Odhol

Odhol utawa ing basa Indonésia pasta gigi nuduhaké barang kanggo sarana reresik untu.

Odhol ngandhut deterjen kanggo ngilangi regedan sisa dhaharan utawa plak.

Odhol
Odhol

Sajarah Odhol

Merek Odhol sing kawiwitan lumebu lan kondhang ing Indonésia iku nganggo merk ''Odol'', mula wong-wong saindenging Indonésia nganti tumeka jaman saiki yèn ngarani pasta gigi iku odhol. Miturut literatur odhol cinipta déning priyayi Jerman 'Karl August Lingner ing Dresden Jerman. Ing wektu iku 1892 Chemical Laboratory Lingner, mroduksi Odhol mouthwash lan ing taun 1900an produk reresik untu lan tutuk iki kawentar lan di anggo saindenging Éropah.

aneng peradaban, sarana reresik untu wis di kenal wiwit 5000 taun kapungkur. Jaman Mesir Kuna masarakat ing kana gawé odhol sak kuku sapi lanang sing di gerus, tepung, watu apung lan lebu saka kulit endhog sing di besmi. Déné ing wewengkon Pèrsi, kira-kira 1000 taun kapungkur gawé bahan saka tetuwuhan lan godhong-godhongan kanggo gawé odhol kang wujud bubuk.

Barkas:Bundésarchiv Bild 133-375, Worms, Altmetallsammlung der Hitlerjugend.jpg
Odhol Jerman

Karl August Lingner

panjenengané miyos tanggal 21 Dhésèmber 1861, ing Magdeburg Jerman. Bapaké Lingner ngasta usaha dagang. Panjenengane naté ngasta pagawéan minangka asistèn toko klontong, taun 1883 panjenengané tindak nagara Prancis gladhi musik, nanging ora nemoni asil kang maremake. Taun 1885 panjenengané kondur menyang nagara asalé Jerman ngasta pagawéan juru tulis ing perusahaan konveksi Seidel and Nauman. Taun 1892 Lingner kongsi karo dr. Richard Seifert (1861-1919), panjenengané ngasta minangka tenaga pemasaran obat antisèptik. Pengalaman minangka tenaga pemasaran lan kawruh bab bakteorologi diwujudake Lingner kanthi mroduksi obat reresik tutuk kanthi merek Odol (Odus, Tooth, And Oleum Oil). Kejaba iku, Lingner uga minangka tokoh keséhatan higienis. Panjenengane ngarsani badan nirlaba, kang konsen ing higienitas. kawiwitan kanthi pameran Volkskrankheiten (1903), lan pameran internasional taun 1911. Panjenengane mrakarsani badan-badan kang konsen ing keséhatan, the children health center with baby home ing Johannstadt (1897), griya saras bayi kang kapisanan ing dunya taun 1898, the central office for tooth hygiene (1900), the public central office for disinfection (1901), the desinfektorenschule (1902), the dresdens readresounds (1902) lan German Hygiene Museum (1912). Karl August Lingner marak ngarsa Gusti tanggal 5 Juni 1916, sawisé operasi kanker, sadurungé panjenengané bisa mriksani eropa kang maujud dadi nagara kang tentrem

Bahan Odhol

  • Fluoride, bahan kanggo nguatke email utawa lapisan untu lan nyegah untu busuk.
  • abrasive, bahan kanggo nyirnakake kotoran kang nemplek ing untu.
  • Humectants, bahan supaya kandhutan banyu ing odol ora ilang (glycerol, Propylene, glycol, lan sorbitol).
  • zat rasa utawa Flavoring Agents, bahan supaya odol duwé rasa manis, pedes (mint), (sacharine).
  • Deterjen, zat kang ngasilaké busa utawa foam (lauryl sulfate, sodium N-lauryl sarcosinate).
  • zat pengental utawa Thikening Agents, bahan kanggo njaga formulasi odol (mineral colloids, natural gums, seaweed colloids utawa synthetic cellullose).
  • Triclosan, bahan kanggo nyegah baktèri.

Cathetan suku

Tags:

Odhol Sajarah Odhol Karl August LingnerOdhol Bahan Odhol Cathetan sukuOdholBasa IndonésiaUntu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

AmaraSadéwaRadiumSpinosaurusPangidhèntifikasi Obyèk DigitalLintas platformRomaniaJakarta3819AtomPréfèktur ShizuokaHarold JeffreysJoko SusiloYahoo!Mohammad Mahfud M.D.1MinecraftKode BatangUdohBromTapéSekseFK BangaWalabi8Alina KukushkinaKapulagaH1957HormonObahan Non-BlokSega kerabu1851VivoGezerHeather StormOrbitSkleraMali40DronaNikosiaKarim BenzemaBrasil248Segara GaliléaYodiumPlexus brachialisDracula (novel)19401951Dhialèk PacitanBasa InggrisJonathan FrizzyIdul FitriRamadanFitri AyuKoranSurat Al An’amAbad ping 18Mekanika lemahAlsaceSeni rupa1961Dhaptar dasawarsaA.F.C. WimbledonGedhangTvOneKemanggaRambut pubis🡆 More