Gulma iku tuwuhan kang anané ora dikarepaké ing lahan pertanian amarga ngurangi asil tanaman prodhuksi.
Tembung gulma asipat teknis lan plastis. Teknis, amara kagandhèng karo prosès prodhuksi tuwuhan pertanian. Anané gulma bakal ngurangi asil amarga ngganggu tuwuhing tetuwuhan prodhuksi liwat kompetisi. Plastis, amarga watesan iki ora ngiket siji spésies tuwuhan. Sajeroning tataran tinamtu, tuwuhan migunani bisa dadi gulma. Suwaliké, tuwuhan kang biyasa dianggep gulma bisa uga dianggep ora ngganggu. Conto, kedhelé kang tuwuh ing sela-sela tuwuhan monokultur jagung bisa dianggep gulma, nanging sajeroning sistem tumpang sari kaloroné minangka tuwuhan utama. Sanadyan mangkono, sawatara jinis tuwuhan dikenal minangka gulma utama, kaya déné teki lan alang-alang.
Ilmu kang nyinaoni gulma, perilakuné, lan pengendaliané dikenal minangka ngèlmu gulma.
Lumrahé dibédakaké gulma ke sajeroning telung golongan:
Katelu golongan gulma duwé karakteristik dhéwé-dhéwé kang merlokaké strategi mirunggan kanggo ngendhalèkaké.
Cithakan:Tetuwuhan-stub
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Gulma, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.