 1930. Déné kang nyiptaakae futsal jenenge Juan Carlos Ceriani. Futsal kang unik iki olèh kawigatèn saka Amérika Kidul khususé Brasil dadi pusat futsal sadonya. Futsal saiki dimainake lan éntuk saka pangayoman saka Fédération Internationale de Football Association ing donya, saka Éropah nganti Amérika Tengah lan Amérika Lor lan Afrika, Asia, lan Oséania.
Tetandhingan internasional kang sepisanan dianakaké ing taun 1965. Nalika semana Paraguay kang dadi juwara ing Piala Amérika Selatan kang sepisanan. Enem tetandhingan sawisé iku kang diadani nganti taun 1979 uga dimenangaké Brasil. Brasil uga menangaké Piala Pan Amérika kang sepisanan ing taun 1980 lan tetep dadi juara ing taun 1984.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Futsal, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.