Gréja Katulik

Paus: Fransiskus Dewan Kardinal Konsili Ekumenis Kebijakan Episkopal •  Ritus Latin Gréja-Gréja Katulik Wétan

Bagian saking sèri bab
Gréja Katulik
Gréja Katulik
Organisasi

Latar Wingking

Sajarah •  Kristianitas
Katulisisme •  Suksesi Apostolik
Papat Ciri Gréja
Angger-angger sepuluh
Panyaliban & Wungu Dalem Yesus
Mekrad •  Maria Dipunangkat dhumateng Swarga
Kritik dhumateng Gréja Katulik Roma

Teologi

Trinitas (Hyang Rama, Hyang Putra, Hyang Roh Suci)
Teologi •  Apologetika
Rahmat Illahi • Sakramèn
Purgatorium •  Kaslametan
Dosa asal •  Para Suci •  Dogma
Kenya Maria •  Mariologi
Maria kagarba mulus tanpa ciri

Liturgi lan Peribadatan

Liturgi Katulik Roma
Ekaristi •  Divinum Officium
Taun Liturgi •  Kanon Alkitab

Ritus

Romawi •  Armenia •  Aleksandria
Bizantium •  Antiokhia •  Syria Wétan

Topik-topik Katulik

Ekumenisme •  Monastisisme
Donga •  Musik •  Seni Rupa

Gréja Katulik, ingkang ugi sinebat Gréja Katulik Roma, punika Gréja Kristen paling ageng ing donya, lan gadhah 1,4 milyar anggota, inggih punika kinten-kinten setengah saking sedanten umat Kristiani lan sepraenem saking populasi donya. Gréja Katulik punika satunggal komuni (pasekuton) saking Ritus Kilèn (Ritus Latin) lan 22 Gréja Katulik Wétan (dipunsebat gréja-gréja partikular), ingkang mbentuk 2.795 kauskupan ing 2008.

Otoritas kadonyan paling inggil Gréja punika wonten ing babagan iman, moral lan pamaréntahanipun inggih punika Sri Paus, wekdal punika Paus Benediktus XVI, ingkang nyepeng otoritas paling inggil sesarengan kaliyan Dewan Biskop, ingkang dipunketuani piyambak. Komunitas Katulik dumados saking panglados-umat katahbis (rohaniwan) lan umat awam; rohaniwan utawi umat awam saged ugi dados anggota saking komunitas-komunitas religius.

Gréja punika ndefinisèkaken manawi misinipun inggih punika martakaken Injil Yesus Kristus, ngladosi sakramèn-sakramèn lan ngayahi karya amal. Gréja punika nglampahi program-program lan lembaga-lembaga sosial ing donya, kalebet ugi sekolah-sekolah, universitas-universitas, griya-griya sakit, misi-misi lan perumahan, sarta organisasi-organisasi kados Catholic Relief Services, Caritas Internasionalis lan Catholic Charities ingkang mbiyantu kaum papa, kulawargi-kulawargi, tiyang-tiyang jompo, lan tiyang-tiyang sakit.

Langkung suksesi apostolik, Gréja punika pitados bilih dhirinipun minangka kalajengan saking komunitas Kristiani ingkang dipunadegaken déning Yesus kaliyan nahbisaken Santo Petrus, satunggal pandhangan ingkang ugi dipunanut déning kathah sajarawan. Gréja punika netepaken dhoktrin-dhoktrinipun liwat manéka konsili ekumenis, nulad para rasul sepindhahan ing Konsili Yerusalem. Kanthi dhasar janji-janji Yesus dhumateng rasul-rasulipun ingkang kasebat wonten ing Injil, Gréja punika pitados manawi dipuntuntun déning Hyang Roh Suci lan amargi saking punika kalindhungi saking kasalahan dhoktrin.

Kayakinan-kayakinan Katulik dipundhasaraken dhumateng deposit iman (nyakup Kitab Suci lan Tradhisi Suci) ingkang dipunwarisi saking jaman Rasul-Rasul, lan ingkang dipuninterpretasi déning Otoritas Pangajaran Gréja. Keyakinan-keyakinan kasebat karangkum wonten ing Kredo Nicea, lan kanthi resmi dipunrinci wonten Katekismus Gréja Katulik. Peribadatan Katulik ingkang formal, ingkang dipunsebat liturgi, dipunatur déning otoritas Gréja. Ekaristi, salah satunggal saking pitung sakramèn Gréja lan pérangan wigatos saking saben Misa Katulik utawi Liturgi Suci Katulik Wétan, punika pusat saking peribadatan Katulik.

Kanthi sajarah ingkang kalih èwu taun, Gréja punika minangka salah satunggal lembaga paling sepuh ing donya lan gadhah peran wigatos ing salebeting sajarah peradaban Kilèn sabotenipun wiwit abad kaping 4. Ing abad kaping 11, satunggal perpecahan ageng, ingkang sok dipunsebat Skisma Akbar, dumadi antawisipun Kristianitas Wétan lan Kilèn ingkang mliginipun dipunakibataken awit padudon babagan primasi kepausan. Gréja-Gréja Wétan ingkang tetep lan ingkang tembé wingking manunggal kaliyan Biskop Roma, Sri Paus, mbentuk Gréja-Gréja Katulik Wétan, lan Gréja-Gréja ingkang tetep wonten ing njawi otoritas kepausan limrahipun dipunsebat minangka Gréja-Gréja Ortodoks Wétan. Ing abad kaping 16, ugi minangka tanggepan dhumateng tuwuhipun Reformasi Protèstan ing Éropah Kilèn, Gréja punika nyelenggarakaken prosès reformasi lan renovasi internal, ingkang dipuntepangi minangka Kontra-Reformasi.

Senaos Gréja punika mratélakaken minangka "Gréja ingkang satunggal, suci, katulik, lan apostolik," dipunadegaken déning Yesus Kristus, panggénan tiyang saged manggih kapenuhan sarana kaslametan, Gréja punika inggih ngakeni manawi Hyang Roh Suci saged migunakaken komunitas-komunitas Kristiani sanèsipun kanggé mbekta tiyang tumuju kaslametan. Gréja punika pitados manawi panjenenganipun dipuntimbali déning Hyang Roh Suci kanggé ngupadosaken kamanunggalan umat Kristiani, satunggal obahan ingkang dipuntepangi minangka ekumenisme. Tantangan-tantangan modhèren ingkang dipunadhepi Gréja punika nyakup bangkitipun sekularisme lan panentangan dhumateng sikap bab aborsi, euthanasia, kontrasepsi, lan moralitas sèksual.

Cathetan suku

Pratélan pustaka

Pranala njawi

Tags:

PausPaus FransiskusRitus LatinRitus Wétan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Nova Eliza11 MaretCumbanaMarsMoorNeurologiAcer Inc.AsiaAsteroidWaring Wéra WanuaHeksanaUniversitas OxfordKevin AprilioKulawarga (biologi)Kodhe télépon internasionalWali BandAmérika SarékatWangsa ZhouVidi AldianoDubaiKaisar14 OktoberNyadranJavaScriptKimiaWunguSahara17371399Surat Al An’amKucingKhalil GibranKalkulusMadrasah ibtidaiyahTetuwuhan1876SèrbiMassachusettsAnak Jalanan (sinetron)BumiAlex FergusonKabupatèn TegalJefri NicholMiddlesbrough F.C.BenikProfésorSingaRatu AgengXXX (filem 2002)CenilPitulungDian SastrowardoyoAlfred RiedlYuyuOpocznoMario TeguhAvenged SevenfoldBlangkonHamburgerKomputasiJaringsanaLechonaPrancisFilipinaMoskouIqbaal Dhiafakhri RamadhanOstraliBasa Arab MesirRokokoIrakSurat Al 'AlaqADO Den HaagFiqihRisoles🡆 More