Sawah

Sawah utawa sabin (basa krama) iku tegal kanggo budidaya tuwuhan pari.

Sawah iku lumrahé papané ana ing rawa-rawa teles. Yèn sawah garing, dijenengaké sawah gaga. Sawah dipethak-pethak lan diwatesi nganggo galeng utawa galengan (basa Indonésia: pematang). Sawah kang diwèhi banyu mawa sistèm irigasi diarani sawah irigasi, déné yèn banyuné mung ngandelaké saka tumuruning udan diarani sawah tadhah udan.

Sawah
Sawah mawa téras ing Viètnam
Sawah
Weluku ing satengahé sawah ing Sléman, Ngayogyakarta
Sawah
Kaendahan kuwaosaning Gusti

Sajarah

Para ahli purbakala lumrahé percaya yèn tetanèn ing lahan teles kaya sawah iki asalé saka Cina. Ing Caoxieshan, sawijining situs saka jaman budaya Neolitik Majiabang, ahli purbakala nemu patilasan sawah . Sawetara ahli nyatakaké yèn Caoxieshan wus ana ing taun 4000-3000 S.M., nanging saiki, tilas sawah kang luwih tuwa tinemu ing Koréa. Ana bukti arkéologis yèn gabah disimpen kanggo pasadiyan militèr ing jaman Neolitik déning Dinasti Han ing Cina.

Pangolahan lahan sawah kanthi tradhisional

Ngolah lemah lahan sawah utmané kang disiapaké kanggo nandur pari kanthi tradhisional antarané dumadi saka saweatara pagawéan kanthi urutan kaya mangkéné:

  • Macul kanggo malik lemah mligi ing pinggir-pinggir galeng kang isih akèh ngandut hara.
  • Mluku malik lemah nganggo piranti waluku.
  • Nggaru ngratakaké lemah nganggo piranti garu kang disèrèt sapi utawa kebo
  • Nyebar winih|Nyebar yaiku nyebar winih pari ing papan pawinihan.
  • Ndhaut iku nyabuti winih pari saka papan pawinihan lan disiapaké kanggo ditandur.
  • Tandur iku nandur bibit pari kang wis didaut kanthi jèjèr ing lahan kang wis warata amarga digaru.
  • Matun iku ngresiki suket utawa gulma
  • Sulam yaiku nyulami utawa ngganti yèn ana sapèrangan wit pari kang mati
  • Ngabuk yaiku mènèhi abuk ing sawah nganggo warna-warna abuk gumantung kabutuhan.
  • Derep yaiku manèn pari kanthi cara tradhisional yaiku nganggo piranti ani-ani.
  • Bawon yaiku bagi asil panèn pari antarané kang duwé sawah karo kang ngayahi derep. Sing umum wong derep olèh pérangan sapro enem utawa sapro wolu saka asilé derep.

Rujukan

Pranala njaba


Tags:

Sawah SajarahSawah Pangolahan lahan sawah kanthi tradhisionalSawah RujukanSawah Pranala njabaSawahBasa IndonésiaBasa kramaIrigasiPariSawah tadhah udan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WhatsAppSepongDarius SinathryaSunan GiriKarbitMaricaBismaTasyaTifaWikipédiaAksara Jawa30 Seconds to MarsAngklungWindows 95Kabupatèn KlungkungNASAMikul dhuwur, mendhem jeroCarita Aji Sakaꦱꦸꦗꦺꦤ꧀BeskapTembung YogyaswaraCut Nyak MeutiaRama TambakHasyim Asy'arieNitrogenPahlawan Nasional IndonésiaTapéWilhelmina saka WalandaSurpanakaTembung wilangan babonGravitasiSutradharaSaddam HusseinRante MasRebut balung tanpa isiAri SigitWunguÉjakulasiPananggalan JawaKuwé pancongRawonBrandon SalimSailor MoonZora VidyanataWalang sangitChairul TanjungMasjid Menara KudusSurat An NamlSoekarnoSoehartoAngga Aldi YunandaWetengBrigadeKutha PalémbangKaséhatanJangan lodhèhWingko babatPurwapadaMario MaurerBarakudaCepu, Blora2008Tyson GayInterstellar (filem)Surat LuqmanAchmad SoebardjoMicrosoft WindowsSèngKabupatèn Penajam Paser LorBeetꦕꦏ꧀Nadiem Makarim🡆 More