Hong Kong

Hong Kong iku Laladan Administratif Astamiwa Républik Rakyat Cina.

中華人民共和國香港特別行政區
Hong Kong Laladan Administrasi Kusus Républik Rakyat China
Gendéra Hong KongLambang Hong Kong
(Gendéra Hong Kong)(Lambang Hong Kong)
Sesanti: ora ana
Lokasi Hong Kong
Basa resmiInggris lan Cina (Kantonis lan Mandarin resmi mawa de facto)
Kepala EksekutifCarrie Lam
Wewengkon
 -Total
 -% banyu
Ora diurutaké
1.103 km²
4,60%
Padunung
 -Total (2005)
 -Kapadhetan
Ora diurutaké
6.898.686
6.254/km²
Pangadegan
 -Tanggal
Penyerahan kepada Cina
1 Juli 1997
PDB
 -Total (2003)
 -PDB/kapita
Urutan ke-30
US$157 miliar
US$23.592
ValutaDolar Hong Kong (HKD$) (HKD)
Zona wektuUTC+8
TLD.hk
Kodhe telepon+852 (01 saka Makau)

Hong Kong (Mandarin: 香港 ; Pinyin: Xiānggǎng; resminé Laladan Administratif Khusus Hong Kong)iku Laladan Administratif Astamiwa Républik Rakyat Cina. Ing China ana loro Laladan Administratif Astamiwa. Sing sijiné ya iku Makau. Hong Kong diserahaké ing RRC déning Britania Raya ing tanggal 1 Juli 1997. Hong Kong sing ndunungi 6,8 yuta jiwa.

Sadurungé diserahaké, Hong Kong isih koloni Britania Raya. Manut kebijakan Siji Nagara Loro Sistem gawéané Deng Xiaoping, Hong Kong dadi laladan otonomi saka papréntahan RRC ing babagan hukum, valuta, béya cuké, imigrasi, aturan dalan kang tetep lumaku ing jalur kiwa. Urusan kang dadi wewenang Beijing iku pertahanan nasional lan diplomasi. Otonomi iki dilakokaké ing Hong Kong suwéné 50 taun diitung saka taun 1997.

Hong Kong iku cacahé ana 3 pérangan:

  • Hong Kong Island
  • Kowloon
  • New Territories

Ambané laladan Hong Kong kurang luwih 1.104 km2 kanthi populasi tujuh yuta wong, dadi Hong Kong kagolong laladan kang padhet ing donya.[1] Warga Hong Kong iku 95 persèn saka ètnis Cina lan 5 persèn wargané saka ètnis liya.[2] Etnis Cina kang urip ing Hong Kong akèh saka kutha Guangzhou lan Taishan provinsi Guangdong.[3]

Hong Kong dadi koloni karajan Inggris sabubaré Perang Candhu I (1839-1842). Wiwitané mung pulo Hong Kong, banjur diambaké tekan Ujung Kowloon nalika taun 1860, lan ing taun 1898 tekan New Territories.

Papan wisata

 
Pemandhangan wenfi saka Taman Victoria

Ing ngisor iki papan panggonan kang bisa digunakaké dadi papan wisata ing Hong Kong.

Kowloon

  • Tsim Sha Tsui
    • Avenue of Stars
    • Star Ferry

Hong Kong

  • Victoria Peak
  • Victoria Harbour
    • Pertunjukan Symphony of Lights
  • Aberdeen
    • Ocean Park
  • Menara Bank of China
  • Hong Kong Convention and Exhibition Centre

Lantau

  • Po Lin Monastery
    • Tian Tan Buda
  • Tai O
  • Hong Kong Disneyland Resort
    • Hong Kong Disneyland
  • Kreteg Tsing Ma
  • Kreteg Ting Kau

Rujukan

  1. Ash, Russell (2006). The Top 10 of Everything 2007. Hamlyn. kc. 78. ISBN 0-600-61532-4.
  2. "Population by Ethnicity, 2001 and 2006". Census and Statistics Department, Hong Kong Government. Dibukak ing 4 October 2010.
  3. Fan Shuh Ching (1974). "The Population of Hong Kong" (PDF). World Population Year. Committee for International Coordination of National Research in Demography: 18–20. Dibukak ing 25 August 2010.

114°11′17″E / 22.267°N 114.188°E / 22.267; 114.188


This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Hong Kong, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wikimedia Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wikimedia Foundation.

In other languages:

/** SHOW / HIDE SECTION**/function mfTempOpenSection(getID) {var x = document.getElementById("mf-section-"+getID); if (x.style.display === "none") { x.style.display = ""; } else { x.style.display = "none"; }}