John Adam Smith (5 Juni 1723 – 17 Juli 1790), ya iku sawijining filsuf bangsa Sekotlan kang dadi pelopor ngèlmu ékonomi modèren.
Karyané kang misuwur ya iku buku An Inquiry into the Nature and Causes of the Wealth of Nations (dicekak The Wealth of Nations) minangka buku pisanan kang nggambaraké sajarah perkembangan indhustri lan padagangan ing Éropah sarta dhasar-dhasar perkembangan perdagangan bébas lan kapitalisme. Adam Smith dadi salah sijiné pelopor sistem ékonomi Kapitalisme. Sistem ékonomi iki muncul abad 18 ing Éropah Kulon lan ing abad 19 wiwit misuwur ing kana.
Adam Smith | |
---|---|
Adam Smith | |
Lair/Miyos | 5 Juni 1723 Kirkcaldy, Sekotlan |
Tilar donya/Séda | 17 Juli 1790 Edinburgh, Sekotlan |
Kemakmuran Nagara (Wealth of Nations) lan kang luwih cilik prabawané Téyori Moral Sentimen, wis dadi titik awal kanggo mbela lan ngritik wangun kapitalisme, kang paling wigati sajeroning tulisan Marx lan ékonomi. Amarga kapitalisme laissez-faire sok digayutaké karo kaegoisan kang ora kakontrol, banjur ana obahan anyar kang nekanaké filosofi moral Smith, ya iku kanthi fokus simpati marang manungsa.
Ana uga kontroversi bab asli lan orané Kemakmuran Nagara Smith, sawatara ana kang nyangkal yèn karya Smith mung awujud tambahan biyasa marang karya pemikir kaya David Hume lan Baron de Montesquieu. Lan, akèh téyori-téyori Smith mung nggambaraké trend sajarah ngadoh saka mercantilisme, nuju menyang perdagangan-bébas, kang wus tumuwuh ana ing sawatara dekade, lan wis duwé prabawa kang nyata sajeroning kebijakan pamaréntah. Sanajan mangkono, buku iki ngorganisasèaké pamikir-pamikir kanthi luas, lan tetep dadi sawijining buku kang paling berprabawa lan wigati sajeroning babagan ékonomi nganti saiki.
Pirsani uga: Sajarah Pemikiran Ékonomi
Adam Smith misuwur kanthi téyori ékonomi '"laissez-faire" kang mbiwara perkumpulan ing abad 18 Éropah. Smith percaya marang hak kanggo mengaruhi kemajuan ékonomi diri pribadi kanthi bébas, tanpa dikendalèkaké déning perkumpulan lan/utawa nagara. Téyori iki nganti tekan proto-industrialisasi ing Éropah, lan ngowahi mayoritas kawasan Éropah dadi daerah perdagangan bébas, minangka kemungkinan anané pengusaha. Smith uga misuwur minangka "Bapak Ékonomi".
Nalika yuswa 13 taun, Smith sekolah ing Universitas Glasgow. Ing kana Smith sinau filosofi moral dibimbing déning "wong kang ora éntuk dilalekake" (Smith marabi kaya mangkono) Francis Hutcheson. Ing kéné, Smith ngremabakakake kepenginanane kang kuwat ing kabebasan, akal séhat, lan kebebasan berpendapat. Taun 1740 Smith éntuk bebungah Snell exhibition banjur sekolah menyang Kampus Balliol, Oxford. Smith ninggal universitas iku taun 1746. Ing buku kang kaping V saka The Wealth of Nations, Smith ngomentari babagan kurange instruksi kualitas lan aktivitas intelektual kang sithik cacahé yèn dibandhingake karo Sekotlan. Komentare iku ditujukake marang wong-wong kang diwènèhi bebungah kasugihan saka kampus-kampus Oxford lan Cambridge. Ing kana Smith golèk panjurung saka para profésor, ora dhedhasar kaprigelane kanggo golèk murid. Kasunyatane, wong-wong kang menyaru minangka men of letters uripé bisa luwih ayem tentrem tinimbang mantri ing Church of England.
Taun 1748 Smith miwiti kuliah umum ing Edinburgh kanthi bimbingan Lord Kames. Sapérangan kuliahe nyinggung retorika lan belles-letters, nanging bakalane Smith bakal njupuk subyek saka "kemajuan dari kesejahteraan," lan bakale, ing tengah utawa pungkasané abad kaping 20, ing pisanan dhèwèké njelasake filosofi ékonomi saka "sistem kang cetha lan prasaja saka kabebasan alamiah".
teman saya gay
xue hue hua piao piao bei feng xiao xiao
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Adam Smith |
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Adam Smith |
Wikisumber gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Adam Smith, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.