Malaria

Malaria iku sajinis lelara nular sing ngakibataké watara 350-500 yuta wong kainfèksi lan punjul 1 yuta mati saben taun, mligi ing laladan tropis lan ing Afrika.

Malaria
Sel getih abang sing kainfèksi déning P.vivax

Kanggo panemuan ngenani jalaran malaria, siji dhokter militèr Prancis Charles Louis Alphonse Laveran dianugerahi Bebungah Nobel kanggo Fisiologi lan Medis ing taun 1907.

Sebab lan tandha-tandha

Malaria disebabaké déning parasit protozoa. Plasmodium (salah siji Apicomplexa) lan panularan vèktor kanggo parasit malaria manungsa ya iku lemut Anopheles. Rupa saka Plasmodium falciparum saka parasit iki tanggung jawab marang 80% kasus lan 90% pepati.

Tandha-tandha malaria kalebu demam, nggreges, arthralgia (lara sendhi), muntah-muntah, anemia, lan kejang.

Pangobatan

Pangobatan malaria gumantung marang jinis parasit lan résistènsi parasit marang klorokuin.

Kanggo siji serangan malaria falciparum akut kanthi parasit sing résisten marang klorokuin, bisa diwènèhi kuinin utawa kuinidin kanthi intravena. Sajeroning jinis malaria liyané arang kadadéan résistènsi marang klorokuin, amarga saka iku racaké diwènèhi klorokuin lan primakuin.

Prinsip pananganan malaria kanthi umum ya iku yèn tanpa komplikasi diwènèhi peroral artesunat kombinasi karo amodiakuin (artesdiakuin) utawa coartem utawa duo-cotexcin, déné malaria kanthi komplikasi diwènèhi artesunat 2,4 mg/kgbb ing jam ka 0 - 12 - 24 - 72 lan saterusé nganti pasien bisa diterapi kanthi oral utawa digunakaké artemeter 3,2 mg/kgbb diterusaké nganggo 1,6 mg/kgbb.

Réferènsi

  • Ito J, Ghosh A, Moreira LA, Wimmer EA, Jacobs-Lorena M. Transgenic anopheline mosquitoes impaired in transmission of a malaria parasite. Nature 2002;417:387-8. PMID 12024215

Pranala njaba

Vaksin lan riset liyané

DDT

Animasi, gambar, lan foto


Tags:

Malaria Sebab lan tandha-tandhaMalaria PangobatanMalaria RéferènsiMalaria Pranala njabaMalariaAfrikaTropis

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

1998GethukWit èkWikibooksPandhawaSepongSurtanahKabupatèn BatangAlisC++SarungMawar Eva de JonghBulusBank MandiriLuna MayaEgy Maulana VikriOstraliWektu Universal KakoordhinasiCamp NouYouTubeEnceng gondhokBoronSurat LuqmanLos AngelesVeve ZulfikarSelat SalaꦏꦺꦴꦭKabupatèn LebakSandhanganAbimanyuPangéranLombokTaylor SwiftSurat Al MuddatstsirPaguyuban Nagara-Nagara Asia Kidul WétanKenongUyon-uyonTaman Nasional Gunung LeuserSosiologiFlorentino PérezDian SastrowardoyoLibèriaÉjaan Basa JawaYusril Ihza MahendraNemanja VidićAnsel AdamsDhandhanggulaRichard Stallmanꦧꦶꦂꦥ꧀ꦊꦠꦺꦴꦏ꧀Iis DahliaLee Min JungGamelanTahu campurMike LewisLionel MessiRakunBasa JawaMohammad HattaBaronganYuen BiaoTahu petisPakunjaranDrijiVatikanKaséhatanGunung CeremaiHabis Gelap Terbitlah TerangShalahuddin al AyyubiGaruda Wisnu KencanaSurat As SajdahHypertext markup languageBawor🡆 More