2014

Milénium: Milénium ping 3
Abad:
Dasawarsa:
Taun:

Prastawa

Januari

Fèbruari

  • Fèbruari–lumangsung – Épidemi virus Ebola ing Afrika Kulon wiwit, lan nginfèksi punjul 21.000 jiwa saha matèni sakurang-kurangé 8.000 jiwa. Prastawa iki ya iku kang parah dhéwé bab cacahé wong kang kena infèksi lan kurban jiwa.
  • 7 Fèbruari-Olimpiade Mangsa Atis kaping XXII ing Sochi, Ruslan diwiwiti.
  • 13 FèbruariBèlgi dadi nagara kapisan kang marengaké para pasièn kang lara tèrminal olèh nglakoni eutanasia sarta ora ana wates umuré.
  • 22 Fèbruari – Parlemèn Ukraina mutusaké kanggo nyopot Présidèn kapilih Viktor Yanukovych lan ngganti awaké karo Oleksandr Turchynov, sawisé gègèran lan horeg ngakibataké kurban jiwa 100 wong tiwas ing Kiev. Yanukovych nganggep iki sawijining kudéta.
  • 26 Fèbruari– lumangsung – Gègèr pro-Ruslan ing Ukraina marakaké Kriméa digabungaké marang Ruslan déning Fédérasi Ruslan lan sawijining pambalélan ing oblast-oblast Donyetsk lan Lugansk.

Maret

April

  • 10 April – Nanggepi Krisis Kriméa 2014, Déwan Majlis Parlemèn Éropa (Parlementiary Assembly of the Council of Europe utawa PACE) nampa résolusi kang mbedhal kanthi sementara haké mènèhi swara Ruslan; hak diwakili ing Kantor Majlis, Komité Presidentil PACE lan Panitya Kerja PACE sarta hak mèlu partisipasi ing misi-misi pangawasan Pemilu.
  • 14 April – Kurang luwih 276 kenya lan wong wadon enom diculik lan disandera saka sawijining sekolah ing Nigéria.
  • 16 April – Féri Koréa Kidul MV Sewo nggoling lan kelelep sawisé kargoné pindhah enggon, lan niwasaké 304 jiwa, akèhé bocah-bocah sekolah SMA.
  • 27 AprilGréja Katulik kanthi bebarengan nganonisasi Paus Yohanes XXIII lan Yohanes Paulus II.
  • 28 April – Sanksi ékonomi Présidèn AS Barack Obama kang anyar marang Ruslan wiwit dilakoni. Sing dituju ya iku perusahaan lan wong-wong kang cedhak karo Présidèn Ruslan Vladimir Putin.

Mèi

  • 5 Mèi
    • Organisasi Kaséhatan Donya WHO ngidèntifikasi panyebaran poliomyelitis ing sakurangé 10 nagara minangka kaanan darurat kaséhatan saindhenging donya.
    • Para militan Boko Karam matèni kurang luwih 300 wong ing wayah wengi nalika nyerang Gamboru Ngala.
  • 20 Mèi – Téroris ing Nigéria njlebugaké bom ing Jos lan matèni 118 jiwa.
  • 22 Mèi – Angkatan Dharat Karajan Thai nggulingaké papréntahan sementara Niwatthamrong Boonsongpaisan sawisé gagal mungkasi masalah krisis pulitik Thailand.

Juni

  • 5 Juni– lumangsung – Kelompok militan Sunni kang diarani Nagara Islam ing Irak lan Syam (uga ditepungi minangka ISIS utawa ISIL) miwiti ofènsif ngrebut Irak lor. Doné iku mbedhah kutha krajan Irak, Bagdad lan nggulingaké papréntahan Singah kang dibawahi Nayakotama Nouri al-Maliki.
  • 12 Juni &ndash Kajawaran Bal-balan FIFA 2014 dianakaké ing Brazil.
  • 19 Juni – Raja Juan Carlos I saka Spanyol lèngsèr kaprabon supaya putrané Felipe VI bisa jumeneng dadi ratu.

Juli

  • 8 Juli26 Agustus – Ing atarané kategangan antara Israèl lan Hamas sawisé kasus panyulikan telung bocah Israèl lan rajapati bocah Palèstina, Israèl nglakoni operasi Operation Protective Edge lan nyerang Lurung Gaza nganggo rudal-rudal. Bubar iku banjur Israèl nindakaké operasi dharat. Sajeroning 7 minggu, 2.100 Wong Palèstina lan and 71 Wong Israèl tiwas.
  • 13 Juli-Jerman menangaké Piala Donya ing Brazil, ngalahaké Argentina 1-0.
  • 17 Juli
    • Sawisé gencatan sanjata limang jam déné perikamanungsan, Israèl konfirmasi bakal ngayahi ofènsif dharat ing Lurung Gaza.
    • Malaysia Airlines Pamaburan 17, sawijining Boeing 777, tiba ing Ukraina sisih wétan, kamungkinan amarga kena rudal. Panumpangé lan awak kapal kang cacahé 298 jiwa tiwas kabèh.
  • 21 Juli – Déwan Kamanan PBB nampa Résolusi 2166 ngenani olèhé MH 17 ditémbak lan tiba.
  • 24 Juli – Air Algérie Pamaburan 5017 tiba ing Mali, niwasaké 116 jiwa sajeroning montor mabur.

Agustus

  • 7 Agustus pamimpin Khmer Abang Nuon Chea lan Khieu Samphan didakwa salah nglakoni kadurjanan marang kamanungsan, banjur divonis kukuman saumuré urip déning Mahkamah Khmer Abang.
  • 8 Agustus – Angkatan Udara AS miwiti serangan udara ing Irak lor kanggo mbendhung para militan ISIS.

September

  • 22 September – Amérika Sarékat lan sawatara mitra Arab miwiti serangan udara ing Suriah.
  • 26 September – Pasemon. Sajagad Para Pamenang Bebungah Nobel Bedhamèn ing taun 2014 (World Summit of Nobel Peace Laureates), kang arep dianakaké ing Cape Town saka tanggal 13 nganti 15 Oktober, dipenggak déné boikoté para pamenang. Amerga pamaréntah Afrika Kidul wis ping telu nulak panyuwunan visa Dalai Lama kaping 14 déning Pamaréntah Afrika Kidul kang "nuruti karepé Républik Rakyat China".

Oktober

November

  • 2 NovemberIntergovernmental Panel on Climate Change (IPCC utawa Panèl antarpamaréntah ngenani Pangowahan Iklim) ngrilis pérangan pungkasan Laporan Assessment Kaping Lima, lan ngélikaké manawa donya ngadhepi "karusakan parah, pervasif lan ora bisa dibalèkaké" Saka émisi global CO2.
  • 12 November – Wahana antariksa Philae saka Pesawat antariksa Rosetta bisa suksès ndharat ing Komit 67P. Prekara lagi sapisan kadadéan manawa ana wahana antariksa bisa ndharat sadhuwuring komit.

Dhésèmber

Lair

Pati

Januari

2014 
Eusébio
2014 
Ariel Sharon
2014 
Pete Seeger
  • 5 Januari – Eusébio, juru main bal-balan Portugis (lair 1942)
  • 7 Januari – Run Run Shaw, prodhuser filem Hong Kong lan pangusaha (lair 1907)
  • Januari 9
    • Amiri Baraka, pujangga AS (lair 1934)
    • Dale T. Mortensen, ahli ékonomi Nobel Amérika (lair 1939)
  • 10 Januari – Zbigniew Messner, Nayakotama kaping 9 Républik Rakyat Polen (lair 1929)
  • Januari 11
    • Ariel Sharon, Nayakotama Israèl kaping 11 (lair 1928)
    • Vugar Gashimov, juru main catur grandmaster Azerbaijan (lair 1986)
  • 14 Januari – Mae Young, juru main gulat profèsional (lair 1923)
  • 15 Januari
    • John Dobson, ahli astronomi amatir AS (lair 1915)
    • Roger Lloyd-Pack, aktor Britania (lair 1944)
  • 16 Januari – Hiroo Onoda, perwira Angkatan Dharat Jepang (lair 1922)
  • 20 Januari – Claudio Abbado, dirigèn Italia (lair 1933)
  • 23 Januari – Riz Ortolani, panulis musik filem Italia (lair 1926)
  • 25 Januari – Gyula Sax, grandmaster catur Honggari (lair 1951)
  • 26 Januari – José Emilio Pacheco, pujangga Mèksiko (lair 1939)
  • 27 Januari – Pete Seeger, penyanyi, penulis lagi, musikus lan aktivis Amérika Sarékat (lair 1919)
  • 31 Januari – Miklós Jancsó, sutradara Honggarin (lair 1921)

Fèbruari

2014 
Shirley Temple
2014 
Sid Caesar

Maret

April

Mèi

Juni

Juli

Agustus

September

Oktober

November

Dhésèmber

Réferènsi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Mie ayamAndhaLindhuAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)Jangan lodhèhVia VallenMario MaurerErling HaalandRengginangThe HeirsKendhilAchmad SoebardjoAstadasaparwaRuwatanBedaliSrah-srahanXiaomiPandhitaAnoaTembung tanggapRukun ImanRawonGunung IjenIwan FalsCumbana silitPawadonanTèknologi informasiWiki CommonsPangidhèntifikasi Obyèk DigitalTembung wilangan babonMuara Wis, Kutai KartanegaraGarang asemMahfud MDSurat At TalaqJangka sorongPetualangan sherinaGeni.comLemperJustin BieberWayback MachineBaktèriKendhangParisKutha NgayogyakartaMasjid Menara KudusBal-balanRadèn PatahKarim BenzemaRéyogBlogCristiano RonaldoBaumkuchenLion AirGarasi (band)WikramawardhanaGiovanni van BronckhorstPananggalan Jawa2020-anWikipédia basa JawaRamayanaWoh mangsiOmah KampungꦒꦸꦭꦶꦁTedhak sitènYodiumPangkurTetedhan segantenThiwulAndi Alfian MallarangengPanambangPiknik wuda🡆 More