Robert Louis Stevenson

Robert Louis Stevenson (13 November 1850 – 3 Dhésèmber 1894) ya iku novèlis lan penyair saka Sekotlan.

Nalika isih dadi mahasiswa, Dhèwèké wiwit ngerti akèh bab panggonan-panggonan kang kumuh ing kutha, lan ing kono uga ketemu karo wong-wong kang seneng nglakoni kriminal kang banjur metu ing karya novèlé. Amarga kerep lara, banjur Dhèwèké pindhah-pindhah saka kutha siji menyang kutha sijiné ing Éropah. Banjur Dhèwèké seneng karo wong wadon saka nagara Amérika sarékat lan malah mèlu menyang California. Lan sawisé wadon mau megat bojoné, banjur Stevenson ngrabi wong wadon iku mau. Pungkasan kanggo mulihaké keséhatané, dhèwèké lunga menyang pulo Samoa ing Samodra Pasifik kidul. Sanajan kerep lara lan kaluwargané ora sarujuk, banjur Stevenson dadi penulis.

Robert Louis Stevenson
Robert Louis Stevenson
Lair(1850-11-13)13 Novèmber 1850
Edinburgh, Sekotlan
PatiDhésèmber 3, 1894(1894-12-03) (umur 44)
Vailima, Samoa
PakaryaNovèlis, penyair, penulis perjalanan
Obahan sastraNeo-romantisisme

Saumur uripé, Stevenson sregep ngarang. Metuné buku kang pisanan nalika Stevenson isih umur limalas taun. Ing taun 1877 dhèwèké pindhah saka tulisan esei menyang karangan fiksi. Stevenson nulis Treasure Island (1883), ya iku carita petualangan, The Strange Case of Dr Jekyll and Mr Hyde (1886) lan Kidnapped (1886). Carita loro iku nyritakaké Sekotlan ing jaman biyèn. Karyané, Dr Jekyll lan Mr Hyde kang ditulis mung telung dina langsung dadi karya kang suksès. Gunggung buku kang wis digawé Stevenson punjul telung puluh buku kalebu kumpulan cerkak, novèl-novèl, esei-esei, buku-buku petualangan lan sajak-sajak.

Cathetan sikil


Tags:

13 November185018943 DhésèmberAmérika sarékatCaliforniaPenyairSamoaSamodra PasifikSekotlanÉropah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

2023Manchester City F.C.BotaniSoedirmanBasa JawaSajarah perkomputeranH1903GambangSpanyol2Éropa KulonGolfCitraan1871KényaVladimir Putin41Abad ping 21PlutoNagara63RamaUpacara tingkebanF1905JuniAsmaradanaSurat Al 'Alaq2002WajikHong KongIwakRambakFebruari 2012DasarataAlginatBagongAfrodhitCrita rakyat IndonésiaAténaGiyarswaraKali NilXia KulonPrajuritWuku JulungwangiWortelBraunschweigRumeniLukisan lengaYovie And The NunoArmèniAntarktikaMasjidPrancisAktorWesiKunthiShioMaliDhialèk PacitanSandhiwaraInggris60Michael JacksonAdobe FlashSurat Al An’amBasaBèlgi🡆 More