Klorokuin utawa Chloroquine ya iku sawijining obat kanggo terapi lan kemoprofilaksis lelara malaria lan bisa uga kanggo nyegah lara malaria kanggo wong sing arep lelungan menyang tlatah éndhemik malaria.
Klorokuin kalebu ing golongan obat antimalaria pepanthan 4-aminoquinoline makarya kanthi nyegah tuwuhing parasit plasmodium ing sèl getih abang. Racaké obat iki maujud tablèt. Obat iki duwé jeneng dagang Chloroquine, Chloroquine Phosphate, Erlaquin, Malarex, Resochin, lan Riboquin.
Jeneng sistematis (IUPAC) | |
---|---|
(RS)-N'-(7-chloroquinolin-4-yl)-N,N-diethyl-pentane-1,4-diamine | |
Data klinis | |
Jeneng dagang | Aralen, Malarex, Resochin, Riboquin |
AHFS/Drugs.com | Monograph |
Data lisènsi | US Daily Med:link |
Kat. kehamilan | ? |
Status hukum | P (UK) ℞-only (US) |
Pharmacokinetic data | |
Métabolisme | Liver |
Wektu paro | 1–2 bulan |
Pangenal | |
Nomor CAS | 54-05-7 |
Kode ATC | P01BA01 |
PubChem | CID 2719 |
Ligan IUPHAR | 5535 |
DrugBank | DB00608 |
ChemSpider | 2618Cithakan:Chemspidercite |
UNII | 886U3H6UFFCithakan:Fdacite |
KEGG | D02366 [kegg] |
ChEBI | CHEBI:3638 |
ChEMBL | CHEMBL76 |
NIAID ChemDB | AIDSNO:000733 |
Data kimia | |
Formula | C18H26ClN3 |
Massa mol. | 319.872 g/mol |
SMILES | eMolecules & PubChem |
InChI
|
Nalika taun 1800-an, kinin sulfat wiwit diékstrak saka wit kina. Sansaya suwé, panganggonan kinin ditinggalaké amarga duwé toksisitas kang dhuwur lan parasit malaria ngewangun resistensiné. Taun 1934, Bayer saka Jerman nggolèki alternatif anyar kanggo malaria sing dijenengaké klorokui. Senyawa klorokuin fosfat iki luwih polar lan luwih ora toksik. Klorokuin wis digunakaké awit perang donya kapindho. Miturut panaliten Centers for Disease Control (CDC) Amérikah Sarékat ing taun 2005, obat iki èfèktif nglawan sèl primata sing wis kena infeksi SARS utawa virus corona generasi kapisan sing ndayani manungsa. Ananging panalitèn kasebut amung tés in vitro ya iku pangujian ing sèl makhluk urip lan dudu makhluk urip.
Klorokuin bisa kanggo nambani jinis malaria entheng kaya déné:
Panganggonan klorokuin iki racaké dibarengaké karo primakuin. Klorokuin ancasé kanggo maténi parasit stadium asèksual lan sèksual. Déné primakuin ancasé kanggo maténi hipnozoit ing sèl ati uga bisa maténi parasit asèksual ing eritrosit. Klorokuin ora bisa kanggo nambani Malaria falsiparum (malaria ganas utawa abot) sing disebabaké Plasmodium falciparum amarga wis resisten (kebal) marang obat iki.
Sakliyané kanggo nambani malaria, klorokuin uga digunakaké kanggo ngobati rheumatoid arthritis, amebiasis lan penyakit autoimun kaya ta lupus. Klorokuin duwé khasiyat mawa antivirus ing pirang-pirang virus kaya ta flavivirus, retrovirus, lan coronavirus. Klorokuin dipitayani bisa ngalangi tuwuhing virus ing jero awak. Ing panalitèn taun 2017, klorokuin èfèktif kanggo nyegah kadadéan replikasi HIV lan penyakit SARS.
Dhosis ngonsumsi klorokuin miturut lelara lan umur ya iku:
Èfèk samping kang umum ditemoni dening pawongan sing ngonsumsi klorokuin ya iku:
Déné èfèk samping sing mbebayani lan kudu mandhegaké anggoné ngombé klorokuin ya kuwi:
Menawa nemoni èfèk samping kaya mangkono, panandhang kudu gagé-gagé nemoni dhokter.
Klorokuin dipitayani minangka tamba lelara Covid-19. Panalitèn wiwitan babagan klorokuin dilakokaké dening Wuhan Institute of Virology saka Chinese Academy of Sciences. Adhedhasar panalitèn iku, klorokuin bisa nyuda ngrembakaning virus corona anyar kanggo tuwuh lan nginfeksi sèl nalika diuji menyang kethèk. Para wasis panalitèn ing Brazil mandhegaké uji klorokuin iki amarga pirang-pirang panandhang Covid-19 sing ngonsumsi obat iki kanthi dosis dhuwur, ditemokaké kabédanan ritme jantung sing mbebayani. Ana rong panandhang kang denyut jantungé abnormal sing dimangerténi minangka ventricular tachychardia banjur tilar donya.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Klorokuin, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.