Kutha Semarang: Kutha krajan Provinsi Jawa Tengah, Indonésia

Kutha Semarang (Pegon: سٓماراڠ, Jawa: ꦑꦸꦛꦯꦼꦩꦫꦁ) kitha krajan Provinsi Jawa Tengah saha kitha ageng piyambak wonten ing provinsi menika.

Ing Indonésia, Kitha Semarang punika dados kitha nomer gangsal kaliyan Padunung ingkang sampun ngancik 2.067.254 jiwa, namung kalah kalihan Jakarta, Surabaya, Bandung, lan Medan Kitha menika mapan wonten ing antawisipun 466 km sisih wétan Jakarta, utawi 312 km sisih kulonipun Surabaya lan 624 km sisih kidul-kulonipun kitha Banjarmasin (via udara). Semarang wewatesan ing sisih lor karo Seganten Jawa, ing sisih wétan kalihan Kabupatèn Demak, ing sisih kidul kalihan Kabupatèn Semarang lan ing sisih kulon kalihan Kabupatèn Kendhal.

Kutha Semarang
سٓماراڠ
Kutha Semarang: Géografi, Papréntahan, Wiyata
Lambang Kutha Semarang
Pusat Kutha Semarang
Pusat Kutha Semarang
Sesanti: "Semarang Setara" ()
Kutha Semarang: Géografi, Papréntahan, Wiyata
Dina Dadi: 2 Mèi 1547
Walikutha: Hendrar Prihadi, S.H.
Wakil Walikutha:
Jembar
 -Total:

373,67 km²
Kacamatan
 -Cacahe:

16 Kacamatan
Padunung
 -Total:
 -Kapadhetan:

+/-2.067.254 (2012)
+/-5.500/ km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda
Basa: basa Jawa lan basa Indonésia

Géografi

Wilayah dataran cendhèk ing kitha Semarang punika cekap sempit, inggih punika namung kirang langkung 4 kilomèter saking garis pantai. Dhataran cendhèk menika kawentar kanthi sebatan kitha ngandhap. Kawasan kitha ngandhap menika asring kakenani banjir lan wonten sawetawis kawasan, banjir menika sababipun amargi limpasipun toya seganten (rob). Ing sisih kidul wonten dhataran inggil, ingkang kawentar kanthi sebatan kitha dhuwur, antawisipun kacamatan Candhi, Mijèn, Gunung Pati, lan Banyumanik.

Papréntahan

Kutha Semarang ketata saking 16 kacamatan, 177 kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Semarang yaiku:

  1. Kacamatan Banyumanik
  2. Kacamatan Candhisari
  3. Kacamatan Gajahmungkur
  4. Kacamatan Gayamsari
  5. Kacamatan Genuk
  6. Kacamatan Gunungpati
  7. Kacamatan Mijén
  8. Kacamatan Ngaliyan
  9. Kacamatan Pedurungan
  10. Kacamatan Semarang Barat
  11. Kacamatan Semarang Timur
  12. Kacamatan Semarang Utara
  13. Kacamatan Semarang Selatan
  14. Kacamatan Semarang Tengah
  15. Kacamatan Tembalang
  16. Kacamatan Tugu

Wiyata

Ing kutha Semarang ana sawatara pawiyatan luhur misuwur, antarané:

Pariwisata

Kutha Semarang: Géografi, Papréntahan, Wiyata 
Obyek Wisata Lawang Sewu
  • Semarang duwé kagunan budaya warak ngendhog lan dhugdheran sing dianakaké ngadhepi sasi pasa ramadhan.
  • Semarang duwé brand wisata Semarang pesona Asia sing diwiwiti pertengahan 2007
  • Semarang duwé kutha tuwa Little Netherland sing nyakup kawasan Polder, Stasiun Semarang Tawang, Kreteg berok, Gréja Mblendug lan Lawang Sewu. Saka sajarahé, kutha Semarang yaiku kawasan kang dadi punjer dagang ing abad 18. Kawasan mau saiki dadi kawasan kutha tuwa utawa kutha lama. Wektu iku, kanggo ngamanaké warga lan wewengkoné, mula kawasan iku diyasa bètèng, yaiku bètèng Vijhoek. Kanggo nyepetaké jalur perhubungan antara telu gerbang bètèng, diyasa dalan-dalan perhubungan. Dalan mligi yaiku Heeren Straat kang saiki sinebut dalan Let Jen Oeprapto. Salah sawijiné gerbang kang isih ana nganti saiki yaiku Kreteg Barok, kang sinebut De Zuider Por.
  • Komunitas Tionghoa ing Semarang, liwat pakumpulan Kopi Semawis (Komunitas Pecinan Semarang untuk Pariwisata), nganakaké Pasar Semawis, yaiku pasar malam sing adol warna-warna panganan & olèh-olèh kas Semarang, ing laladan pecinan Semarang (laladan Gang Pinggir).
  • Shopping center ing Semarang antarané:
    • Ciputra Mall ing kawasan Simpang Lima
    • Simpang Lima Plaza ing kawasan Simpang Lima
    • Java Mall ing kawasan Jangli, MT Haryono kanthi pasar Hypermart lan Matahari minangka anchor tenant
    • Sri Ratu Dept Store ing Jalan Pemuda lan kawasan Peterongan MT Haryono
    • Ramayana Dept Store ing kawasan Simpang Lima
    • Ada Dept Store Siliwangi, Majapahit, Setiabudi lan Fatmawati
    • DP Mall kanthi pasar Carrefour sing dumunung ing Jalan Pemuda.
    • Ana uga punjer olèh-olèh ing Jalan Pandhanaran, kaya ta bandeng presto, wingko babat, lunpia, lsp.
  • Hotèl bintang sing misuwur ing Semarang yaiku Grand Candhi, Ciputra, Horizon, Graha Santika, Patra Jasa, Novotel, Gumaya, Ibis.

Carita bab Asal-usule Jeneng Semarang

Jeneng Semarang diparingake déning Ki Ageng Pandan Arang minangka bupati sapisan ing kutha iki. Nalika semana, Kanjeng Bupati lelana nemu wit asem uwohe sethithik utawa arang-arang. Kanjeng Bupati banjur ngendika marang para punggawane mangkene: “Para pandherekku kabèh, seksenana,amarga ing papan iki akèh wit asem, nanging uwohe kok arang, mula iki dakjenengke Semarang”. Saka rong tembung 'asem' lan 'arang'.

Kutha kembar

Liya-liya

Rujukan

Deleng uga

Pranala njaba

  Kutha Provinsi Populasi     Kutha Provinsi Populasi
1 Jakarta DKI Jakarta 9.607.787 Kutha Semarang: Géografi, Papréntahan, Wiyata 
Kutha Semarang
7 Dhépok Jawa Kulon 1.738.570
2 Surabaya Jawa Wétan 2.765.487 8 Semarang Jawa Tengah 1.555.984
3 Bandung Jawa Kulon 2.394.873 9 Palembang Sumatra Kidul 1.455.284
4 Bekasi Jawa Kulon 2.334.871 10 Makassar Sulawesi Kidul 1.338.663
5 Medan Sumatra Lor 2.097.610 11 Tangerang Kidul Banten 1.290.322
6 Tangerang Banten 1.798.601 12 Bogor Jawa Kulon 950.334

Tags:

Kutha Semarang GéografiKutha Semarang PapréntahanKutha Semarang WiyataKutha Semarang PariwisataKutha Semarang Carita bab Asal-usule Jeneng SemarangKutha Semarang Kutha kembarKutha Semarang Liya-liyaKutha Semarang RujukanKutha Semarang Deleng ugaKutha Semarang Pranala njabaKutha SemarangJakartaJawaKabupatèn DemakKabupatèn KendhalKabupatèn SemarangKutha BandhungKutha MédanKutha SurabayaKutha krajanPegonProvinsi Jawa TengahSagara Jawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Pasisir GadhingKebo bulé mati sétraSandi morsePrastawa BudayaPada madyaSwami VivekanandaLayangBatmanJason StathamUla marani gebugRépublik Rakyat Cinaꦱꦶꦏꦼꦠ꧀Pangantènan adat JawaHasyim Asy'arieVitamin AMintElizabeth OlsenMikèl Artétaꦥ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦛꦼꦁ2 April23 JuliDhakonMitoniFotosintèsisPedhotanTaufiq KiemasAmbal warsaUmbulCathetan padinanFolklorLechonaLumpiaUwuhMadridNitrogenGoogle PlayYodiumSurjanWektu Standar JepangSadéwaꦤꦺꦏꦼꦂKabupatèn BengkayangRaúl AlbiolLaravelKrakatau SteelIndonésiaPlexus brachialisJorge LorenzoYudhisthiraWikisourceSurat Al 'Alaqꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦧꦺꦴꦕꦃMuhammad Arsyad al-BanjariKutha PurwakertaSurat Al FathTawangmangu, KaranganyarRetardasi mentalEmma WatsonGeguritanKumbakarnaPiknik wudaSesorahBurger KingGuritaNoe LettoDewi SartikaTembung aranSurat Al LahabDrona2015Ulujami, Pesanggrahan, Jakarta KidulKitab HenokhAndika Naliputra WirahardjaAdobe🡆 More