Neil Armstrong

Neil Alden Armstrong (lair ing Ohio, Amérikah Sarékat, 5 Agustus 1930 – pati 25 Agustus 2012 ing umur 82 taun) ya iku astronot, juru anggegana uji coba, tèknisi pamaburan, profésor universitas, lan Pamabur Laut Amérikah Sarékat.

Panjenengané minangka wong kapisan sing lumaku ing rembulan. Sadurungé dadi astronot, Armstrong iku perwira Angkatan Laut Amérikah Sarékat lan tau dhines ing Perang Koréa. Sawisé perang, panjenengané dadi juru anggegana uji coba ing Stasiun Pamaburan Kacepetan Dhuwur Komite Penasihat Pamaburan Nasional, saiki Pusat Panlitèn Pamaburan Dryden, papan panjenengané nyathetaké mèh 900 pamaburan. Panjenengané lulus saka Univèrsitas Purdue lan ngrampungaké sekolah sarjanané ing Univèrsitas California Kidul.

Neil Armstrong
Potrèt Neil Armstrong, Juli 1969, nganggo klambi njaba akasa tanpa hèlm
Armstrong ing taun 1969
Neil Armstrong
Astronot NASA
Nami sanèsNeil Alden Armstrong
KabangsanAmérikah Sarékat
Lair(1930-08-05)5 Agustus 1930
Wapakoneta, Ohio, A.S.
PatiAgustus 25, 2012(2012-08-25) (umur 82)
Columbus, Ohio, A.S.
Pedamelan sadèrèngipunPamabur laut, juru anggegana uji coba
Wekdal ing ruwang angkasa8 dina, 14 jam, 12 menit, lan 31 detik
Pamilihan1958 Man In Space Soonest
1960 Dyna-Soar
1962 NASA Group 2
Total EVAs1
Total wekdal EVA2 jam 31 menit
MisiGemini 8, Apollo 11
Èmblem misiNeil Armstrong Neil Armstrong
BebungahMedali Kabebasan Presidhen Medali Kehormatan Antariksa Kongres

Minangka peserta program pamaburan antariksa manungsa Man In Space Soonest Angkatan Udara Amérikah Sarékat lan X-20 Dyna-Soar, Armstrong gabung karo Korps Astronot NASA taun 1962. Pamaburan antariksa sing kapisan ya iku misi Gemini 8 NASA taun 1966, sing wektu iku panjenengané dadi juru anggegana komandhoné lan dadi warga nagara A.S. kapisan ing njaba akasa. Ing misi iki, panjenengané nglakokaké mekanisme prapatan lan pelabuhan wahana antariksa rong wahana antariksa sing ngawak kapisan bareng juru anggegana David Scott.

Pamaburan antariksa kaloro lan pungkasan Armstrong ya iku minangka komandhan misi mudhunaké rembulan Apollo 11 sasi Juli 1969. Ing misi iki, Armstrong lan Buzz Aldrin mudhun ing lumahing rembulan lan ngentèkaké 2½ jam njlajahi rembulan, sawatara Michael Collins tetep ing orbit njero Modul Komando. Armstrong dihadhiahi Medhali Kabébasan Présidhèn déning Présidhèn Richard Nixon bareng Collins lan Aldrin, Medhali Pakurmatan Antariksa Konggrès déning Présidhèn Jimmy Carter taun 1978, lan Medhali Emas Konggrès taun 2009.

Nalika tanggal 25 Agustus 2012, Armstrong tilar donya ing Cincinnati, Ohio, ing umur 82 taun amarga komplikasi saka panyumpelan sirkulasi koronèr.

Taun-taun kapisan

Neil Armstrong lair tanggal 5 Agustus 1930 ing Wapakoneta, Ohio, saka pasangan Stephen Koenig Armstrong lan Viola Louise Engel. Panjenengané minangka keturunan Sekotlan lan Jerman, lan duwé adhi loro, June lan Dean. Stephen Armstrong makarya minangka auditor kanggo pamaréntah praja Ohio, lan kulawargané pindhah-pindhah ing 20 kutha ing Ohio ing 15 taun kapisan sawisé kalairan Armstrong. Kasenenngané kanggo mabur lan ngrembaka ing mangsa iku, wiwit nalika bapaké nggawa Neil sing isih umuré 2 taun ing Cleveland Air Races. Nalika tanggal 20 Juli 1936, nalika umur 6 taun, Armstrong ngrasakaké mabur sing kapisan nganggo montor mabur Ford Trimotor sing diarani "Tin Goose" bareng bapaké ing Warren, Ohio.

Uga delengen

  • Pratélan kacilakan lan insidhèn pamaburan njaba akasa
  • Pusat kendhali misi
  • Proyèk Mercury
  • Program wahana antariksa

Cathetan sikil

Wacan

Wacan terusan

Pranala njaba

Kang sadurungé
Ellsworth Bunker
PenerimaSylvanus Thayer Award
1971
Kang sawisé
Billy Graham

Tags:

Neil Armstrong Taun-taun kapisanNeil Armstrong Uga delengenNeil Armstrong Cathetan sikilNeil Armstrong WacanNeil Armstrong Wacan terusanNeil Armstrong Pranala njabaNeil Armstrong1930201225 Agustus5 AgustusAmérikah SarékatApollo 11OhioPerang Koréa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

TotohanGunung IjenLorSrengéngéStadion Gelora Bung KarnoSitrusRebabMahfud MDPetualangan sherinaMasuk anginAlyssa SoebandonoꦏꦱꦸꦂGedhangTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Lètnan SatuAdolf HitlerUlate bening leriGunung RinjaniLos AngelesRante MasMasjid Menara KudusHajar AswadDhialèk PacitanWader cakulDasanamaGenetikaDev PatelGambyong pareanomWajanSurpanakaMarie AntoinetteGunung WelirangLepetÉjakulasiSurat Al Baqarah30 Seconds to MarsKalanjanaGunung MuriaAndalimanWaring Wéra WanuaWikimaniaUlah ragaRamaWarkopBromRanah internet tingkat paling dhuwurRatu AgengIsuzu PantherWatek JawaBélarusBabiUdohSurat Al Anbiyaa’Chicago, IllinoisWeightlifting Fairy Kim Bok-jooMangkokKlorPalung MarianaSurat LuqmanNitrogenGathotkacaUleg-ulegSaronEgy Maulana VikriCristiano RonaldoTembung wilangan babonM-16 (bedhil)Bika ambonKarangmoncol, PurbalinggaPananggalan JawaHak ciptaSoto BangkongAstadasaparwa🡆 More