Drona

Begawan Drona utawi Resi Durna utawi Bambang Kumbayana inggih punika salah satunggalipun paraga wayang (tokoh wayang) saking wiracarita Mahabarata.

Durna punika putranipun Resi Baratmadya saking Hargajembangan kaliyan Dewi Kumbini. Durna asalipun saking Atasangin. Kacariyosaken bilih Durna punika dipuntudung minggat saking Atasangin amargi boten kersa dipunjodhoaeken kaliyan ramanipun. Durna punika dados ara-araipun Sata Kurawa lan Pandhawa. Panjenenganipun punika priyantun ingkang ahli seni paperangan.

Drona
Begawan Drona utawi Resi Durna

Durna gadhah pusaka sekti awujud keris Cundamanik lan Panah Sangkali (ing wekdal salajengipun panah punika dipunparingaken dhateng Arjuna). Durna palakrami kaliyan Dewi Krepi, putrinipun Prabu Purungaji, raja nagari Tempuru, lan pikantuk putra ingkang namanipun Bambang Aswatama. Durna kasil damel padepokan Sokalima sasampunipun kasil ngrebat meh sepalih wewengkon nagari Pancala saking kakuaosanipun Prabu Drupada.

Nalika perang Bharatayuda, Resi Durna pinitados minangka Senapati Agung Kurawa, sasampunipun Resi Bisma tiwas ing paprangan. Resi Durna tiwas ing medan paprangan amargi tusukan pedhang Drestajumena, putranipun Prabu Drupada.

Watak kaprebadinipun

Watek kapribadenipun Drona inggih punika sekti mandraguna, wasis babagan paperangan, nanging panjenenganipun watek kapribadenipun ingkang kirang saé inggih punika gumedhe, wengis, lan kathah guneman.

Pagesanganipun

Nalika taksih enem Drona gadhah asma timur (nama kecil) Kumbayana. Wonten ing salah satunggalipun versi, Kumbayana punika putranipun Resi Baratmadya saking Argajembangan kaliyan Dèwi Kumbini. Ing versi ingkang sanès, Kumbayana punika gadhah garwa Dèwi Wilutama ingkang dados jaran amargi kénging sepatanipun déwa. Ing Bharatayudha, Drona dipunperjaya pati déning Drestadyumna.

Agastya

Poerbatjaraka, salah satunggalipun ahli purbakala, naté nyerat bilih Drona punika kadhang-kala dipunsebat Agastya. Pangiran punika dipunpendhet saking asma Kumbayana ingkang caket kaliyan asma kumbha sambhava, asma sanès Kumbayana..

Uga delengen

Pranala njaba

Cathetan suku


Tags:

Drona Watak kaprebadinipunDrona PagesanganipunDrona AgastyaDrona Uga delengenDrona Pranala njabaDrona Cathetan sukuDronaKurawaMahabarataPandhawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

PenitiUyon-uyonSabuk astéroidAlang-alangAstatinDemi MooreGunung MerbabuNovèlSutan Takdir AlisyahbanaWWE SmackDownKolaLutetiumSintaYérusalemTifaOmah Limasanꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦒꦤ꧀KartiniCoboy JuniorGlenn FredlyHaumeaKomputerArtikelDasanamaMeteorBasa SpanyolSurat Al JinSemen Padang FCBèkelanFardhu 'ainMontor mabur nirawakTakbirLee Min HoꦏꦸꦝꦶIbu Kita KartiniPecelꦱ꧀ꦮꦫSon Heung-minBani AbbasiyahKomando Daerah Militer II/SriwijayaNoe LettoTarmizi TaherKebo ilang, tombok kandhangTom Cruiseꦧꦶꦂꦥ꧀ꦊꦠꦺꦴꦏ꧀New JerseyLionel MessiGeni.comTimahDamar KurungZhang ZuolinCut Nyak DhienMerkuriusBeskapFilemPayudaraWikisastraPraja SriwijayaRamaOmah JogloKebayaMawarPandhitaLondonAhmad DahlanBundesligaUlate bening leri1909Jesse JamesAksaraWulan GuritnoTembung sesulihGibran RakabumingSega liwetPaul Walker🡆 More