Aleksandr Pushkin

Aleksandr Sergeyevich Pushkin (basa Ruslan: Алекса́ндр Серге́евич Пу́шкин  rungokna (pitulung·info)) (6 Juni 1799 – 10 Fèbruari 1837) iku siji pengarang Romantis Ruslan kang dianggep akèh wong minangka penyair gedhé dhéwé Ruslan lan pangadeg sastra Ruslan modhèren.

Pushkin ngrintis panggunaan basa vernakular sajeroning geguritan-geguritan lan drama-dramané, nyiptakaké siji gaya carita—nyampuraké drama, roman, lan satir—kang wiwit wektu iku digandhèngaké karo sastra Ruslan lan banget mangaruhi para penulis Ruslan ing tembé mburi.

Aleksandr Pushkin
Aleksandr Pushkin
Alexander Pushkin taun 1831.
LairAlexander Sergeyevich Pushkin
(1799-06-06)6 Juni 1799
Moskow, Kakaisaran Ruslan
Pati10 Fèbruari 1837(1837-02-10) (umur 37)
Santa Petersburg, Kakaisaran Ruslan
Pakaryapenyair, novèlis, dramawan
BasaRuslan, Prancis
BangsaRuslan
AlmamaterTsarskoye Selo Lyceum
MangsaGolden Age Geguritan Ruslan
GènreNovèl, novèl sajeroning ayat, Geguritan, Drama, cerkak, Dongèng
Obahan sastraRomantisisme, pra-realisme
Karya gedhéEugene Onegin, The Captain's Daughter, Boris Godunov, Ruslan and Ludmila
BojoNatalia Pushkina (1831–1837)
AnakMaria, Alexander, Grigory, Natalia
DulurSergei Lvovich Pushkin, Nadezhda Ossipovna Gannibal

Tandha tanganAleksandr Pushkin

Kaurian

Bapakné Pushkin iku keturunan saka salah siji kulawarga bangsawan tuwa dhéwé Ruslan kang nlusuri sajarahé marang Biara Khutyn nalika abad angka 12, sauntara simbah kakungé ibuné iku Ibrahim Petrovich Gannibal, pawongan Afrika kang diculik lan didadèkaké batur tukon nalika dhèwèké isih cilik. Dhèwèké digawa menyang Ruslan lan dadi siji pamimpin militèr gedhé, ahli tèknik lan bangsawan sawisé dhèèwèké diadhopsi déning Peter Agung.

Karya-karyané

Aleksandr Pushkin 
Monumèn Pushkin kang misuwur ing Moskwa, diresmèkaké taun 1880 déning Turgenev lan Dostoyevsky.
  • Ruslan i Lyudmila Ruslan lan Ludmila (1820) (geguritan)
  • Kavkazskiy Plennik Tawanan saka Kaukasus (1822) (geguritan)
  • Bakhchisarayskiy Fontan Banyu Muncrat Bahçesaray (1824) (geguritan)
  • Tsygany Wong-wong Zigana (1827)
  • Poltava (1829)
  • Tragèdhi-tragèdhi Cilik (kalebu Kamenny Gost' "Tamu Watu", Motsart i Salieri "Mozart lan Salieri", "Satriya Cethil", lan "Pista nalika Wabah") (1830)
  • Boris Godunov (1825; terbit 1831; resmi disarujuki kanggo pamentasan 1866) (drama)
  • Carita ngenani Pendhéta lan Pagawéyané Balda (1830) (geguritan)
  • Povesti Pokoynogo Ivana Petrovicha Belkina Carita ngenani Almarhum Ivan Petrovich Belkin (1831) (prosa)
  • Carita ngenani Tsar Saltan (1831) (geguritan)
  • Carita ngenani Putri kang Mati lan Pitu Satriya (1833) (geguritan)
  • Pitik Jago Emas (1834) (geguritan)
  • Carita ngenani Nelayan lan Iwak (1835) (geguritan)
  • Kepala Stasiun (carita cekak)
  • Yevgeniy Onegin Eugene Onegin (1825-1832) (novèl mawa sanjak)
  • Mednyy Vsadnik Panunggang Jarang Prunggu (1833) (geguritan)
  • Pikovaya Dama Ratu Kartu Skop (1833)
  • Sajarah Haruhara Pugachev (1834) (prosa non-fiksi)
  • Kapitanskaya Dochka Putri Sang Kaptèn (1836) (prosa) siji novèl historis kang diromantisaké saka "Pugachevshchina," kauripan lan mangsa-mangsa Pugachev.
  • Kirdzhali Kırcali (carita cekak)
  • Gavriiliada
  • Aku Wis Teka Manèh (geguritan)
  • Istoriya Sela Goryukhina Carita saka Désa Goryukhino (ora rampung)
  • Stseny iz Rytsarskikh Vremen Scenes from Chivalrous Times
  • Yegipetskiye Nochi Wengi-wengi Mesir (geguritan)
  • K A.P. Kern Kanggo A.P. Kern (geguritan, salah siji lirik katresnan paling éndah kang tau ditulis sajeroning basa Ruslan)
  • Bratya Razboyniki Perampok Bersaudara (drama)
  • Arap Petra Velikogo Negro Peter Agung (novèl sajarah, ora rampung, dhedhasar simbah buyuté)
  • Graf Nulin Pangéran Nulin
  • Zimniy vecher Wengi Mangsa Adhem

Wacan terusan

T.J. Binyon tau nulis biografiné sajeroning basa Inggris:

Uga delengen

  • Bebungah Pushkin

M.I.P. Company http://www.mipco.com nerbitaké Secret Journal nalika taun 1986. Kawit iku diterbitaké ing 24 nagara. Nalika taun 2006 èdhisi dwi-basa Ruslan-Inggris diterbitaké ing St. Peterburg, Ruslan déning Retro Publishing House http://www.retropublishing.com

Rujukan

  • Elaine Feinstein (ed.): After Pushkin: versions of the poems of Alexander Sergeevich Pushkin by contemporary poets. Manchester: Carcanet Prees; London: Folio Society, 1999 ISBN 1-57544-44-7
  • Serena Vitale: Pushkin's button; terj. dari basa Italia olèh Ann Goldstein. New York: Farrar, Straus & Giroux, 1998 ISBN 0-374-23995-5
  • Pogadaev, Victor. Penyair Agung Ruslan Pushkin dan Dunia Timur. Monograph Series. Centre For Civilisational Dialogue. University of Malaya. Kuala Lumpur, N 6, 2003, 64 hlm. ISBN 983-3070-06-X

Pranala njaba

Tags:

Aleksandr Pushkin KaurianAleksandr Pushkin Karya-karyanéAleksandr Pushkin Wacan terusanAleksandr Pushkin Uga delengenAleksandr Pushkin RujukanAleksandr Pushkin Pranala njabaAleksandr Pushkin10 Fèbruari179918376 JuniBarkas:Ru-Pushkin.oggBasa RuslanDramaKalèndher JulianNgenani wuni ikiPenyairRomantisismeRu-Pushkin.oggRuslanen:Wikipedia:Media help

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Bonang barungBleachISO 4217Jay IdzesAdolf HitlerTapéMálagaSergio RomeroBasa kramaLadhangKeshogunan TokugawaSurat Al 'AlaqMahfud MDAsian Football ConfederationBir PletokPallubasaMario GötzeYouTubeIsraèlAura KasihSurat LuqmanA.C. Chievo VeronaWest VirginiaDhaptar istilah militèr Tentara Nasional IndonésiaAntimonUzbèkistanNagasariArjuna SasrabahuAmien RaisKomando Daerah Militer III/SiliwangiSalam Lintas AgamiKethukPuputanultravioletUntaTembung YogyaswaraSCTVEgy Maulana VikriAjaran Samin SurasentikaSt. PetersburgZulkifli HasanWignyanKabinèt Gotong RoyongIsih penak jamanku toPlutoGunung LawuwordpressAgus Harimurti YudhoyonoMamutNike ArdillaBale Sigala-galaWibisanaDina MarianaAri WibowoMitoniThe Sessions (filem)HaumeaUBlock OriginYoniSundaeC++Mangsa katigaTemulawakFlorentino PérezTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Jamur merangSurat Ali Imran2006KalkulusGlenn FredlyChristopher ColumbusBasa Jawa KramaGaruda Wisnu KencanaKriptonKopi Luwak🡆 More