Surat Muhammad: Surat kaping 47 ing Al Qur'an

Surat Muhammad (basa Arab: محمّد) ya iku surat kaping 47 ing Al-Qur'an.

Muhammad
Surat Muhammad: Surat kaping 47 ing Al Qur'an
Surat Muhammad: Surat kaping 47 ing Al Qur'an
Informasi
Makna Muhammad.
Nami sanès al-Qital (Peperangan)
Klasifikasi Madaniyah
Surat ka 47
Juz Juz 26
Statistik
Gunggung ruku' 4 ruku
Gunggung ayat 38 ayat

Surat iki kagolong surat Madaniyah kang dumadi saka 38 ayat. Jeneng Muhammad minangka jeneng surat iki kajupuk saka ngendikane Muhammad kang ana ing ayat 2 surat iki.

Surat Muhammad: Surat kaping 47 ing Al Qur'an
Dokumen Surah Muhammad ayat 9-15 abad kaping 9 saka Afrika Utara

Ing ayat 1, 2 lan 3 surat iki, Allah mbandhingake asil kang diéntukake déning wong-wong kang ora percaya karo apa kang diwenenhake marang Nabi Muhammadlan asil kang diéntukake déning wong-wong kang percaya karo dhèwèké. Wong-wong kang percaya karo apa kang digawa déning Muhammad, ya iku wong-wong kang duwé iman lan manut karo kang hak, amale katampa déning Allah, disepura kabèh salahe. Déné wong-wong kang ora percaya karo Nabi Muhammadya iku wong-wong kang mèlu ksbatilan, amal ibadahe ora katampa, dosane ora disepura, lan bakalan kena azab ing donya lan ing akherat.

Surat iki uga dijenengake Al-Qital kang tegesé peperangan, amarga sapérangan akèh surah iki nyritakake peperangan lan pokok-pokok hukuman, sarta kepriye kudune tumindake wong-wong mukmin marang wong-wong kafir.

Pokok-Pokok Isi

  • Keimanan
    • Wong kang mati syahid bakalan lumebu suwarga
    • Piwalesan ing akherat kanggo wong-wong kang takwa lan wong-wong kang durhaka
    • Keesaan Allah.
  • Hukum-ukum
    • Mateni mungsuh nalika perang arep diwiwiti (sadurungé tandha-tandha-tandha-tandha kemenangan)
    • Nyulik sakabehing nalika arep katon tandha-tandha-tandha-tandha kemenangan
    • Mbebasake tawanan iku kanthi nrima tebusan utawa ora
    • Ora éntuk ngajak damai yèn arep nyata kemenangan.
  • Liyane
    • Allah mesthi awèh coba marang wong-wong mukmin, supaya ngerti sapa waé kang jihad lan sapa kang sabar
    • Uriping donya ya iku mung dolanan lan barang sapa kang iman lan takwa bakalan éntuk ganjaran
    • Allah bakalan nulung wong kang nulungi agamané

Transliterasi lan tapsir (ayat 1 nganti ayat 3)

  1. Al-Ladhīna Kafarū Wa Şaddū `An Sabīli Allāhi 'Ađalla 'A`mālahum.: Wong-wong kang kafir sarta ngalangi (awaké dhéwé lan wong liya) saka dalan Allah, Allah sia-siakaké kabèh amalé.
  2. Wa Al-Ladhīna 'Āmanū Wa `Amilū Aş-Şāliĥāti Wa 'Āmanū Bimā Nuzzila `Alaá Muĥammadin Wa Huwa Al-Ĥaqqu Min Rabbihim Kaffara `Anhum Sayyi'ātihim Wa 'Aşlaĥa Bālahum.: Lan (suwaliké) wong-wong kang iman lan ngayahi amal kang solèh sarta iman marang Kuran kang diudhunaké marang Muhammad (s.a.w) - kang ya iku bebenar saka Gustiné, - Allah ngampuni dosa-dosané, lan agawé jaya kahanané (ing donya lan ing akhirat).
  3. Dhālika Bi'anna Al-Ladhīna Kafarū Attaba`ū Al-Bāţila Wa 'Anna Al-Ladhīna 'Āmanū Attaba`ū Al-Ĥaqqa Min Rabbihim Kadhālika Yađribu Allāhu Lilnnāsi 'Amthālahum.: Lumakuné kang mangkono mau, amarga sakbeneré wong-wong kang kafir nuurut prakara kang salah, lan sakbeneré wong-wong kang iman nurut prakara kang bener saka Gustiné. Mangkono mau Allah nerangaké marang umat manungsa ngenani sipat lan akibat gawané dhéwé-dhéwé (pendhak).

Pranala njaba


Surat Sadurungė:
Surat Al Ahqaf
Al-Qur'an Surat Sabanjurė:
Surat Al Fath
Surat 47


Tags:

Al-Qur'anArabMadaniyah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Ericsson GF 388LintahManuel RoxasKabupatèn SumbawaKrakatau SteelPaula VerhoevenRebut balung tanpa isiPlanèt cilikWlirangNathan Tjoe-A-OnTaman Nasional Gunung LeuserPaguyuban Nagara-Nagara Asia Kidul WétanProvinsiKagunanYouTubeManukCandhiGethukTsumugi AkariBaladéwaRuslanBiografiDian SastrowardoyoUniversitas OxfordLemèt640IndhonésiaKabupatèn KaranganyarAngklungSurat Ali ImranSanja Sangu TrebelaSepi ing Pamrih Ramé ing GawéTembung YogyaswaraSandhanganTampahKodhokGarang asemHak ciptaPrancisErling HaalandTembung panyilahGoogleCilincing, Jakarta LorHaumeaAksara CarakanSutan Takdir AlisyahbanaElipsFilippo InzaghiHagia SophiaZeusAnomanAlisIron MaidenꦥꦼꦤꦶꦠꦶBenny SimanjuntakPukisIShowSpeedKenongBasa ArabDinda KiranaCrash Landing on YouGajah gajahSisingamangaraja XIIBenjamin HarrisonEnceng gondhokLesungPandhitaBabad SokarajaBonangKucingWirangrongPariwaraPutri Titian🡆 More