Katolik

Tembung Katolik sabeneré maknaé universal utawa sakabèhé utawa umum (saka ajektiva Basa Yunani καθολικος (katholikos)) sing nggambaraké sifat gréja sing diadegaké déning Yésus Kristus.

Sawisé Réformasi Protèstan istilah Katolik utawa 'Katolikisme tumuli sacara spésifik nunjuk marang gréja Katolik Roma kanggo mbédakaké klawan Kristen Protèstan sing diwiwiti déning aksi protès Martin Luther. Ing Indonésia, pamaréntah ngakoni agama Kristen Protèstan (Kristen) lan Kristen Katolik (Katolik) minangka agama sing kapisah senadyan kaloroné sabeneré arupa agama sing padha-padha pepusat marang Yésus Kristus, mila tembung Katolik asring dianggep ing sanjabaning/béda karo Kristen. Gereja Katolik Roma sing mimpin gréja Katolik ing saindhenging donya iku sawijining gréja Kristen sing awalé saka Yérusalèm lan sing ana ing panunggalan penuh karo kauskupan Romawi (panerus rasul Petrus, Paus sepisanan).

Bagian sekang seri artikel tentang
Kekristenan

Agama Kristen
Yesus Kristus
Kelahiran · Kematian · Kebangkitan ·
Natal · Jumat Agung · Paskah
Dasar
Gereja · Injil · Kerajaan ·
Rasul: Paulus · Petrus
Alkitab
Perjanjian Baru · Perjanjian Lama · Kanon · Deuterokanonika
Teologi
Allah Bapa · Allah Putra · Allah Roh Kudus
Trinitas · Keselamatan · Baptisan · Maria ·
Ajaran
Sepuluh Perintah Allah · Hukum Kasih · Amanat Agung ·
Kotbah di Bukit: Ucapan Berbahagia · Doa Bapa Kami
Sejarah Kekristenan
Gereja mula-mula · Konsili ·
Pengakuan iman · Misi · Skisma Timur-Barat ·
Perang Salib · Reformasi · Kontra Reformasi
Denominasi Kristen
Cithakan:Christian denominations
Topik terkait
Khotbah · Doa · Ekumenisme · Gerakan ·
Seni · Musik · Liturgi · Kalender · Simbol · Kritik
Katolik Portal Kristen

Dedonga

    TANDA SALIB

Konjuk ing asma dalem Hyang Rama
Saha Hyang Putra
Tuwin Hyang Roh Suci
Amin

    KANJENG RAMA

Kanjeng Rama ing suwarga
Mugi asma Dalem kaluhurna
Kraton Dalem kawiyarna
Ing donya inggih kalampahana
Karsa Dalem kados ing suwarga.
Abdi Dalem sami nyadong paring Dalem rejeki kangge sapunika
Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem
Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dateng sesami
Abdi Dalem nyuwun lepat saking panggoda
Saha tinebihna saking piawon.
Amin.

    SEMBAH BEKTI

Sembah bekti kawula Dewi Mariah
Kekasihing Allah
Pangerang nunggil ing Panjenengan Dalem
Sami-sami wanita, Sang Dewi pinuji piyambak
Saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yesus
Dewi Mariah, ibuning Allah
Kawula tiyang dosa
Sami nyuwun pangestu Dalem
Sak mangke tuwin benjing dumugining pejah.
Amin.

    KAWULA PITADOS

Kawula pitados ing Allah,
Rama Sang Mahakuwasa,
ingkang nitahaken bumi langit.
Saha ing Gusti Yesus Kristus,
Putra Dalem ontang-anting,
Pangeran kawula.
Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria,
kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci.
Ingkang nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus,
saha kapenthang,
seda sarta kasarekaken.
Tedhak dhateng papan pangentosan,
tigang dintenipun wungu saking seda.
Mekrad dhateng swarga,
pinarak ing satengen Dalem Allah,
Rama Sang Mahakuwasa.
Saking ngriku badhe rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah.
Kawula pitados ing Hyang Roh Suci.
Pasamuwan Katolik ingkang suci,
lan panunggiling para Suci.
Pangapuntening dosa.
Tangining badan.
Saha gesang langgeng.
Amin.

    MUGI LINUHURNA

Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.
Kados ing mulabuka, sapunika, sarta ing salami-laminipun.

    PINUJIA

Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Dewi Maria lan Santo Yusup,
Sak Menika sarta langgeng. Amin

Pirsanana uga


Pranala njaba


Tags:

Gereja Katolik RomaProtestan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

Purwodadi, GroboganWadonMaladewaOnan Runggu, SamosirSTL Ulu Terawas, Musi RawasDaftar pulau nang IndonesiaCiledug, TangerangPangeran Mangkubumi IIKota JambiBontonompo Selatan, GowaBumiKabupaten Bandung BaratAmerika Lor1856Tehoru, Maluku TengahBasa JepangBandar Negeri Semuong, TanggamusAfrikaRamayanaCharles DarwinBaturadenDaptar propinsi IndonesiaPercut Sei Tuan, Deli SerdangKabupaten Boyolali1863Kabupaten BandungDialek TegalanCibogo, SubangPelemAdam MalikPerang Donya II2019Indra KusumaSimanindo, SamosirJawa BaratMatuari, BitungParty Mix Vol.1 (Album Sahrul Projectt)Daftar pelawak Indonesia23 AprilKabupaten PemalangPortugal1853Rangga WuniGunung Putri, BogorSoedirmanDaftar kabupaten lan kota nang Jawa TengahLondon1991SemarBabad Brebes1933Seni rupaBelarusCipondoh, TangerangKota Semarang252JanuariBrasil1832Banjar (Bali)Kabupaten Banjarnegara1859BMS TVCiputat, TangerangStasiun KroyaKen DedesKabupaten KudusBogor Selatan, Bogor🡆 More