Baskèt yaiku salah sawjining ulah raga kang misuwur ing donya.
Ulah raga iki mbutuhaké juru main cacah 5 ing saben golongan. Saben juru main ngupaya nglebokaké bal ing kranjangé musuh supaya éntuk poin. Padatan pemainé dhuwur-dhuwur, nganggo kaos tanpa lengen lan kathoke cekak. Ulah raga baskèt dimainké ing lapangan tertutup utawa terbuka. Lapangan kang digunakaké uga luwih ciuk tinimbang lapangan bal-balan.
Mula bukané baskèt dimainké ana ing panggonan tertutup amarga biyèn ulah raga iki mung kanggo ngisi kegiyatan nalika mangsa adhem ing New England. Baskèt wiwit ditandhingaké acara resmi tanggal 20 Januari 1892 ing Amérika Sarékat. Ambané lapangan baskèt yaiku 26 x 14 mèter. I ng kono ana telung bunderan kang ana ing pojok sisih kiwa tengen lan ing tengahé ana jari-jari bunderan kang dawané 180 mèter. Wektu kang dibutuhaké nalika baskèt yaiku 4x10 menit lan wektu ngasoné yaiku 10 menit saben babaké. Yèn skoré padha nalika ing pungkasan, pertandhingané bakal ditambahi nganti ana skore bédha. Mula ana golongan kang dadi pemenang. Basket digawe dening prof. Dr. James A. Naismith minangka guru pendhidhikan jasmani ing YMCA utawa Asosiasi Kristen Pria Muda ing taun 1891 ing Massachusettsusets, Amérika Serikat. Salah sijining kembangané yaiku obahan “slam dunk” utawa nombok yaiku obahan kanggo nglebokaké bal baskèt ing njero kranjang. Ing Idonesia ana kumpulan juru main basket yaiku Perbasi Persatuan Bola Baskèt Seluruh Indonésia kang diresmeake taun 1955, disingkat Perbasi.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Baskèt, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.