Ciputra

Ir.

Ciputra (lair ing Parigi, Sulawesi Tengah, 24 Agustus 1931; umur 92 taun) inggih punika satunggalipun insinyur lan pangusaha ing Indonésia. Panjenenganipun misuwur minangka pengusaha properti ingkang sukses. Usaha punika ing antawisipun inggih punika Jaya Group, Metropolitan Group, lan Ciputra Group. Sanèsipun punika, panjenenganipun ugi gadhah universitas inggih punika Universitas Ciputra.

Ir. Ciputra
Ciputra
Rerincèn dhiri
Lair (1931-08-24) Agustus 24, 1931 (umur 92)
Nèderlan Parigi, Sulawesi Tengah, mangsa Hindia Nèderlan
SisihanDian Sumeler
AnakRina Ciputra
Junita Ciputra
Cakra Ciputra
Candra Ciputra
AlmamaterInstitut Teknologi Bandung
PanggaotaPengusaha
filantropis
Agamahttp:https://www.duhoctrungquoc.vn/wiki/index.php?lang=jv&q=Ciputra&action=edit

Alit ngantos rumaja

Ciputra, ingkang gadhah nama timur utawi nama alit Tjie Tjin Hoan. Wiwit alit, panjenenganipun sampun ngraosaken urip susah, bapakipun ingkang asma Tjie Siem Poe ical awit dipunfitnah dados pita matanipun Walanda / Jepang. Nalika rumaja panjenenganipun sekolah SMP lan SMA ing Manado. Sasampunipun lulus SMA, panjenenganipun kuliah ing Institut Téknologi Bandung. Ing tingkat sekawan, panjenenganipun damel usaha konsultan arsitèktur yasan ingkang kantoripun ing garasi. Sasampunipun pikantuk gelar insinyur ing taun 1960, Ciputra boyongan dhateng Jakarta.

Karier lan bisnis

Sasampunipun kuliah ing ITB, Ciputra miwiti karieripun ing Jaya Group, inggih punika perusahaan laladan kagunganipun Pemda DKI. Ciputra makarya ing Jaya Group dados direksi ngantos yuswa 65 taun, lan sasampunipun punika dados penasihat. Ing perusahaan kasebat, Ciputra pikantuk kebebasan kanggé mados inovasi, kalebet wonten ing pangyasa proyek Ancol. Salajengipun, sareng kaliyan Budi Brasali, Sudono Salim, (Liem Soe Liong), Sudwikatmono, Djuhar Sutanto lan Ibrahim Risjad, Ciputra damel Metropolitan Group, ingkang yasa griya-griya mewah Pondok Indah lan Kota Mandiri Bumi Serpong Damai. Ing wekdal punika, panjenenganipun dados direktur utama ing Jaya Group lan ing Metropolitan Group dados présidhèn komisaris. Pungkasanipun, Ciputra damel grup perusahaan kulawarga, Ciputra Group.

Cathetan suku

Pranala njawi


Tags:

Ciputra Alit ngantos rumajaCiputra Karier lan bisnisCiputra Cathetan sukuCiputra Pranala njawiCiputra193124 AgustusIndonésiaInsinyurSulawesi TengahUniversitas

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

AwuꦏꦼꦢꦸꦢꦼꦁGethukParibasan JawaMohammad HattaPatih SuwandaChicago, IllinoisKleponÈsAdolf HitlerBabiMaskumambangJefri NicholPadmasoesastraTembung krama inggilꦕꦸꦏ꧀KenongAvenged SevenfoldKerisꦭꦸꦩ꧀ꦥꦁPèciPitulungTèknologiPageblug Covid-19PanambangyogaJadahYupiterBumiMitoniBèsèkMasjidil KaramJepangOséanografiMuhammad Arsyad al-BanjariTahu SumedangPangkurTembung panggandhèngUndur-undurAndroidRobérto CarlosInggrisBalabakDarius SinathryaGulagGibran RakabumingKebo ilang, tombok kandhangNagara Islam Irak lan SyamStadion SiliwangiKomengIndhustri otomotifKatèsSurat Al Anbiyaa’YodiumAnwar FuadyUlah ragaCalon ArangWikipédia basa JawaAve MaryamBekicotBarabudhurPattimuraBanjirLaos (bumbu)WikramawardhanaWedaBarakudaPangeran AntasariNagita SlavinaHappy AsmaraRante MasPrasasti Tugu🡆 More