Ènzim

Ènzim iku siji utawa sapérangan gugus polipeptida (protéin) kang duwé fungsi minangka katalis (senyawa kang nyepetaké prosès réaksi tanpa entèk ngréaksi) ing sawijining réaksi kimia.

Carané kerja enzim yaiku nèmpèl ing sanjaban molekul dat-dat kang lagi réaksi lan kanthi mangkono nambah cepeting prosès réaksi. Panyepetan dumadi amargi enzim ngedhunaké ènergi pangaktifan kang banjur nggampangaké dumadiné réaksi. Sabagéyan gedhé enzim kerja kanthi cara khas, kang ateges saben jinis enzim mung bisa kerja ing samacem senyawa utawa réaksi kimia. Iki amarga bédaning struktur kimia saben enzim kang sifaté tetep. Minangka conto, enzim α-amilase mung bisa dipigunaaké ing prosès pangrombakan pathi dadi glukosa.

Ènzim
Modhèl komputer enzim nukleosida purin fosforilase

Perkara kang gegandhèngan karo enzim disinaoni ing enzimologi. Ing donya pendhidhikan dhuwur, enzimologi ora disinaoni dhéwé minangka sajurusan dhéwé nanging sagunggungan program studi maringaké mata kuliah iki. Enzimologi mligi disinaoni ing kadhokteran, èlmu pangan, tèknologi pangolahan pangan, lan cawang-cawang èlmu tetanèn.

Kerja enzim diprabawai déning sapérangan faktor, mligi yaiku substrat, suhu, kaasaman, kofaktor lan inhibitor. Saben enzim merlokaké suhu lan pH (tingkat kaasaman) optimum kang béda-béda amarga enzim iku protèin, kang bisa ngalami owah-owahan wangun yèn suhu lan kaasamané owah. Ing sanjabaning suhu utawa pH kang selaras, enzim ora bisa kerja kanthi optimal utawa strukturé bakal ngalami karusakan. Iki bakal njalari enzim kèlangan fungsiné babar pisan. Kerja enzim uga diprabawai déning kofaktor lan inhibitor.

Saiki, enzim iku senyawa kang umum dipigunaaké ing prosès prodhuksi. Enzim kang dipigunaaké lumrahé asalé saka enzim kang diisolasi saka bakteri. Panggunaan enzim ing prosès prodhuksi bisa ngundhakaké èfisiènsi kang bakal ngundhakaké cacahing prodhuksi.

Deleng uga

Tags:

GlukosaMolekulPathiPolipeptidaProtéinRéaksi kimia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

DasanamaSubaliWarangganaLombok abangPitikBombasticAgus Harimurti YudhoyonoDenny CaknanDhomain publikWalikuthaEmma WatsonKuala LumpurGoogleSurat Al QadrElektronikaCourseraBathara GuruKulawarga (biologi)Noe LettoBumiVelove VexiaSunita WilliamsNasionalismePariwaraTakbirKarnaꦏꦼꦩ꧀ꦥꦾꦁIwan FalsWiki CommonsSepongWignyanAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)Happy AsmaraTom CruiseDhandhanggulaFarinaꦥꦼꦱꦶꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀SawahSurat Al BaqarahRerengganNurul ArifinOkan CorneliusWikipédiaTèknologi informasiEminemChris Evans (aktor)ManganCyanobacteriaKaskusMaria VaniaSurat Al JinImprovisasiLebak Bulus, Cilandhak, Jakarta KidulKulchaWirangrongSrabiꦧꦼꦝꦸꦒ꧀CitraanSidratul muntahaPrastawaTresnaParibasan JawaParto PatrioGarèngGeodesiSumawanaMesut ÖzilDewi SandraTembung aranPada lingsaꦢꦼꦩꦸꦁLangkap, Burneh, BangkalanYuni SharaWordPressTembung saroja🡆 More