Eukariota

Eukariota (asalé saka basa Yunani eu kang tegesé becik, lan karyon kang tegesé nunjuk ing nuklei sel) iku organisme kanthi sel komplèks, ing ngendi bahan-bahan genetikané disusun dadi nuklei kang kaiket membran.

Eukariota
Kalamangsa: Cithakan:Long fossil range
Eukariota
Eukaryotes and some examples of their diversity
Klasifikasi ngèlmiah
Dhomain: Eukaryota
Whittaker & Margulis,1978
Karajan
Animalia – Animals
Fungi
Amoebozoa
Plantae – Plants
Rhizaria
Filogeni alternatif
  • Unikonta
    • Opisthokonta
      • Metazoa
      • Mesomycetozoa
      • Choanozoa
      • Eumycota
    • Amoebozoa
  • Bikonta

Eukariota kalebu kéwan, tetuwuhan, lan jamur—kang akèh-akèhé multiselular—sarta manéka golongan liyané kang diklasifikasikaké kanthi kolèktif minangka protista (akèh ing antarané uniselular). Suwaliké, organisme-organisme liyané, kaya ta bakteri, ora duwé nuklei lan struktur sel komplèks liyané; organisme-organisme kayaiku mau karan prokariota.

Struktur

Lumrahé, sel eukariota duwé ukuran kang luwih gedhé tinimbang prokariota lan duwé pérangan-pérangan sub-selular kang karan organel. Béda karo prokariota, DNA eukariota disimpen ing kumpulan kromosom kang kasimpen ing njero nuklei kang kabungkus membran nuklei. Saliyané nglakoni panyigaran sel kanthi aseksual, akèh eukariota uga bisa nglakoni réprodhuksi sèksual liwat prosès fusi sel, kang ora tinemu ing prokariota.

Réprodhuksi

Réproduksi eukariota dilakoni liwat sigar sel, kang lumrahé dumadi kanthi mitosis, yaiku prosès sigaré inti sel kang njalari sawijining sel anak nampa dhuplikat utawa salinan saben kromosom kang diduwèni sel indhuk. Ing sakèhé eukariota ana uga réprodhuksi sèksual, ing antarané sel haploid, yaiku sel kang mung duwé siji kromosom saka saben pasang kromosom kang diduwèni sel indhuk kang nglibataké prosès fusi inti sel (singami) lan panyigaran kanthi meiosis kang ngasilaké sel diploid, yaiku sel kang duwé pasangan kromosom kang lengkap.

Pranala njaba

Tags:

BakteriJamurOrganismeProkariotaProtistaSato kewanSel (biologi)TetuwuhanYunani

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ÈngklèkCut Nyak MeutiaAngsangTedhak sitènBillie EilishAlgaBrexitSurat LuqmanTebuDavid BeckhamWhatsAppSMK Negeri 2 BloraJurudemungAksara JawaCilokPSV EindhovenLos AngelesNawawi al-BantaniKarbonLawang SèwuDjauhariUBlock OriginSetatsiyun CepuUmpan gaweanPark Ji-SungTatune arang kranjangLee HyoriFriendsterDrijiWiji jagungPageblug Covid-19Tobey MaguireRadja NainggolanKansai PaintKi Hadjar DewantaraTaunLydia KandouDhandhanggulaDrumJakartaMuhammad Arsyad al-BanjariMusisiPHWali BandSaturnusAnang HermansyahGajahDasanamaArimbiBleachMasjid NabawiWisanggeniSurat Al An’amFacebookGoogleMa'ruf AminSoekarnoFotografiMahfud MDPucungNadiem MakarimUzbèkistanAdolf HitlerKerata basaTembung ngombé lan ngunjukJamurWiki FoundationJepangPerang Donya IIKamatTaun wuntuKangen Band (Grup Musik)🡆 More