Kaca iki ngamot bab kagunaan lan cara nandhatangani utawa napak-astani komentar panjenengan.
Masang tapak asta ing kaca dhiskusi lan kaca dhiskusi naraguna migunani banget kanggo mbédakaké komentar panjenengan karo komentar naraguna liyané jroning sawijining kaca dhiskusi. Jroning rembugan utawa dhiskusi utamané kang dawa, tapak asta mènèhi identifikasi jeneng utawa IP sawijining komentar, pametu (pendapat) utawa swara. Ananging tapak asta ora kena dipasang ing kaca artikel.
Tapak asta bisa ditambahaké kanthi ngetik 4 wiji karakter tilde (~) saéngga dadi ~~~~ ing pungkasané komentar panjenengan. Kasil saka 4 wiji tilde iki arupa asma panjenengan dalahan tanggal lan jam nalika suntingan panjenengan disimpen. Kanggo 3 wiji tilde ~~~ ngasilaké asma panjenengan waé, déné lima wiji tilde ~~~~~ ngasilaké tanggal lan jam suntingan disimpen tanpa asma panjenengan.
kodhe | kodhe kang dikasilkan | tampilan |
---|---|---|
~~~~ | [[Naraguna:Naraguna Conto|Naraguna Conto]] 14.25, April 29 2024 (UTC) | Naraguna Conto 14.25, April 29 2024 (UTC) |
~~~ | [[Naraguna:Naraguna Conto|Naraguna Conto]] | Naraguna Conto |
~~~~~ | 14.25, April 29 2024 (UTC) | 14.25, April 29 2024 (UTC) |
Carané kanthi ngisi bagéan "asma samaran (kanggo tapak asta)" lan pilihan "tapak asta mentah (tanpa pranala otomatis)" diwènèhi tandha cénthang ing kaca preferensi.
Conto isi asma-samaran , yèn asma panjenengan "Naraguna" banjur isèkké ing kolom "asma samaran" (pirsani gambar)
Kanggo nirokaké salah siji format ing ngisor, panjenengan diaturi mirsani sumberé kanthi ngeklik sunting, utawa sunting
-- Anda | Bicara
-- Anda Bicara
-- Anda ?
-- Anda ►
-- Anda Bicara
-- AndaBicara
-- Anda ✉
Nyuwun kawigatèn: Diprayogakaké ora masang gambar jroning tapak asta panjenengan!
Yèn kepingin masang foto panjenengan, diaturi masanga ana ing kaca naraguna.
Masang gambar ing tapak asta bakal mènèhi beban kang abot marang peladen (server), ngalonaké aksès data, mbuang amba pita (bandwidth) kanthi sia-sia, ngentèkaké kuota panggunaan Internet panjenengan, sekaligus ngalonaké aksès Internet panjenengan dhéw.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Pitulung:Tapak tangan, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.