Desmond Mpilo Tutu: Aktivis hak manungsa Afrika Kidul

Desmond Mpilo Tutu (1931-2021) inggih punika salah satunggalipun téolog ingkang asalipun saking Afrika Kidul.

Panjenenganipun ugi kalebet aktivis ingkang misuwur ing taun 1980-an minangka salah satunggalipun panentang apartheid. Tutu dipunpilih lan dipuntahbisaken dados biskop kulit cemeng ingkang sapisan ing Gréja Anglikan Panjenenganipun dipuntahbisaken ing Kutha Cape Town.

Desmond Mpilo Tutu: Wiwitanipun, Konteks Apartheid, Cathetan suku
Biskop Desmond Tutu, pikantuk Nobel Pardamaian taun 1984

Prèsidhén Afrika Kidul, Nelson Mandela ugi gadhah pamanggih ingkang saé babagan Tutu. Panjenenganipun ngendikan bilih Tutu inggih punika tiyang ingkang boten naté ajrih nywantenaken "sinten ingkang boten saged maringi swanten".

Wiwitanipun

Desmond Mpilo Tutu (miyos ing Klerksdorp, Transvaal nalika tanggal 7 Oktober 1931). Ramanipun nyambur damel dados guru sekolah nanging ibunipun boten naté sekolah. Tutu nglajengaken pendidikanipun dhateng sekolah inggil ingkang misuwur ingkang namanipun Johannesburg, ing taun 1945-1950.

Konteks Apartheid

Sasampunipun rezim apartheid mandhap ing taun 1994 lan dipun-gantos déning panguwaosipun Konggrès Nasional Afrika utawi ANC (African National Congress), Tutu asring ngginakaken frasa Rainbow Nation(Bangsa Pelangi). Panjenenganipun ngginakaken frasa punika minangka satunggalipun metafora kanggé nggambaraken ka-manéka warni-an ing Afrika Kidul.

Sanajan apartheid resmi dipunicalaken ing taun 1990, swasana ing Afrika Kidul taksih dèrèng uwal saking masalah kamanungsan. Miturut Tutu taksih wonten dosa lan ugi wiwih ingkang saged ngasilaken wontenipun panindhasan malih. Panjenenganipun gadhah pamanggih bilih "Tiyang ingkang dipuntindhas saged dados panindhas amargi dosa saged damel kemungkinan punika dados wonten.

Cathetan suku

Pranala njawi


Tags:

Desmond Mpilo Tutu WiwitanipunDesmond Mpilo Tutu Konteks ApartheidDesmond Mpilo Tutu Cathetan sukuDesmond Mpilo Tutu Pranala njawiDesmond Mpilo Tutu1980Afrika KidulBiskopCape TownGréja AnglikanIreng

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WikiDasanamaCristiano RonaldoDenny CaknanMontor mabur nirawakMasjid Nabawi25 AgustusLuna MayaStadion Gelora Bung KarnoAsteroidWikipédia basa JawaMonumèn NasionalCornelia AgathaGong YooTapéWignyanMálagaAndra JunaidiSurat Adh DhuhaPiala Dunia FIFA 2014SekatènSalam Lintas AgamiBika ambonPrasasti YupaKenongTitilarasSurat Al QadrꦥꦁꦒꦮꦺꦫꦺꦴꦠꦶPanambangBlogMahfud MDTaman Mini Indonésia IndahFriendsterCharmander24 MèiAnak Jalanan (sinetron)Kanayakan IndonésiaOECDFerry MaryadiPelaminanAri SihasaleFardhu 'ainLintang alihKleponkuqlvParikanTara BasroBasa MalayuIwel-iwelIrfan BachdimNajelaa ShihabWulan GuritnoKabupatèn KarangasemAmérika sarékatWalandaMitoniLondonHaumeaPerang Yom KippurBèkelanJatinangor, SumedangJu JingyiIbnu SinaKabupatèn SumedangRadèn PatahKim Tae-heeDha (aksara Jawa)Kerata basaforexBonangKhulafaur RasyidinC++Bima (paraga Mahabharata)Los Angeles🡆 More