Wektu Universal Kakoordhinasi

Wektu Universal Kakoordinasi (basa Inggris: Coordinated Universal Time, basa Prancis: Temps Universel Coordonné, cekakan resmi: UTC1), kerep sinebut Wektu Zulu iku wujud wektu atom saka Wektu Universal (UT) utawa Wektu Greenwich (GMT).

Wektu iki minangka dhasar saka wektu sipil. Zona wektu ing saindhenging donya ditampilaké minangka tambahan positif utawa négatif saka UT. Béda UTC karo Wektu Atom Internasional yaiku sawatara dhetik genep (dudu pecahan), miturut wektu kang diitung déning jam atom. Béda UTC saka UT mung sapro dhetik.

UTC iku ukuran wektu campuran: kacepetan UTC dhedhasar itungan standar jam atom, nanging epoch saka UTC tansah dicocogaké supaya cedhak karo wektu UT kang dhedhasar data astronomi. Puteran bumi mbaka sethithik ngalami perlambatan (amarga èfèk pangerèman déning pasang-surut), saéngga rata-rata dina srengéngé tansaya nambah wiwit kawanuhaké TAI. Amarga alesan iku, UT "luwih rendhet" tinimbang TAI. UTC tansah dipertahankan supaya ana sajeroning 0.9 dhetik saka UT1 (UT1 yaiku siji saka telung dhéfinisi UT kang paling akurat); dhetik wuntu bakal ditambahaké menyang (utawa manawa bisa uga dikurangaké saka) UTC saben pungkasan sasi. Wektu Indonésia pérangan Kulon (WIB) iku padha karo UTC+7.

Rujukan

Deleng uga

  • Wektu Atom Internasional (TAI)
  • Wektu Universal (Universal Time)juga kalebu dhéfinisi UT1
  • Wektu Sidereal (Sidereal Time)
  • Wektu Ephemeris (Ephemeris Time)
  • Wektu Srengéngé
  • Jam atom

Tags:

Zona wektu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

SugriwaSato kéwanꦖꦼꦩ꧀ꦥꦭSinomWayang purwaParibasan JawaJason StathamParto PatrioPejuPatung Sura lan BayaUniversitas Sam Ratulangiꦱꦼꦱꦗꦺꦤ꧀SlenthemSalam Lintas AgamiWikipédiaWektuYuddhakandaKambojaAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)Sajarah Amérika SarékatHabib Muhammad Luthfi bin YahyaRobin WilliamsShayne PattynamaYudas IskariotTèknologi informasiGambuhKarnaWisanggeniIbnu RusydXXX (filem 2002)Si Manis Jembatan AncolPasinaonan Unggah-Ungguh BasaMia KhalifaMahfud MDUnicodePierre-Simon LaplaceSerat Wicara KerasPuthuGudhegGajah gajahFisikaSengkalanSepasaranGunung LawuWarangganaCenilAyat Ayat CintaKupatHeather StormWikiquoteArané pérangan awakGeodesiSahurKempulMuhammad Quraish ShihabAnoman DutaSamuel RizalRowan AtkinsonSurat Al 'AlaqPada lingsaDasarataSunan DrajatSunan GiriWayangFranz Magnis-SusenoKumbakarnaHarmonikaPaus Benediktus XVIAmérika SarékatImam Nawawi🡆 More