Guwa yaiku bolongan alami ing lemah kang lumayan gedhé lan jero.
Sapérangan ilmuwan njlentrehake manawa guwa iku kudu lumayan gedhé saéngga sapérangan pérangan ing jerone ora nampa cahya srengéngé; nanging ing kagunan racaké pangertene lumayan gedhé, kalebu parlindungan watu, guwa laut.
Tembung "guwa" asalé saka basa Sanskerta guha.
Amarga guwa anyar terus dijelajahi, mula rekor ukuran guwa terus diperbaharui.
Sistem guwa gedhé dhéwé (ing jarak) yaiku Guwa Mammoth (Kentucky, Amérikah Sarékat) kanthi panjang 579 km. Rekor iki kaya-kaya ora bakal diliwati kanthi wektu cedhak amarga guwa paling dawa kaping lorone kang dingerteni ana ing Pechera Optymistychna Ukraina kang dawane 214 km.
Taun 2005, guwa paling jero kang wis dingerteni (diukur saka panggonan lumebu nganti titik paling cethèke) yaiku Guwa Voronya (Abkhazia, Georgia, kanthi kajeronan 2.080 m. Iki minangka guwa pisanan kang tau dijlajahi nganti kajeronan punjul 2 km. Guwa pisanan kanthi kajeronan punjul 1 km kang tau dijlajahi yaiku Gouffre Berger kang misuwur ing Perancis. Gouffre Mirolda - Lucien Bouclier guwa ing Perancis lan Lamprechtsofen Vogelschacht ing Ostenrik minangka guwa kaping loro lan kaping telu paling jero kanthi kajeronan 1733 m lan 1632 m, runtut. Rekor iki wis ganti nganti kaping pirang-pirang ing taun-taun pungkasan.
Rekor kajeronan guwa njorok mangisor kacekel déning guwa Vrtoglavica ing Slowén kanthi 603m, diéloni déning guwa Velebit ing gunung Velebit ing Kroasia kanthi kajeronan 553m.
Guwa gedhé dhéwé kang wis tinemu yaiku Sarawak Chamber, ing Taman Nasional Gunung Mulu (Sarawak, Borneo, Malaysia), kang ambané 600 m x 400 m lan dhuwure 80 m.
Wiki Commons duwé médhia ngenani Cave. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Guwa, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.