Bambang Hendarso Danuri

Bambang Hendarso Danuri (lair ing Bogor, Jawa Kulon, 10 Oktober 1952; umur 71 taun), inggih punika pangarsanipun Kapulisian] Indonésia saking taun 2008 ngantos dumugi 2010.

Panjenenganipun dados gantosipun Jenderal Sutanto ingkang sampun purna tugas. Panjenenganipun dipunlantik dados pangarsanipun Kapulisian Indonésia nalika tanggal 30 September 2008. Bambang Hendarso Danuri punika lulusan Akadhemi Kapulisian Républik Indonésia (AKABRI) ing warsa 1974. Panjenenganipun pikantuk gelar sarjana saking Pawiyatan Inggil Ilmu Kapulisian (Perguruan Tinggi Ilmu Kepulisian) lan Sekolah Inggil Ilmu Ékonomi Jakarta.

Drs. H.
Bambang Hendarso Danuri
Bambang Hendarso Danuri
Kepala Kepulisian Nagara Republik Indonesia 20
Linggih
1 Oktober 2008 – 22 Oktober 2010
Kang sadurungéSutanto
Kang sawiséTimur Pradopo
Rerincèn dhiri
Lair (1952-10-10) Oktober 10, 1952 (umur 71)
Indhonésia Bogor, Jawa Barat, Indonésia
SisihanNanny Hartiningsih
AlmamaterPerguruan Tinggi Ilmu Kepulisian (PTIK)
Sekolah Tinggi Ilmu Ékonomi Jakarta
AgamaIslam

Bambang miwiti kariéripun ing kapulisian minangka dados Wakasat Sabhara Polresta Bogor Polda Jawa Kilèn ing warsa 1975. Sasampunipun punika kariéripun tansah minggah ngantos naté dados Kapolres Jayapura (1993), Wakapolwil Bogor Polda Jawa Kilèn (1994), Kadit Serse Polda Nusa Tenggara Kilèn (1997), Kadit Serse Polda Bali (1999), Kadit Serse Polda Jawa Wétan (2000), Kadit Serse Polda Metro Jaya, Kapolda Sumatra Lèr) (2005-2006), lan Pangarsanipun Badan Reserse Kriminal Mabes Polri (2006). Kanugrahan ingkang naté dipuntampi déning Bambang Hendarso Danuri inggih punika Satya Lencana Kesetiaan 8 taun, Satya Lencana Karya Bhakti, lan Satya Lencana Ksatria Tamtama.

Cathetan suku

Pranala njawi

Profil Kapolri Jend.(pol) Bambang Hendarso Danuri (BHD)[pranala mati permanèn]


Tags:

10 Oktober195219742008201030 SeptemberBogorIndonésiaJakartaJawa KulonJenderalSarjanaSutanto

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Kaamiran Arab ManunggalKarna1994GamelanGeffenPitLawang SèwuOklahomaDrupadiLupisKolombia1911Bale Sigala-galaBalèt Ramayana Prambanan9Surat Al A’Raaf60GubernurBioteknologiTènesBrasilPanama1929AgnostisismeKopiBilal bin Rabah2023Kali Sava53Kanthong semarBanyuDeng XiaopingSinomAlkitabBotaniKresnaPiala Donya U-20 FIFAHertzSurat MuhammadKalium nitrat30Disney ChannelDhandhanggulaWortelSandhiwaraEugenio MontaleImperium BritaniaMark Zuckerberg25 NovèmberBudayaPerang Sadulur AmérikaElizabeth OlsenYati OctaviaRépublik Rakyat CinaCitraanGeorge BestBal-balan gagrag Amérika SarékatSeni rupa IslamNaskah mawi iluminasi1977Arané pérangan awakFilemWikipédia1991Paus Innosentius IVAlginatQatarArmèniCPeruMarsKunthiSesorah🡆 More