Para Korawa (utawi rikala-kala Kurawa) punika para paraga antagonis salebeting wiracarita Mahabharata.
Sedaya punika para mengsah bebuyutaning para Pandhawa. Cacahipun wonten satunggal atus kaliyan sadaya punika, putranipun prabu Dertarastra ingkang wuta boten saged ningali kaliyan garwanipun, sang pramèswari, Dewi Gandari.
Korawa utawi Kaurava ing basa Sangskreta, tegesipun “tiyang saking trah Kuru”. Kuru punika leluhuripun para panguwasa ing nagari Hastina. korawa punika putra saking Destarastra kaliyan dewi gendari. cacahipun wonten satus.Sajatinipun para Pandhawa ugi saking trah Kuru, nanging namung para Korawa kémawon ingkang dipunsebat kados punika.
Ing andhap punika inggih namanipun para Korawa. Kalihipun Korawa utama inggih punika Suyodana/Duryodana kaliyan Duhsasana dipunsebat langkung riyin. Lajeng sanèsipun dipunsebat miturut urutanipun abjad Latin:
Para Korawa wusananipun tiwas sadaya ing perang Bratayuda. Sang Korawa ingkang tiwasipun pungkasan punika Suyodana. Piyambakipun pupunipun dipunpupuh mawi gadha sakemengipun déning Wrekodara ngantos tiwas.
Para Korawa cacahipun satus, nanging taksih gadhah sadhèrèk èstri kaliyan jaler. Inggih punika Yuyutsu, putra prabu Dertarastra nanging bènten ibu, ibunipun wanita wesya. Lajeng saking Dewi Gandari, wonten malih putra namanipun Duskampana kaliyan putri Duhsala (utawi Duśśala).
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Korawa, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.