Prajurit utawa kerep diarani saradhadhu utawa bala (Basa Inggris: Soldier, Basa Walanda: Soldaat) tegesé anggota angkatan perang siji bangsa; déné, prajurit kang dibayar kanggo ngabdi marang angkatan perang liya diarani prajurit bayaran (mercenary).
Sajeroning basa-basa liya prajurit nyakup perwira, bintara lan tamtama ing Angkatan Dharat siji nagara.
Tembung asal saka Romawi iki dirujuk déning akèh basa ing donya kaya ta Basa Prancis: soldat lan solde, Basa Jerman: Soldat lan Sold, Basa Swèdhen Soldat lan Sold kang tegesé bayaran marang prajurit, Basa Romania Soldat, Basa Spanyol: soldado lan soldada utawa sueldo, Basa Portugis: soldado lan soldo, Basa Walanda: soldaat lan soldij, Basa Italia: soldato lan soldo, Basa Arab "جندي" (Jondi), utawa "مجنّد" (mojannad), utawa "عسكري" (askari) sajeroning dialèk Basa Libanon lan uga Basa Sudan lan Basa Turki asker.
Ing Indonésia, prajurit iku warga nagara Indonésia kang nyukupi syarat mau sajeroning undhang-undhang lan diangkat déning pejabat kang duwé wewenang, kanggo ngabdi sajeroning dinas kaprajuritan. Prajurit dumadi saka Prajurit Sukarela lan Prajurit Wajib. Prajurit Sukarela lan Prajurit Wajib, loro-loroné ngayahi dinas kaprajuritan kanthi ikatan dinas.
Prajurit kudu duwé sipat-sipat ing ngisor iki:
Prajurit diklompokaké sajeroning golongan kapangkatan perwira, bintara, lan tamtama. Saben prajurit diwènèhi pangkat minangka keabsahan wewenang lan tanggung jawab hirarki kaprajuritan. Pangkat prajurit mau miturut sifaté bisa dibedakaké ana telu, ya iku:
Persyaratan umum kanggo dadi prajurit ya iku: a.warga nagara Indonésia; b.iman lan bertakwa marang Pangéran kang Maha Tunggal; c.setia marang Nagara Kesatuan Républik Indonésia kang dhedhasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar Nagara Républik Indonésia Taun 1945; d.wektu dilantik dadi prajurit umur paling sithik 18 taun; e.ora duwé cathetan kriminalitas kang dinyatakaké kanthi tinulis déning Kepulisian Républik Indonésia; f.séhat jasmani lan rohani; g.ora pinuju kèlangan hak dadi prajurit dhedhasar putusan pengadilan kang wis duwé kekuwatan hukum tetep; h.lulus pendidikan pisanan kanggo gawé prajurit siswa dadi anggota TNI; lan
Pendidikan kanggo kanggo pangangkatan prajurit awujud pendidikan perwira, bintara, lan tamtama. Kanggo golongan Perwira disiapaké rong jalur, ya iku pendidikan pisanan kanggo perwira kang asalé langsung saka masarakat lan kanggo kang asalé saka prajurit golongan bintara. Tumrap kang asal saka masarakat diwangun liwat pendidikan ing Akademi TNI, kanthi sumber saka lulusan Sekolah Lanjutan Tingkat Atas; lan liwat jalur Sekolah Perwira, kanthi sumber saka lulusan Sekolah Lanjutan Tingkat Atas utawa Pawiyatan Luhur. Déné Pendidikan pembentukan perwira kang asalé saka prajurit golongan bintara, disiapaké liwat jalur Sekolah Calon Perwira. Kanggo golongan bintara diwangun liwat pendidikan pisanan bintara kang asal langsung saka masarakat; lanpendidikan pembentukan bintara kang asal saka prajurit golongan tamtama. Golongan Tamtama diwangun liwat pendidikan pisanan tamtama kang langsung saka masarakat.
Prajurit Perwira diangkat déning Présidhèn saka usul Panglima, Bintara lan tamtama diangkat déning Panglima. Para prajurit kang diangkat mau kudu ngucapaké Sumpah Prajurit. Kanggo golongan Perwira, saliyané ngucapaké Sumpah Prajurit, uga kudu ngucapaké Sumpah Perwira. Saliyané ngucapaké sumpah, para prajurit kudu ngugemi Kodhe Etik Prajurit lan kanggo golongan Perwira kudu ngugemi Kodhe Etik Prajurit lan Kodhe Etik Perwira. Miturut Undhang-undhang TNI, prajurit ora kena mèlu-mèlu:
a.perlengkapan perseorangan lan b.klambi seragam dinas.
a.pengasilan kang layak; b.tunjangan kulawarga; c.perumahan/asrama/mess; d.rawatan kaséhatan; e.pembinaan mental lan pelayanan keagamaan; f.bantuan hukum; g.asuransi kaséhatan lan jiwa; h.tunjangan hari tuwa; lan i.asuransi penugasan operasi militèr.
a.rawatan kaséhatan; b.pembinaan mental lan pelayanan keagamaan; c.bantuan hukum.
a.gaji pokok prajurit; b.tunjangan kulawarga; c.tunjangan operasi; d.tunjangan kalungguhan; e.tunjangan mirunggan; lan f.lauk pauk utawa natura.
Prajurit ngayahi dinas keprajuritan nganti umur paling dhuwur 58 taun kanggoné perwira, lan 53 taun kanggo bintara lan tamtama. Prajurit dipungkasi dinasé kanthi pakurmatan amarga salah siji saka sebab-sebab: dhedhasar panjaluké dhéwé; wis entèk mangsa ikatan dinas; wis mangsa pensiun; ora nyukupi syarat jasmani utawa rohani; palastra, tewas, utawa tilar donya; alih status dadi punggawa nagari sipil; mengku kalungguhan kang miturut peraturan perundang-undangan, ora bisa diwengku déning siji prajurit aktif; lan dhedhasar pertimbangan mirunggan kanggo kapentingan dinas. Prajurit dipungkasi dinasé tanpa pakurmatan amarga nduwé tabiat utawa tindak tanduk kang ngrugèkaké disiplin kaprajuritan utawa TNI.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Prajurit, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.