Wortel: Jinisé tanduran

Wortel iku salah sijiné tetuwuhan kang duwé akèh baget vitamin c lan karokèn.

Wortel
Wortel: Jinisé tanduran
Panenan wortel
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Apiales
Famili: Apiaceae
Génus: Daucus
Spésies: D. carota
Jeneng binomial
Daucus carota
L.
Wortel: Jinisé tanduran
Wortel
Wortel: Jinisé tanduran
Daucus carota subsp. maximus

Salah sijiné jinis antioksidan kang banget wigatiné kanggo sèhaté mripat. Saliayané iku uga bisa kanggo njaga-jaga saka lara jantung sarta sapérangan jinisé kangker. Siji wortel mentah kang aboté sedeng iku kira-kira bisa nyukupi kabutuhan vitamin A awaké dhéwé. Amarga ana zat kang jenengé bétarotén kang banget dhuwuré, apik banget kanggo kesarasan mripat kita. Saliyané iku uga duwé kalori kang saben tugelané wortel kira-kira 10 cm, duwé 52 kalori, lan 12 gram karbohidrat. Rasa legi kang ana ing wortel ora marahi awakè dhèwè dadi lemu. Amarga iku saka gula asli kang digawé saka serat lan karbohidrat kang jangkep. Ing gula asli iki uga duwé manéka warna vitamin lan mineral. Mupangat kang bisa dijupuk saka wortel yaiku bisa dadékaké séhat pencernaané awaké dhéwé. Wortel iki nduwé zat fakarinol kang bisa biyantu kanggo jaga-jaga saka kangker usus. Wortel uga bisa dadi sarana ngresiki lan nguwataké ati awaké dhéwé, mula bisa gawé ndhuwuraké kabéh fungsiné sitemé awak. Dr. Kirsten Brandt nuturakĮ yèn ta mupangaté wortel iku bisa ilang yèn ta ora ngerti kepriyé carané ngolah kang apik. sapérangan wong peneliti saka Newcastel, Inggris nuturaké yèn ta cara ngolah wortel kang apik yaiku ora dikethok-kethok dadi cilik-cilik.

Prof Kendhal Hirschi, yaiku salah sijiné wong kang dadi peneliti ana Baylor Collage of Medicine AS, wara-warakaké manawa kasil tuwuhan wortel kang diolah kanthi rekayasa génétik ndadèkaké tambahing zat kalisium. Wong kang seneng madhang wortel anyar iki bakal bisa duwé luwih 41% kalsium yèn ta dibandingaké karo wortel sing racaké. Saka wara-wara iki muga-muga bisa biyantu jaga kesarasan, kaya ta lara balung lan osteoporosis. Tetuwuhan iki apik banget yèn dikanggoké diet kang bisa mudhunké aboté awak wong sing kelemon. Amarga wortel iku duwé kalori kang cendhèk, nanging akèh seraté lan banyuné. Mula bisa mbiyantu maregaké weteng kang bisa ngedhemké rasa luwé kang rada suwé. Apiké manèh saka prakara iku bisa ngilangi rasa kepèngin ngemil panganan kang ora apik kanggo awak.

Pranata Njaba

Cathetan suku


Cithakan:Jangonon-stub

Tags:

AntioksidanInggrisJantungKarbohidratMineralMripatSeratTetuwuhanVitaminVitamin AWong

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

LailatulkadarSpacetoonMisroRatu FelishaTedhak sitènAndy LauMat SolarVicky NitinegoroKresnaVeve ZulfikarBromBabad SokarajaNike ArdillaMikèl ArtétaPananggalan JawaFadel MuhammadSepongMusik TradhisionalPheng Xat LaoAwab Adam JordanUBlock OriginCut Nyak DhienKastil ZuylenKreteg BrooklynSepi ing Pamrih Ramé ing GawéBlackburn Rovers F.C.IklanAmien RaisTom Cruise1188Masjidil KaramAlina KukushkinaNessa SadinManisha KoiralaCengkèhSurat Al Anbiyaa’GemblongAksara PégonAgus SalimBagongKabupatèn Ogan Komering IlirMihrabGunung ButakYésus KristusRaden Ayu Retno DumilahPiala FATaufiq KiemasPierre TendeanNakula1926Krakatau SteelIrfan HakimUkara gothangElon MuskMaman AbdurrahmanTorinoGanjar PranowoUshul fiqihNarto SabdoF-35 Lightning IIJing TianBadan SAR NasionalMark ZuckerbergHarmonikaCenilHeather Storm820-anFilem pornoSutan SyahrirRiauAsia-PasifikOmah Gadang🡆 More